Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 33 >> 

1Gusti Allah banjur ngandika marang Musa, "Kowé lan bangsamu sing kokirid saka ing tanah Mesir, kudu lunga saka panggonan iki menyang negara sing wis Dakjanjèkaké marang Abraham, Iskak lan Yakub sarta turuné.

2Aku bakal ngutus Malaékat siji ngirid kowé kabèh, sarta Aku bakal nundhung wong Kenaan, Amori, Hèt, Fèris, Hèwi lan Yébus.

3Kowé bakal lunga menyang negara sugih lan subur. Nanging Aku dhéwé bakal ora mbarengi lakumu, supaya kowé ora Daktumpes ana ing dalan, awit kowé kuwi bangsa sing wangkot atiné."

4(33:4-6) Sawisé bangsa mau krungu pangandikané Allah, banjur padha susah atiné. Gusti Allah dhawuh marang Musa supaya ngandhakaké marang wong-wong mau, dhawuhé, "Kowé kuwi bangsa sing wangkot atiné. Saupama Aku mbarengi kowé, senajan mung sedhéla waé, bisa uga Aku bakal numpes kowé kabèh. Anggon-anggonmu mas copoten lan Aku bakal menggalih apa kang bakal Daktindakaké marang kowé." Dadi, wiwit saka ing Gunung Sinai, bangsa Israèl ora nganggo rerenggan mas menèh.

5(33:4)

6(33:4)

7Musa mendhet Kémah Suci sarta diedegaké rada adoh saka ing panggonan kémah-kémah liyané. Kémah mau diarani Kémah Palenggahané Allah, sarta sapa waé sing kepéngin nyuwun pitedahé Allah, padha mrono.

8Yèn Musa lunga menyang Kémah mau, wong-wong padha ngadeg ana ing sangareping lawangé kémahé dhéwé-dhéwé sarta ndelengaké Musa nganti mlebet.

9Sawisé Musa mlebet, tugu méga banjur mudhun manggon ing lawanging Kémah Palenggahané Allah. Saka méga mau Gusti Allah ngandikan karo Musa.

10Nalika wong-wong padha weruh tugu méga ing lawanging Kémah, banjur padha sujud.

11Gusti Allah enggoné ngandikan karo Musa adhep-adhepan, kaya wong omong-omong karo kancané. Musa banjur bali menyang kémahé. Nanging Yosua anaké Nun, pembantuné Musa sing isih enom, tetep ana ing sajroning Kémah mau.

12Ing sawijining dina Musa matur marang Allah, "Gusti, Paduka sampun ndhawuhi kawula ngirid bangsa menika dhateng negari ingkang sampun Paduka janjèkaken menika, nanging Paduka mboten ngandikakaken sinten ingkang badhé Paduka utus nyarengi lampah kawula. Paduka sampun ngandika, bilih Paduka sampun pirsa dhateng kawula saha kawula pikantuk sih mirma ing ngarsa Paduka.

13Menawi mekaten, mugi Paduka kersa ngandikakaken pangrèh paduka, supados kawula saged ngladosi karsa Paduka saha damel renaning penggalih Paduka. Mugi Paduka ènget bilih Paduka sampun milih bangsa menika dados umat kagungan Paduka piyambak."

14Pangandikané Allah, "Aku dhéwé sing bakal ngirid lakumu sarta maringi kemenangan marang kowé."

15Aturé Musa, "Menawi paduka piyambak mboten nyarengi lampah kawula, kawula sampun ngantos Paduka dhawuhi késah bidhal saking panggènan menika.

16Kadospundi enggèn kawula sumerep, bilih kawula sampun tampi sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, menawi Paduka mboten ngirid kawula? Wontenipun Paduka ing tengah-tengah kawula sedaya badhé mbédakaken kawula kaliyan bangsa-bangsa sanèsipun ing bumi menika."

17Gusti Allah ngandika marang Musa, "Panyuwunmu bakal Daksembadani, awit Aku wis wanuh karo kowé sarta rena marang kowé."

18Musa banjur nyuwun, "Paduka mugi kersa ngetingalaken kamulyan Paduka dhateng kawula."

19Pangandikané Gusti Allah, "Sajroné Aku ngucapaké asma-Ku kang suci, Aku bakal tindak ing ngarepmu kanthi kaluhuran-Ku. Aku iki Allah, lan Aku bakal nedahaké kamirahan lan kawelasan-Ku marang wong-wong sing Dakpilih.

20Wedana-Ku ora bakal Daktedahaké marang kowé, sebab ora ana wong siji waé sing weruh Allah lan lestari urip.

21Ing sisih-Ku iki ana watu karang, lan ing kono kowé bisa ngadeg.

22Yèn ana cahya sumorot kuwi tandha yèn Aku langkung; kowé bakal Daklebokaké ing sela-selaning watu karang sarta Daktutupi ngagem asta-Ku nganti Aku wis langkung.

23Nuli Aku bakal nyingkiraké asta-Ku temah kowé bakal bisa ndeleng Aku saka mburi, nanging pasuryan-Ku ora bakal kokdeleng."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel