Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 20 >> 

1Nalika sasi kapisan wong Israèl kabèh wis tekan segara wedhi Zin lan padha masang kémah ana ing Kadès. Miryam tilar-donya ing kono, nuli kakubur.

2Ing palèrèhan kono ora ana banyu, mulané wong-wong padha nekani Musa lan Harun

3karo grundelan tembungé, "Luwih becik saupama kita iki padha mati ing ngarepé Kémah Suci, bareng karo sedulur-sedulur kita biyèn kaé.

4Yagéné aku kokgawa menyang pesamunan kéné? Apa aku kokkon mati karo raja-kayaku ana ing kéné?

5Preluné apa aku kokgawa metu saka tanah Mesir, menyang panggonan sing gawé sengsara mengkéné, sing ora ana tandurané apa-apa? Ora ana gandum, ora ana wit anjir, ora ana anggur, ora ana wit dlima. Malah banyu waé ora ana!"

6Musa lan Harun padha menyang Kémah Suci lan ngadeg sacedhaké lawangé. Ana ing kono banjur padha sujud sumungkem. Cahya kamulyané Pangéran nuli nyunari wong loro mau.

7Pangandikané Allah marang Musa,

8"Njupuka tekenmu. Kowé lan Harun kakangmu akona umat Israèl kabèh supaya padha nglumpuk. Ana ing ngarepé wong kabèh mau kowé ngucapa marang gunung watu, supaya metokaké banyu. Srana mengkono kowé ngétokna banyu saka gunung watu kuwi kanggo ngombé umat lan raja-kayané."

9Musa nuli njupuk tekené saka Kémah Suci, kaya sing didhawuhaké déning Allah.

10Bareng Musa lan Harun wis nglumpukaké umat kabèh ing ngarepé gunung watu mau, banjur Musa kandha karo wong akèh mau, "Rungokna, hèh wong jahat, apa aku kudu ngetokaké banyu saka gunung watu iki?"

11Musa banjur ngangkat tangané lan njojoh gunung watu mau nganggo tekené kaping pindho. Sanalika banyuné metu, wusana umat kabèh lan raja-kayané bisa padha ngombé.

12Nanging Gusti Allah ngandika marang Musa lan Harun, "Sarèhné kowé ora padha precaya marang Aku lan ora ngurmati marang kaluhuran-Ku ana ing ngarepé umat Israèl, mulané kowé ora bakal ngirid bangsa iki mlebu ing tanah sing wis Dakparingaké marang umat-Ku."

13Iya ana ing tuk Mériba kéné wong Israèl padha nglawan Allah, sarta Allah ngetingalaké kamulyané marang bangsa mau.

14Sawisé lelakon mau, saka Kadès kono Musa kongkonan wong nemoni raja Édom, dikon matur, "Panjenengan pirsa sepinten kasisahan ingkang kasanggi déning sedhèrèk panjenengan, umat Israèl.

15Leluhuripun sami késah dhateng tanah Mesir, lan kula sami ngantos dangu wonten ing ngrika. Kula lan para leluhur kula sami dipun aniaya déning tiyang Mesir.

16Wusana kula sami sesambat dhateng Pangéran. Panjenenganipun miyarsakaken pesambat kula, lajeng ngutus Malaékatipun ngirid kula medal saking tanah Mesir. Samenika kula sami dumugi ing Kadès, kitha alit ing tapel watesé daérah panjenengan.

17Menawi kepareng kula nyuwun idin ndhèrèk langkung ing negari panjenengan. Kula mboten badhé sami ngidak-idak pategilan lan kebon anggur panjenengan. Inggih mboten badhé ngombé toya saking sumur panjenengan. Kula badhé medal mergi ageng kémawon, tanpa nyimpang ngiwa utawi nengen, ngantos medal saking tapel wates daérah panjenengan."

18Nanging wong Édom mangsuli, "Ora kena kowé liwat negaraku kéné. Yèn kowé meksa, bakal dakpethukaké nganggo pedhang."

19Wangsulané wong Israèl, "Kula namung badhé mlampah medal mergi ageng kémawon, lan menawi kula utawi raja-kaya kula ngombé ing sumur panjenengan, kula sagah mbayar menapa mesthinipun, angger kula dipun parengaken langkung. Namung menika panyuwun kula."

20Nanging diwangsuli, "Ora kena!" Malah wong Édom banjur metu nggawa wong akèh lan ngajokaké tentarané pisan.

21Bareng wong Édom ora ngolèhaké wong Israèl liwat ing daérahé kono, wong Israèl banjur nyimpang dalan.

22Bangsa Israèl nerusaké lakuné nganti tekan Gunung Hor.

23Ana ing sacedhaké tapel watesé Édom kono Gusti Allah ngandika marang Musa lan Harun,

24"Harun arep Dakpundhut, Dakklumpukaké karo para leluhuré, mulané bakal ora mlebu ing negara sing wis Dakjanjèkaké marang bangsa Israèl. Sebab kowé wong loro wis keluputan, nerak dhawuh-Ku ing sacedhaké tuk Mériba.

25Harun lan Èléazar, anaké, ajaken munggah Gunung Hor.

26Sandhangan kaimamané Harun uculana, enggokna Èléazar. Harun banjur bakal Dakpundhut ana ing kono."

27Musa nuli nglakoni apa sing didhawuhaké déning Allah. Wong telu mau padha munggah ing Gunung Hor, diawasaké déning wong Israèl kabèh.

28Musa nguculi penganggoné Harun, dienggokaké Èléazar, anaké, Harun tinggal-donya ing pucaké Gunung Hor kono. Musa lan Èléazar nuli mudhun saka gunung mau.

29Bareng weruh yèn Harun tinggal-donya, wong Israèl kabèh padha nangisi; lawasé petangisan nganti telung puluh dina.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran