Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 10 >> 

1Wulang Bebasan anggitané Suléman. Anak kang wicaksana kuwi ndadèkaké bungahé bapakné, anak kang gemblung gawé prihatiné ibuné.

2Kasugihan asiling duraka ora maédahi, nanging katemenan ngentas saka pati.

3Gusti Allah ora négakaké wong mursid mati kaliren, nanging sing dipéngini wong ala ora diparingaké.

4Sing sapa nyambut-gawé ora cékat-cèket dadi mlarat, nanging tangané wong sregep ndadèkaké sugih.

5Sing sapa tetandho ing mangsa panas kuwi wong pinter; nanging sing sapa pijer turu waé ing mangsa panèn bakal kwirangan.

6Wong becik bakal diberkahi, tembungé wong duraka kuwi isi panganiaya.

7Wong becik tansah diéling-éling enggoné dadi lantarané berkah; nanging jenengé wong duraka bakal ora disebut-sebut.

8Wong wicaksana yèn dipituturi nurut; nanging tembungé wong gemblung njalari rubuhé.

9Wong sing jujur uripé ayem, nanging wong sing nylèwèng bakal konangan.

10Wong sing ora blaka kuwi gawé susah, nanging wong sing ngandhakaké sing sabeneré kuwi nekakaké katentreman.

11Tembungé wong jujur kuwi presasat pancuraning urip, nanging tembungé wong ala isi panganiaya.

12Sengit marakaké grejegan, katentreman nasabi sarupané kaluputan.

13Tembungé wong wicaksana kuwi maédahi, nanging wong gemblung kudu digebugi.

14Wong wicaksana kuwi duwé simpenan kawruh, nanging tembungé wong gemblung nekakaké karusakan.

15Wong sugih diayomi déning bandhané; wong mlarat bobrok merga saka kemlaratané.

16Opahé wong sing nindakaké kabecikan kuwi urip; nanging olèh-olèhané dosa kuwi mung nambahi dosa.

17Wong sing nanggapi piwelèh kuwi bakal urip, nanging wong sing ora gelem ngakoni kaluputané kaancam déning bebaya.

18Wong sing ngendhem sengit kuwi wong cidra; wong sing ngucapaké pangala-ala kuwi wong gemblung.

19Saya akèh tembung sing kokwetokaké, saya gedhé bebayané enggonmu gawé kaluputan. Yèn kowé wicaksana, pekaken lambému.

20Tembungé wong mursid kuwi presasat slaka murni, nanging gagasané wong gemblung ora ana ajiné.

21Tembungé wong mursid kuwi nekakaké berkah kanggo wong akèh, nanging tembungé wong gemblung matèni awaké dhéwé.

22Berkahé Allah kuwi sing marakaké kowé sugih, kangèlanmu ora nambahi apa-apa.

23Sing dadi kabungahané wong gemblung kuwi yèn bisa nglakoni penggawé nistha, kaya déné wong wicaksana bungah menawa bisa nglakoni penggawé sing luhur.

24Wong duraka ketaman apa sing disumelangaké, wong mursid kaparingan apa sing diarep-arep.

25Menawa ketekan lésus wong duraka sirna, nanging wong jujur tansah dislametaké.

26Aja kongkon wong kesèd nglakoni pegawéanmu, sebab wong mau mung bakal gawé jèngkèlé atimu. Kaya cokak tumraping untumu utawa kukus tumraping mripatmu.

27Pangabekti marang Allah iku ngakèhaké umur, nanging umuré wong duraka dicendhakaké.

28Pengarep-arepé wong mursid nekakaké kabungahan, nanging pengarep-arepé wong duraka ora ngetokaké apa-apa.

29Wong jujur kuwi diayomi déning Allah, nanging wong sing penggawéné ala ditumpes déning Allah.

30Wong mursid kuwi uripé tentrem, nanging wong duraka ora lestari uripé ana ing bumi.

31Wong mursid tembungé wicaksana, nanging ilat sing ngucapaké piala bakal dibungkem.

32Wong mursid ngerti apa sing kudu diucapaké, nanging wong gemblung tansah ngucapaké tembung sing nglarakaké ati.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel