1(92-1) Kidung masmur kanggo ing dina Sabbat. (92-2) Iba bingahipun tiyang samasa memuji dhateng Allah, lan saos kidung masmur dhateng Paduka, dhuh Allah, Ingkang Mahaluhur!
2(92-3) Iba saénipun nyriyosaken sih-kadarman Paduka ing wanci énjing, tuwin kasetyan Paduka ing wanci dalu,
3(92-4) kaliyan ngungelaken gitar lan slukat, tuwin clempung.
4(92-5) Awit Paduka dhuh Allah, sampun damel bingahing manah kawula, kalayan pakaryan Paduka ingkang élok. Margi saking pendameling asta Paduka tiyang sami suka-rena.
5(92-6) Dhuh Allah, iba élokipun pakaryan Paduka, saklangkung lebet penggalih Paduka.
6(92-7) Tiyang tanpa budi badhé mboten mangertos bab menika, sarta tiyang keblinger inggih mboten ngraosaken.
7(92-8) Menawi tiyang duraka ngambra-ambra kados rumput, tiyang ingkang nglampahi piawon tuwuh kalayan subur, menika supados sami katumpes ing selaminipun;
8(92-9) nanging Paduka, dhuh Allah, tetep jumeneng ing selaminipun.
9(92-10) Kawula sami mangertos, bilih mengsah Paduka, inggih tiyang ingkang sami nyatru Paduka, badhé sami manggih karisakan; sakathahing tiyang ingkang nglampahi piawon badhé sami kabuyaraken.
10(92-11) Nanging kawula badhé Paduka paringi kekiyatan kados banthèng jaler, sarta Paduka berkahi kalayan kabegjan.
11(92-12) Kawula sumerep satru kawula sami kakawonaken, lan mireng pesambatipun para tiyang duraka.
12(92-13) Wong mursid tuwuhé subur kaya wit kurma, ndrebala kaya wit sédar ing Libanon.
13(92-14) Ngrembuyungé kaya wit kang katandur ana ing Pedalemané Allah, tuwuhé kaya ana ing Platarané Allah.
14(92-15) Tutug umuré tuwa isih ngetokaké woh, padha katon seger lan kuwat.
15(92-16) Kabèh mau mratélakaké yèn Allah iku adil, lan ora ana cacadé.