Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 2 >> 

1Wekasané kita banjur padha bali menèh menyang ara-ara samun, metu dalan sing tekan ing Teluk Akaba, kaya sing didhawuhaké déning Allah. Nganti suwé banget kita padha ngumbara ana ing saubengé pegunungan Édom.

2Gusti Allah banjur ngandika marang aku,

3yèn wis cukup suwéné enggon kita padha ngumbara ngubengi pegunungan Édom kono, kita didhawuhi mlaku ngalor.

4Gusti Allah ngandika karo aku, supaya ngandhani kowé mengkéné, ‘Ora suwé menèh kowé bakal mlebu ing daérah pegunungan Édom, panggonané sedulur-sedulurmu, anak-turuné Ésau. Wong-wong kono bakal padha wedi karo kowé,

5nanging aja kokserang, merga tanahé setapak waé ora ana sing bakal Dakparingaké marang kowé. Tanah Édom wis Dakparingaké marang Ésau.

6Nanging ana ing kana kowé kena tuku pangan lan banyu.’

7Padha ngélingana kaya apa Gusti Allah enggoné mberkahi kowé kabèh ing sabarang prekara sing koklakoni. Panjenengané wis njaga kowé selawasé kowé ngumbara ing segara wedhi sing jembar banget kuwi. Panjenengané nganthi laku kita nganti patang puluh taun lawasé, lan maringi sing dadi kebutuhan kita.

8Kita padha nerusaké laku, ninggal dalan sing saka kutha Éliot lan Ézion-Gèbèr menyang Segara Mati, banjur ménggok ngalor-ngétan tekan ing Moab.

9Gusti Allah ngandika marang aku, ‘Wong Moab, anak-turuné Lot, kuwi aja kokganggu, lan aja kokperangi. Kutha Ar kuwi wis Dakparingaké marang dhèwèké lan buminé sethithik waé ora ana sing Dakparingaké marang kowé.’"

10Dhèk biyèn Ar mau dienggoni bangsa sing kaya buta, sing disebut wong Émim. Dedegé padha kaya wong Anakim, iya bangsa kaya buta.

11Wong Émim uga disebut wong Réfaim, kaya wong Anakim, nanging wong Moab nyebut wong ing Ar mau Émim.

12(Dhèk biyèn wong Hori manggon ing tanah Édom, nanging anak-turuné Ésau mau nundhung wong Hori saka kono lan disirnakaké, banjur ngenggoni tanahé, ora béda karo bangsa Israèl sing mbésuké uga nundhungi mungsuh-mungsuhé saka tanah sing diparingaké déning Allah marang bangsa mau.)

13"Sawisé mengkono kita banjur padha nyabrang Kali Zèrèd kaya sing didhawuhaké déning Allah.

14Kelakoné mau telung puluh wolu taun sawisé kita budhal saka Kadès Barnéa. Para prejurit angkatan jaman semono wis padha mati kabèh, kaya sing dingandikakaké déning Allah.

15Wong-wong mau tansah padha dilawan déning astané Allah, nganti pungkasané padha tumpes kabèh.

16Sawisé padha mati kabèh,

17Gusti Allah banjur ngandika marang kita,

18‘Ing dina iki kowé bakal nglangkahi tapel watesé tanah Moab, metu dalan sing tekan ing kutha Ar.

19Dadi kowé wis cedhak karo tanahé wong Amon, anak-turuné Lot. Élinga bangsa kuwi aja kokganggu, merga tanah kuwi wis Dakparingaké marang wong-wong mau, sethithik waé ora ana sing bakal Dakparingaké marang kowé.’"

20Daérah kono uga karan tanahé wong Réfaim, bangsa sing biyèn manggon ing kono; wong Amon ngarani bangsa mau wong Zamzumim.

21Pawakané kaya wong Anakim, gedhé dhuwur. Wongé rosa-rosa, tur cacahé akèh banget. Nanging padha ditumpes déning Allah; tanahé direbut wong Amon, lan dienggoni.

22Kaya mengkono uga pendamelé Allah, nalika maringaké tanah marang bangsa Édom, anak-turuné Ésau, sing ngenggoni daérah Édom. Gusti Allah numpes bangsa Hori dhisik, nganti wong Édom bisa ngrebut tanah mau lan dienggoni tekan sepréné.

23(Tanah sauruté pesisiré Segara Tengah kuwi wis dienggoni wong-wong asal pulo Kréta. Wong-wong mau numpes bangsa Awi, wong pribumi sing manggon ing kono, banjur ngenggoni tanah kono, sapengidul nganti tekan kutha Gaza.)

24"Sawisé ngliwati Moab, Gusti Allah banjur ngandika marang kita, ‘Padha nyabranga Kali Arnon. Sihon, raja ing Hèsbon bakal Dakulungaké marang kowé, sanegarané kabèh. Serangen, lan tanahé enggonana.

25Wiwit ing dina iki bangsa-bangsa ing kana bakal Dakgawé wedi ngadhepi kowé. Saben wong bakal geter lan giris samasa krungu wong nyebut jenengmu.’"

26"Sawisé mengkono aku kongkonan wong sawetara saka segara wedhi Kedémot, nemoni Raja Sihon ing kutha Hèsbon, nggawa usul mengkéné,

27‘Keparenga kula ndhèrèk langkung ing negari panjenengan. Kula badhé mlampah tanpa kèndel, utawi mboten mawi nyimpang ngiwa utawi nengen.

28Tetedhan ingkang kula tedha lan toya ingkang kula ombé, badhé kula tumbas. Kula namung betah langkung kémawon,

29ngantos kula sami nyabrang ing Lèpèn Yardèn lan mlebet ing negari ingkang kaparingaken déning Allah dhateng kula. Anak-turunipun Ésau ing Édom lan tiyang Moab ing Ar, inggih sami ngidinaken kula sami langkung ing negarinipun.’

30Nanging Raja Sihon ngalang-alangi kita langkung metu negarané. Allah mangkotaké atiné, supaya wong mau bisa kita kalahaké lan tanahé kita enggoni. Tanah mau kita enggoni nganti sepréné.

31Gusti Allah nuli ngandika marang aku, ‘Titènana, Raja Sihon lan negarané Dakulungaké marang kowé. Rebuten tanahé lan enggonana.’

32Sihon banjur maju perang nggawa balané kabèh, ing sacedhaké kutha Yahas.

33Nanging Allah ngulungaké Sihon marang kita, mula kita patèni saanak-bojoné lan para prejurité kabèh.

34Sanalika iku uga kuthané kita rebut siji-siji lan kita gempur; rakyaté kita patèni kabèh, wongé lanang, wadon, tekan anak-anaké pisan. Ora ana siji waé sing kita karèkaké.

35Raja-kayané kita jupuk lan kutha-kuthané kita rampas.

36Gusti Allah ora ngalang-alangi kita ngrebut kutha-kutha mau kabèh, wiwit saka Aroèr, ing pinggiré Lebak Arnon, nganti tekan kutha sing ana ing tengahé lebak mau, sauruté dalan sing tekan Giléad. Ora ana témbok sing bisa nahan gempuran kita.

37Nanging ngedohi daérahé wong Amon, iya ngedohi Kali Yabok utawa kutha-kutha ing daérah pegunungan utawa panggonan-panggonan liya sing ora diparengaké déning Allah."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel