Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 16 >> 

1"Kowé padha nganakna kraméan ing dina Paskah, ing sasi Abib, kanggo ngurmati Pangéran Allahmu, merga ing sasi kuwi nalika wayah bengi, Allah ngluwari kowé saka ing tanah Mesir.

2Padha nindakna ibadah lan nyembelèha wedhus utawa sapi, panganen ing Riaya Paskah, kanggo ngurmati Pangéran Allahmu.

3Panganan Paskah mau kudu dipangan karo roti sing digawé tanpa ragi. Pitung dina suwéné kowé kudu mangan roti tanpa ragi, carané mangan kudu karo kesusu, kaya nalika kowé padha budhal saka ing tanah Mesir. Roti sing disebut rotiné kasangsaran kuwi panganen, supaya sajegmu urip tansah kèlingan marang dina nalika kowé budhal saka ing tanah Mesir, panggonanmu nandhang sengsara.

4Sajroné pitung dina, wong sanegara kabèh ora kena simpen ragi ing omahé. Dagingé kéwan sing disembelèh ing bengi kapisan kuwi kudu dientèkaké sawengi kuwi.

5(16:5-6) Kéwan-kéwan sing dipangan ing Riaya Paskah, kabèh kudu disembelèh ana ing papan pangibadah, ora kena ing panggonan liyané, ing negaramu, sing diparingaké déning Allah marang kowé. Enggonmu mangan kudu ing wayah surup, kaya nalika kowé padha budhal saka ing tanah Mesir.

6(16:5)

7Dagingé kéwan mau kudu kokgodhog, banjur kudu kokpangan ing papan pangibadah mau; ésuké kowé kudu bali menyang omahmu dhéwé-dhéwé.

8Sawisé iku nem dina suwéné kowé kudu mangan roti tanpa ragi. Ing dina kapituné kowé kudu ngumpul manembah marang Pangéran Allahmu. Ing dina iku kowé aja nyambut-gawé."

9"Wiwit dinané kowé ngenèni gandummu, ngétunga pitung minggu,

10banjur nganakna Riaya Panèn kanggo ngurmati Pangéran Allahmu. Ing dina iku kowé nyaosna pisungsung panuwun manut berkah sing koktampa.

11Kowé padha bungah-bungaha ana ing ngarsané Allah, ana ing papan pangibadah siji mau, bebarengan karo anak-anakmu, batur-baturmu lan wong Lèwi, wong manca lan bocah lola sarta wong randha sing manggon ing kuthamu.

12Prenatan iki lakonana sing temenan, supaya kowé aja lali yèn kowé biyèn dadi batur-tukon ing tanah Mesir."

13"Yèn gandummu wis digiling kabèh, lan wohé anggurmu wis rampung diperes, kowé padha nganakna Riaya Tarub Godhong, suwéné pitung dina.

14Padha bungah-bungaha karo anak-anakmu, para wong Lèwi, wong manca, bocah lola lan para randha, sing padha manggon ing kuthamu.

15Enggonmu gawé kraméan kuwi suwéné pitung dina, kanggo ngurmati marang Pangéran Allahmu, ana ing papan pangibadah. Padha bungah-bungaha, merga Allah wis mberkahi panènmu lan pegawéanmu.

16Wong lanang ing Israèl kabèh kudu sujud marang Allah ing papan pangibadah kono setaun ping telu, yakuwi ing dina Riaya Paskah, Riaya Panèn lan Riaya Tarub Godhong. Saben wong kudu nggawa sesaosan,

17miturut kekuwatané lan miturut enggoné kaberkahan déning Pangéran Allahé."

18"Ing saben kutha sing diparingaké déning Pangéran Allahmu, kowé kudu ngangkat hakim-hakim lan pegawé-pegawé liyané, supaya ngerèh rakyat klawan adil.

19Yèn mutusaké prekara ora kena sawenang-wenang utawa pilih kasih. Iya ora kena nampani besel, merga besel kuwi bisa marakaké wong dadi lali, senajan wong sing wicaksana lan jujur pisan, wusana enggoné gawé putusan salah.

20Lakumu sing jujur lan adil, supaya pemanggonmu ing tanah sing diparingaké déning Allah marang kowé, tetep ing selawas-lawasé.

21Yèn kowé yasa mesbèh kagem Pangéran Allahmu, kejaba aja koksèlèhi recané Dèwi Asyéra,

22iya aja kokdegi tugu watu kanggo nyembah brahala, merga Allah sengit karo penggawé mengkono mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel