Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 1 >> 

1Para putrané Yakub sing padha mèlu budhal menyang tanah Mesir, bebarengan karo para brayaté yaiku:

2Rubèn, Siméon, Lèwi, Yéhuda,

3Isakar, Zébulon, Bènyamin,

4Dhan, Naftali, Gad, Asyèr.

5Turuné Yakub mau kabèh ana pitung puluh, déné putrané lanang sing jeneng Yusuf wis ndhisiki ana ing Mesir.

6Yusuf dhéwé lan sedulur-seduluré, sarta sabarakané wis padha mati kabèh,

7nanging turuné, yakuwi wong-wong Israèl, padha bebranahan dadi akèh banget, nganti ngebaki tanah Mesir.

8Mula bareng ana raja anyar sing ora pirsa bab sejarahé Yusuf wiwit nyekel pepréntahan ing Mesir.

9Raja mau ngandika marang rakyaté, "Bangsa Israèl kuwi tumrap kita mbebayani, sebab cacahé akèh banget tur wongé rosa-rosa.

10Samasa ana perang, wong-wong kuwi bisa uga mèlu mungsuh nglawan kita, banjur lunga saka negara kéné. Kita kudu golèk réka bisané wong-wong kuwi ora sangsaya tambah akèh."

11Kanggo nindhes bangsa Israèl, wong Mesir banjur ngangkat wong-wong kereng kadadèkaké mandhor nglurahi wong Israèl. Bangsa Israèl dipeksa mbangun kutha Pitom lan Raamsès, minangka gudhang kanggo nyimpen bandhané Sang Pringon.

12Nanging senajan wong Israèl ditindhes, cacahé malah saya tambah akèh lan sumebar sanegara kabèh; mula wong Mesir dadi saya wedi banget.

13Wong Israèl banjur ditindhes tanpa welas,

14nganti uripé sangsara banget. Wong-wong mau padha dipeksa gawé bata kanggo yasa bangunan-bangunan sarta dikon nggarap palemahané wong Mesir.

15Sang Pringon dhawuh marang para dhukun bayi sing padha tulung marang para wong wadon Ibrani, yaiku dhukun Sifrah lan dhukun Puah.

16Mengkéné, "Yèn kowé padha tulung wong Ibrani setitèkna! Yèn lair lanang patènana, déné yèn wadon aja kokpatèni!"

17Nanging dhukun-dhukun bayi mau padha wedi marang Allah lan ora nglakoni dhawuhé Sang Pringon. Bayi-bayi lanang ora padha dipatèni.

18Sang Pringon banjur nimbali dhukun-dhukun bayi mau sarta ndangu, "Apa sebabé bayi-bayi lanang ora kokpatèni?"

19Wangsulané, "Tiyang èstri Ibrani menika mboten kados tiyang èstri Mesir. Tiyang-tiyangipun gampil sanget nglairaken. Sadèrèngipun dhukun bayi dhateng, bayinipun sampun lair."

20(1:20-21) Merga saka kuwi Allah mberkahi marang dhukun-dhukun bayi mau sarta maringi turun akèh banget, sebab wong-wong mau padha wedi marang Allah. Bangsa Israèl saya tambah akèh lan saya sentosa.

21(1:20)

22Sang Pringon banjur dhawuh marang rakyaté kabèh, "Saben ana bayiné wong Ibrani lair lanang kudu dibuwang ing Bengawan Nil, nanging sing lair wadon aja kokpatèni!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel