Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 6 >> 

1Anadéné aku iki sarèhné padha dadi kanca tunggal ayahan, pituturku marang kowé kabèh, supaya aja nganti padha gawé muspraning sih-rahmaté Allah, kang wis koktampa.

2Sabab Allah ngandika, "Ing waktu kang prayoga, Ingsun miyarsakaké sira, lan ing dina kaslametan, Ingsun mitulungi sira." Satemen-temené, iya waktu iki waktu kang prayoga iku; iya dina iki dina kaslametan iku.

3Ing prakara apa baé aku ora padha gawé dhadhakan wong padha kesandhung, supaya anggonku padha leladi aja nganti dicacad.

4Nanging ing sadhéngah prakara aku nélakaké menawa aku iki padha abdining Allah, yaiku: Kebak kasabaran sajroning nandhang kasangsaran, ing karupekan, lan ing karibedan,

5ing sajroné kasiksa, kakunjara lan kaributan, rekasa, kepeksa melèk, lan nglakoni puwasa;

6ing kasucèning ati, ing kawruh, kasabaran, lan kadarman; ing Roh Suci lan ing sih katresnan kang salugu;

7ing sajroning martakaké kayektèn lan pangwaosing Allah; kanthi migunakaké gegamaning kaadilan kanggo nempuh utawa nanggulangi;

8nalika diaji-aji lan nalika dirèmèhaké; nalika diundhat-undhat utawa nalika dialem; nalika kadakwa dadi juru apus, nanging kena dipracaya,

9kaya wong kang ora ana kang wanuh, nanging kondhang; kaya wong kang mèh mati, mangka padha urip, kaya wong kang disiksa nanging ora mati,

10kaya wong kang sedhih, nanging tansah bungah-bungah; kaya wong kang mlarat nanging nyugihaké wong akèh; kaya wong kang ora duwé apa-apa, nanging aku padha nduwèni samubarang kabèh.

11Hé wong Korintus! Aku wus padha kandha kanthi blak-blakan marang kowé, atiku menga amba tumrap kowé!

12Kowé iku padha olèh papan kang jembar ana ing atiku, nanging aku mung koksedhiyani papan kang rupek ana ing atimu.

13Mulané saiki, supaya padha-padha, -- anggonku pitutur iku kaya marang anak-anakku --: Atimu wengakna kang ngeblak!

14Aja nganti kowé padha dadi pasangan kang ora timbang karo wong kang ora pracaya. Sabab apa kayektèn iku bisa kapadhaké karo kadurakan? Utawa kepriyé bisané pepadhang tetunggalan karo pepeteng?

15Apa Kristus iku bisa kapadhakaké karo Bélial? Panduman apa kang diduwèni bebarengan déning wong kang pracaya lan wong kang ora pracaya?

16Apa gegayutané padalemané Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemané Allah kang gesang kaya kang dingandikaké déning Allah mangkéné, "Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahé, lan Ingsun bakal dadi Allahé, lan wong-wong mau bakal padha dadi umatingsun.

17Mulané: Sira padha metua saka panunggalané wong-wong iku, lan sira misaha, mangkono pangandikané Pangéran, lan aja padha gepok-sénggol karo kang najis, tumuli sira bakal padha suntarimah.

18Lan Ingsun bakal dadi ramanira, sarta sira bakal padha dadi putraningsun lanang lan wadon. Mangkono pangandikané Pangéran, Kang Mahakwasa."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Korintus 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel