Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Efesus 1 >> 

1Layang saka aku, Paulus, sing ditimbali déning Gusti Allah dadi rasulé Sang Kristus Yésus !!— tumekaa marang umaté Allah, wong-wong Kristen sing setya, sing ana ing kutha Éfesus.

2Gusti Allah Rama kita lan Gusti Yésus Kristus maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé.

3Pinujia Gusti Allah sing jumeneng dadi Ramané Gusti kita Yésus Kristus! Awit ana ing patunggilané Sang Kristus Panjenengané wis mberkahi kita srana sakèhing ganjaran kasukman saka ing swarga.

4Sadurungé jagad katitahaké, lumantar Sang Kristus, Gusti Allah wis milih kita dadi umat kagungané, supaya kita padha dadi suci lan tanpa cacad ana ing ngarsané. Merga saka tresnané,

5Gusti Allah wis ngangkat kita dadi para putrané, lantaran Gusti Yésus Kristus. Kuwi wis dadi kersané lan gawé renaning penggalihé.

6Pinujia Asmané Allah, merga sih-rahmaté sing semono luhuré, lan merga kanugrahan sing kaparingaké marang kita lantaran Kang Putra kinasih.

7Srana sédané Sang Kristus kita wis dimerdikakaké; kuwi tegesé dosa kita wis kaapura.

8Iba gedhéné sih-rahmaté Allah, sing kaparingaké marang kita kanthi lubèr, lan tumindaké manut pangertèn lan kawicaksanané.

9Panjenengané mbukak kekeraning rancangané marang kita, kaya sing wis ditemtokaké déning Panjenengané piyambak, yèn kebabaré mau lantaran Sang Kristus.

10Satekaning wektuné rancangan mau kelakon, sakèhing tumitah sing ana ing swarga lan ing bumi didadèkaké siji, lan Sang Kristus jumeneng dadi sesirahé.

11Samubarang katitahaké manut rancangan lan putusané Gusti Allah. Panjenengané milih kita dadi umat kagungané ana ing patunggilané Sang Kristus, manut ing sakersané. Kuwi wis katetepaké wiwit-wiwitan mula.

12Mulané kita sing precaya dhisik dhéwé marang Sang Kristus padha ngluhurna kamulyané Gusti Allah!

13Mengkono uga kowé. Nalika kowé padha krungu pawarta sing sanyatané, yakuwi bab Injiling keslametan, kowé padha precaya marang Sang Kristus. Gusti Allah banjur maringaké cap ana ing kowé sing mretandhani yèn kowé kuwi dadi kagungané, yakuwi srana maringaké Sang Roh Suci marang kowé, cocog karo janjiné.

14Sang Roh Suci kuwi diparingaké minangka jaminan yèn kita bakal nampani apa sing diprasetyakaké déning Gusti Allah marang umaté, sarta iya dadi tanggelan, yèn Gusti Allah bakal maringi kamerdikan sing sampurna marang para umat kagungané; mula pinujia Gusti Allah krana saka kamulyané.

15Mulané, wiwit aku krungu bab precayamu marang Gusti Yésus lan bab katresnanmu karo umaté Gusti Allah kabèh,

16ora kendhat enggonku saos sukur marang Gusti Allah. Saben ndedonga, aku tansah ngèlingi kowé.

17Lan nyuwun marang Allahé Gusti kita Yésus Kristus, Sang Rama kang mahamulya, kersaa maringaké Sang Roh Suci marang kowé. Sang Roh Suci mau maringana kawicaksanan lan medharna kersané Gusti Allah marang kowé, supaya kowé wanuh karo Panjenengané.

18Sing daksuwun supaya Sang Roh Suci mbukak pikiranmu, lan kowé padha kapadhangan, satemah weruh apa sing kacadhangaké déning Gusti Allah, sing wis kepareng nimbali kowé. Mengkono uga supaya kowé padha weruh sepira gedhéné berkah-berkah sing diprasetyakaké déning Gusti Allah marang kowé,

19sarta sepira gedhéné pangwasané sing makarya ana ing kita, sing padha precaya. Pangwasa mau gedhé banget,

20iya sing diagem mungokaké Sang Kristus saka ing séda, lan nglenggahaké Panjenengané ana ing dhamparing kaswargan.

21Ana ing kono Sang Kristus ngerèh sakèhé pamaréntah sing ana ing langit, para penggedhé, para pangwasa lan para luhur. Pangwasané ngungkuli sakèhé pangwasa, dadia ing jaman saiki, dadia ing jaman sing bakal kelakon.

22Samubarang ana ing sangisoring samparané Sang Kristus lan Panjenengané kajumenengaké dadi Sesirahé samubarang sing ana ing pasamuwan.

23Pasamuwan kuwi sarirané Sang Kristus. Srana pasamuwan mau Panjenengané dadi sampurna; awit Panjenengané piyambak sing nyampurnakaké samubarang kabèh sing ana ing jagad iki.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Efesus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel