5:3“Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduweni Kraton ing Swarga.
5:4Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.
5:5Rahayu wong kang alus ing budi, awit iku bakal padha tampa warisan bumi.
5:6Rahayu wong kang kaluwen lan ngelak marang kasampurnan, awit iku kang bakal padha kawaregan.
5:7Rahayu wong kang ambek welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas.