Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 22 >> 

1(22-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. Laguné kaya kidung: Menjangan ing wayah pajar. (22-2) Dhuh Allah kawula, Allah kawula, menapaa kawula Paduka tégakaken? Kawula sesambat, nanging Paduka tetep tebih lan mboten mitulungi kawula.

2(22-3) Dhuh Allah kawula, ing wanci siang kawula sesambat, nanging Paduka mboten paring wangsulan; ing wanci dalu inggih mekaten, mila kawula inggih mboten angsal katentreman.

3(22-4) Mangka Paduka menika ingkang Mahasuci, ingkang pinuji-puji déning umat Israèl.

4(22-5) Para leluhur kawula sami pitados dhateng Paduka; sami kumandel, lajeng Paduka luwari.

5(22-6) Paduka ingkang dipun sebut, lajeng sami Paduka entasaken. Paduka ingkang dipun endelaken lan mboten sami kwirangan.

6(22-7) Nanging kawula menika cacing, sanès manungsa, dipun écé déning sok sintena, sarta dipun sepèlèkaken déning tiyang sedaya.

7(22-8) Tiyang ingkang ningali kawula sami moyoki, kawula dipun ènjepi kaliyan gèdhèg-gèdhèg.

8(22-9) Tembungipun, "Wong kuwi precaya marang Allah, karebèn Allah sing ngentasaké. Karebèn Allah sing ngluwari, yèn pancèn Allah ngasihi wong kuwi."

9(22-10) Inggih, Paduka ingkang nglairaken kawula saking wetenganing biyung kawula; Paduka ingkang ndadosaken kawula tentrem nalika kawula taksih nesep.

10(22-11) Wiwit lair mila kawula kapasrahaken dhateng Paduka, wiwit saking wetenganing biyung kawula Paduka dados Allah kawula.

11(22-12) Pramila mugi Paduka sampun nebihi kawula, margi bebaya sampun celak, mangka mboten wonten tiyang ingkang mitulungi.

12(22-13) Kawula dipun rubung déning lembu jaler; lembu-lembu Basan sami ngepung kawula.

13(22-14) Sami ngangapaken cangkemipun dhateng kawula, kados singa ingkang nubruk kalayan nggero.

14(22-15) Kekiyatan kawula telas, kados toya ingkang ambles ing siti. Balung-balung kawula sami pisah; manah kawula kados lilin ingkang lèlèh.

15(22-16) Gorokan kawula garing presasat awu, ilat kawula kraket kaliyan cethak kawula. Kawula Paduka tilar gemléthak ing lebuning bumi.

16(22-17) Kawula karubung déning segawon-segawon, grombolaning tiyang awon sami ngepang kawula, tangan lan suku kawula sami dipun cublesi.

17(22-18) Balung kawula saged kawula étang sedaya, tiyang-tiyang wau sami ningali dhateng kawula, lan kawula kadamel tontonan.

18(22-19) Sandhangan kawula sami dipun edum-edum, sarta penganggé kawula dipun undhi.

19(22-20) Nanging, dhuh Allah, mugi Paduka sampun nebihi kawula, Paduka menika kekiyatan kawula, mugi énggal rawuh mitulungi kawula.

20(22-21) Mugi nguwalaken kawula saking pedhang, lan ngluwari kawula saking panganiayanipun tiyang awon.

21(22-22) Mugi ngluwari kawula saking cangkemipun singa, lan saking sungunipun banthèng. Paduka sampun maringi menapa ingkang kawula suwun.

22(22-23) Kawula badhé nyariyosaken asma Paduka dhateng sedhèrèk-sedhèrèk kawula, sarta memuji asma Paduka wonten ing satengahing pasamuwan.

23(22-24) Hé para wong kang ngabekti marang Allah, padha nyaosna puji marang Panjenengané. Hé sakèhé turuné Yakub, padha nyaosna urmat marang Panjenengané! Hé sakèhé wong Israèl kabèh, padha duwéa wedi-asih marang Panjenengané!

24(22-25) Merga Pangéran ora nganggep nistha lan ora éwa marang kasangsarané wong kesrakat. Lan ora ngaling-alingi wedanané tumrap wong mau, malah miyarsakaké samasa padha sesambat.

25(22-26) Pujian kagem Paduka badhé kawula unjukaken, wonten ing kempalanipun tiyang kathah. Janji kawula badhé kawula luwari wonten ngajenganipun tiyang-tiyang ingkang ngabekti dhateng Paduka.

26(22-27) Wong kang andhap-asor bakal mangan wareg, wong sing nggolèki Allah bakal memuji asmané. Atimu bakal padha ayem selawasé.

27(22-28) Wong salumahé bumi bakal padha éling, banjur padha mratobat marang Allah. Para bangsa sedaya badhé sujud wonten ing ngarsa Paduka.

28(22-29) Awit Paduka ingkang kagungan Kraton, Paduka ingkang mengku para bangsa sedaya.

29(22-30) Kabèh wong angkuh bakal tumungkul sujud ing ngarsané; mengkono uga wong kabèh kang mati.

30(22-31) Para anak-putu bakal padha ngabekti marang Allah, lan bakal nyritakaké bab Allah marang anak-turuné.

31(22-32) Turuné mau bakal nyritakaké keadilané marang bangsa kang bakal lair; sing ditindakaké déning Pangéran, keadilan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel