Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 4 >> 

1Hé anak-anakku, rungokna piwulangé bapakmu. Gatèkna, supaya kowé olèh pangertèn.

2Piwulangku iki becik, mulané éling-élingen.

3Nalika isih bocah, dadi saomah karo bapakku, lan dadi anak ontang-antingé ibuku,

4aku diwulang déning bapakku mengkéné, "Tembungku iki gatèkna, lan aja koklirwakaké. Pituturku lakonana, mula kowé bakal urip.

5Mersudia olèh kawicaksanan lan pangertèn; aja ninggal pituturku.

6Aja nyingkur marang kawicaksanan, kowé bakal direksa. Kawicaksanan kuwi tresnanana, kowé bakal digematèni.

7Mersudia golèk kawicaksanan, kuwi prekara nomer siji sing kudu koklakoni. Kowé kena ngupaya apa waé, nanging nomer siji ngupayaa pangertèn.

8Kawicaksanan kuwi tresnanana, kowé bakal diluhuraké. Gondhèlana, supaya kowé olèh kaurmatan.

9Sirahmu bakal kapasangan bokèt éndah, dadia makutha tandhaning kamulyan."

10Hé anakku, rungokna, pituturku iki gatèkna temenan, mula umurmu bakal didawakaké.

11Kowé dakwulang bab dalané kawicaksanan lan ngambah dalaning kabeneran.

12Menawa lakumu bener, ora ana prekara sing bisa ngalang-alangi kowé, lan senajan kowé mlayu, ora bakal kesandhung.

13Tansah élinga bab apa sing wis kokrungu. Piwulang sing wis koktampa iki reksanen, sebab kuwi panguripanmu.

14Aja ngambah dalané wong duraka. Aja niru lakuné wong ala.

15Kuwi singkirana. Ngedohana penggawé ala! Kuwi ungkurna lan terusna lakumu.

16Wong duraka ora bisa turu menawa durung gawé piala. Olèhé turon klisikan, yèn durung gawé cilakané wong.

17Penggawé ala lan pangrodha-peksa kuwi presasat pangan lan ombèn-ombèn kanggoné wong mau.

18Dalan sing diambah wong mursid kuwi presasat pepadhang kang sumunar ing wayah ésuk, sing mundhak-mundhak padhangé nganti wayah tengangé.

19Nanging dalané wong duraka peteng kaya wengi. Padha kesandhung, nanging ora weruh apa sing marakaké tiba.

20Hé anakku, gatèkna tembungku. Rungokna kandhaku.

21Aja koksingkur. Éling-élingen lan catheten ana ing atimu.

22Sebab kuwi sing nguripi kowé lan marasaké saben wong sing ngerti lan nggatèkaké.

23Sing ngati-ati bab apa sing kokpikir. Sebab uripmu kuwi ditata déning pikiranmu.

24Aja ngucapaké tembung sing ora nyata. Aja seneng goroh lan ngucapaké tembung sing nasaraké.

25Mripatmu ngawasna mengarep kanthi ati resik. Aja ndhingkluk merga isin.

26Apa sing arep koktindakaké, gagasen lan pikiren dhisik sing mateng, dadiné bakal becik.

27Nyingkirana piala; lakumu sing lempeng, aja ménggok ngiwa utawa nengen, senajan mung sejangkah waé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel