Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 31 >> 

1Yakub tau krungu anak-anaké lanang Laban padha rasanan mengkéné, "Yakub kuwi nguriki barang darbèké bapak; olèhé sugih kuwi rak merga ngakali bapak."

2Yakub uga krasa yèn ulaté Laban wis ora sumèh kaya sabené.

3Gusti Allah nuli ngandika marang Yakub, "Muliha menyang negarané bapakmu lan sanak-sedulurmu. Aku bakal nganthi kowé."

4Sawisé mengkono Yakub banjur ngajak Rahèl lan Léa rembugan ana ing pangonané wedhus-wedhus.

5Kandhané Yakub, "Daksawang kaya-kaya bapakmu saiki wis ora seneng karo aku. Nanging Gusti Allah sing disembah bapakku nganthi aku.

6Kowé padha ngerti dhéwé, yèn enggonku nyambut-gawé kanggo bapakmu iki ora baèn-baèn, aku ngetog tenagaku temenan.

7Éwasemono bapakmu ngapusi aku lan opahku digonta-ganti rambah ping sepuluh. Tujuné Gusti Allah ora marengaké yèn aku nganti rugi.

8Nalika Laban kandha karo aku, ‘Wedhus sing ana blentongé kuwi sing dadi opahmu,’ banjur wedhus kabèh angger manak, anaké ana blentongé. Nalika Laban muni, ‘Wedhus sing lorèng kuwi dadi opahmu,’ nuli sakèhing wedhus sing manak, anaké lorèng.

9Mengkono Gusti Allah enggoné mundhut raja-kayané bapakmu lan diparingaké aku.

10Nalika mangsané wedhus padha kawinan, aku sajroning impèn weruh kabèh wedhus lanang sing kawinan kuwi rupané lorèng-lorèng, utawa ana blentongé lan ana tutulé.

11Ing sajroning impèn mau Malaékaté Allah ngandika marang aku, ‘Yakub’, Aku mangsuli, ‘Kula, Gusti’.

12Malaékat mau banjur nerusaké ngandika, ‘Delengen, kabèh wedhus lanang sing kawinan rupané lorèng utawa ana blentongé. Kuwi Dakgawé mengkono, merga Aku weruh sapenggawéné Laban marang kowé.

13Aku iki Allah sing biyèn ngetingal marang kowé ana ing Bètèl; ing kana kowé biyèn ngedegaké watu kanggo pengéling-éling, sing kokesoki lenga zaitun. Ana ing kana kowé wis kelair janjimu karo Aku. Saiki kowé mangkata, balia menyang negara kelairanmu!’"

14Léa lan Rahèl banjur padha mangsuli, "Aku rak wis padha ora arep nampa warisan apa-apa saka bapak.

15Aku wis padha dianggep wong liya. Aku rak wis padha diedol, lan pepayoné rak wis ditampani, malah wis dientèkaké.

16Kabèh bandha sing dipundhut Gusti Allah saka bapak, kuwi dadi duwèkku lan duwèké anak-anakku. Wis, tindakna apa sadhawuhé Gusti Allah!"

17Yakub banjur tata-tata. Anak lan bojoné padha ditunggangaké untané.

18Kabèh raja-kayané lan sebarang-darbèké enggoné olèh ana ing tanah Mésopotamia digawa lunga menyang tanah Kenaan, panggonané Iskak, bapakné.

19Nalika semono Laban lagi lunga nyukur wedhus-wedhusé. Rahèl banjur nyolong reca, sing kanggo ngreksa omah, duwèké bapakné.

20Déné Yakub nglimpèkaké Laban, mula mangkaté tanpa pamit.

21Lungané Yakub kesusu-susu, nggawa sebarang darbèké kabèh. Bareng wis nyabrang Bengawan Éfrat lakuné banjur ngener ing pegunungan Giléad.

22Let telung dina lagi ana sing ngandhani Laban yèn Yakub lunga.

23Laban banjur nglumpukaké sanak-seduluré diajak nututi Yakub. Sawisé pitung dina Yakub ketututan ing pegunungan Giléad.

24Nanging ing wayah bengi Gusti Allah ngetingal marang Laban lan ngandika mengkéné, "Kowé aja wani-wani ngganggu gawé Yakub."

25Nalika semono Yakub wis pasang kémah ana ing salah sawijining punthuk. Laban lan wong-wongé pasang kémah ana ing punthuk liyané, ing panggonan kono uga.

26Laban kandha karo Yakub mengkéné, "Yagéné kowé kokngakali aku, anak-anakku wadon kokgawa mlayu kaya wong bandhangan.

27Yagéné aku kokakali lan lungamu ngglenes tanpa pamit? Saupama kowé pamit, rak ya mesthi dakidini lan dakuntapaké klawan bungah, dakiringi nganggo terbang lan clempung?

28Apa aku ora olèh ngrangkul anak-putuku sadurungé pepisahan? Kowé kuwi ora lumrah wong!

29Yèn aku gelem, aku bisa gawé ngrekasamu, dalah sabrayatmu pisan. Nanging dhèk bengi Allahé bapakmu ngélingaké aku, supaya aja pisan-pisan aku ngganggu gawé kowé.

30Aku ngerti yèn lungamu merga kangen karo negaramu; nanging apa sebabé kowé koknyolong recaku, sing dakenggo ngreksa omahku?"

31Wangsulané Yakub, "Enggèn kula késah dhedhemitan menika mergi kula ajrih, mbokbilih panjenengan njabel anak-anak panjenengan.

32Bab reca panjenengan, menawi ing ngriki wonten tiyang ingkang mendhet, tiyang menika prayogi kaukum pejah. Mangga kula aturi mriksa barang-barang kula sedaya. Menawi wonten, mangga kula aturi mundhut. Lan tiyang-tiyang sami neksènana." Yakub ora ngerti yèn sing njupuk reca mau Rahèl.

33Laban banjur mlebu lan ngglédhah kémahé Yakub. Banjur mlebu ing kémahé Léa lan kémahé baturé loro, nanging recané ora ketemu. Sawisé kuwi Laban banjur mlebu ing kémahé Rahèl.

34Nanging Rahèl ngumpetaké reca mau ana ing kanthonging lapaké untané; lapak mau banjur dilungguhi. Laban ngglédhahi kémahé Rahèl kabèh, nanging ora nemokaké recané.

35Rahèl banjur matur marang bapakné, "Nyuwun duka, déné kula linggih kémawon, mergi kula nembé wulanan." Senajan enggoné ngglédhahi nganti njlimet, Laban tetep ora bisa nemokaké recané.

36Saiki gentèn Yakub sing nepsu karo Laban, aturé, "Lepat kula menapa? Kula nerak prenatan menapa déné panjenengan kokngantos ngoyak-oyak kula?

37Prabotipun griya kula sedaya panjenengan glédhahi, menapa wonten barang kagungan panjenengan ingkang katut kula bekta? Kula aturi nyèlèhaken wonten ing ngriki, supados tiyang-tiyang kula lan tiyang-tiyang panjenengan sami neksèni sinten ingkang leres, kula menapa panjenengan.

38Rak sampun kalihdasa taun laminipun enggèn kula ngèngèr panjenengan, menapa wonten ménda panjenengan ingkang kluron? Lan malih menapa naté kula nedha ménda jaler panjenengan, setunggal kémawon?

39Saben wonten ménda pejah kamangsa kéwan galak mesthi kula lintoni piyambak. Mboten naté kula lapur dhateng panjenengan lan mbekta ménda ingkang pejah wau kanggé mbuktèkaken bilih kula mboten lepat. Panjenengan nempahaken dhateng kula ménda ingkang dipun pendhet tiyang siang utawi dalu.

40Kados mekaten kawontenan kula selaminipun ngèngèr panjenengan, siang asring kebentèren, dalu kasrepen. Malah asring mboten ngliyep sedalu muput.

41Kados mekaten kawontenan kula sedangunipun kula ngèngèr panjenengan kalihdasa taun laminipun. Ingkang kawanwelas taun kanggé lintu anak panjenengan kalih, lan nem taun supados pikantuk ménda-ménda menika. Mangka salebetipun kula ngèngèr, panjenengan sampun ngéwahi épah kula ngantos kaping sedasa.

42Saupami kula mboten dipun ayomi déning Allahipun leluhur kula Abraham lan Iskak, temtu kula sampun panjenengan késahaken nglenthung. Nanging Gusti Allah sampun mirsani kasisahan kula lan pedamelan ingkang kula lampahi, lan kala wau dalu sampun maringi katemtuanipun."

43Laban banjur mangsuli, "Wong wadon loro iki apa dudu anakku; anak-anaké apa dudu duwèkku, lan wedhus-wedhus kuwi kabèh apa iya dudu duwèkku? Sejatiné kabèh sing ana ing kéné iki duwèkku. Nanging sarèhné aku ora bisa nggondhèli anak-anakku,

44mula beciké aku lan kowé padha gawé prejanjian waé. Ayo padha numpuk watu minangka tugu pengéling-éling sing neksèni anané prejanjian kita."

45Yakub banjur njupuk watu diedegaké dadi pengéling-éling.

46Banjur akon wong-wongé nglumpukaké watu digawé tumpukan. Sawisé mengkono banjur padha mangan ing sacedhaké kono.

47Laban njenengi tumpukan watu mau: Yégar-Sahaduta, nanging Yakub olèhé njenengi: Galèd.

48Tembungé Laban marang Yakub, "Tumpukan watu iki dadia pengéling-éling kanggo aku lan kowé." Mulané panggonan kono disebut: Galèd.

49Iya disebut: Mizpa, merga Laban kandha, "Muga-muga Gusti Allah ngreksa marang kita sajroné kita padha urip dhéwé-dhéwé."

50Clathuné Laban menèh, "Anak-anakku aja koksiya-siya lan aja padha kokwayuh. Senajan aku ora weruh, nanging élinga yèn Allah sing dadi seksi ing antarané aku lan kowé.

51Watu-watu sing ditumpuk iki dadia pengéling-éling,

52lan dadia seksi, yèn aku ora kena ngliwati tumpukan watu kuwi kanthi niat arep nglawan kowé. Semono uga kowé ora kena ngliwati tumpukan watu kuwi kanthi niat arep nglawan aku.

53Allah sesembahané Abraham lan sesembahané Nahor muga ngadili aku lan kowé." Yakub iya banjur sumpah demi Allah, sesembahané Iskak, bapakné, yèn bakal netepi prejanjian mau klawan temen-temen.

54Yakub banjur saos kurban obongan ana ing gunung kono karo ngundang sanak-seduluré, diajak mangan bebarengan. Sawisé mangan padha nginep ana ing gunung kono.

55Ésuké, isih umun-umun, Laban wis tangi; sawisé ngambungi anak-putuné banjur mangkat, mulih menyang ing omahé dhéwé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2018
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran