Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 20 >> 

1Kakèhen ngombé anggur marakaké swara dadi sora, lan minuman keras njalari wong dadi lali. Ora wicaksana wong sing ngombé anggur nganti mendem.

2Dukané raja kuwi presasat panggeroné singa, sing sapa gawé dukané Sang Prabu kuwi nyilakani awaké dhéwé.

3Wong sing ngedohi tukar-padu kuwi kajèn, nanging wong sing tanpa budi seneng ngumbar nepsuné.

4Wong tani sing kesèd, ora gelem mluku lemahé, tekan mangsané panèn ora ngundhuh apa-apa.

5Gagasané atiné manungsa kuwi kaya sumur jero, nanging wong sing pinter bisa nimba saka kono.

6Saben wong ngaku yèn dhèwèké wong becik lan kena diprecaya, nanging delengen endi sing mengkono temenan?

7Begja bocah sing duwé bapak jujur, lan sing nindakaké prekara sing bener.

8Sang Prabu kang pinarak ing kursi pengadilan, pirsa sembarang sing ala kalawan paningalé.

9Sapa sing bisa muni, "Atiku resik temenan, aku ora duwé dosa?"

10Gusti Allah sengit karo wong sing migunakaké timbangan lan ukuran palsu.

11Senajan bocah pisan kena dititik saka kelakuané, apa temen apa ora.

12Sing nitahaké kuping kanggo ngrungu lan mripat kanggo ndeleng kuwi Gusti Allah piyambak.

13Aja karem turu, supaya kowé aja tumiba ing kemlaratan. Nyambuta-gawé sing sregep, supaya lubèr panganmu.

14Wong tuku selawasé muni, "Barangé ora apik!" Nanging bareng mungkur ngalem yèn barangé satemené apik.

15Emas lan watu aji pancèn akèh, nanging kalah regané karo lambé sing wicaksana.

16Wong sing nanggung utangé wong liya kuwi tanpa budi. Becik menawa barang-darbèké wong mau dirampas kanggo jaminan.

17Barang colongan kuwi énak rasané, nanging ora suwé cangkemé kaya-kaya kebak krikil.

18Rancangan bisa kelakon becik menawa wis ditimbang-timbang kalawan mateng, mulané yèn maju perang kudu nganggo siasat.

19Sing sapa nyatur ala kuwi mbukak wadi, mulané aja srawung karo wong sing dhemen wewadul.

20Sing sapa ngipat-ipati wong tuwané, uripé bakal sirep kaya lampu senthir sing mati ing petengan.

21Barang-darbé sing olèhé kalawan gampang, wekasané ora dadi berkah.

22Pemales aja koktindakaké dhéwé, nanging pasrahna marang Allah, lan Panjenengané sing bakal nindakaké.

23Gusti Allah sengit karo wong sing migunakaké timbangan lan ukuran palsu.

24Jangkahé manungsa kuwi Gusti Allah sing nemtokaké. Sarèhné mengkono kepriyé bisané manungsa weruh dalané?

25Menawa arep janji apa-apa karo Gusti Allah kuwi pikiren dhisik, supaya ing tembé ora getun.

26Raja sing wicaksana pirsa wong sing ala lan ditindhes bola-bali.

27Gusti Allah kang nitahaké budi lan osiking ati, manungsa ora bisa ndhelik ngoncati awaké dhéwé.

28Raja bakal tetep pangwasané samasa pepréntahané jujur, bener lan adil.

29Sing diendelaké wong nom kuwi kekuwatané, lan kaéndahané wong tuwa kuwi uwané.

30Manungsa sok kudu kebentus dhisik, sadurungé gelem ngowahi lakuné sing ala.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel