Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 30 >> 

Pangandikane Sang Agur bin Yake

1Pangandikane Sang Agur bin Yake, saka ing Masa. Pangucape wong mangkene: “Dhuh Allah, kawula sampun sayah sanget, dhuh Allah kawula sampun sayah sanget, ngantos ketelasan kakiyatan.”

2Sabab aku iki bodho ngungkuli wong liya-liyane, aku ora kadunungan budi kaya salumrahe manungsa.

3Aku uga ora nyinau bab kawicaksanan, nganti ora bisa wanuh marang Kang Mahasuci.

4Sapa ta kang wus munggah marang swarga banjur mudhun? Sapa ta kang wus nglumpukake angin ing tangane? Sapa ta kang wus mungkus banyu nganggo sandhangan? Sapa ta kang nemtokake sakehe poncoting bumi? Iku jenenge sapa lan sapa jenenge anake? Kowe mesthi weruh!

5Kabeh sabdane Gusti Allah iku murni, Gusti Allah iku dadi tetamenge sakehe wong kang ngayom marang Panjenengane.

6Aja nambahi pangandikane, supaya kowe aja nganti diwelehake lan kaanggep cidra.

7Dhuh Allah, kalih prakawis ingkang kawula suwun dhumateng Paduka, mugi sampun Paduka tampik, kaparingana saderengipun kawula pejah, inggih punika:

8Kaculikan saha doracara mugi Paduka tebihaken saking kawula, punapa malih sampun Paduka ganjar kamlaratan utawi kasugihan, namung kaparingana rejeki ingkang dados panduman kawula.

9Supados manawi kawula tuwuk, sampun ngantos selak dhateng Paduka kaliyan wicanten: Pangeran Yehuwah iku sapa? Utawi manawi kacingkrangan sampun ngantos purun nyolong, satemah nyawiyah dhateng asmanipun Gusti Allah kawula.

10Aja madulake batur marang bendarane, supaya batur mau aja ngipati-ipati kowe, sarta kowe banjur kudu nanggung kaluputane iku.

11Ana turun kang nyupatani bapakne, lan ora mberkahi marang biyunge.

12Ana turun kang nganggep marang awake dhewe resik, mangka durung dikumbah reregede dhewe.

13Ana turun kang wateke angkuh, lan ladak mripate;

14ana turun kang untune arupa pedhang, lan bame arupa lading, kanggo mangsa marang para wong kang tinindhes nganti entek saka ing bumining wong kang padha katindhes, para wong miskin ing antarane manungsa.

15Lintah iku duwe anak wadon loro, sakarone padha muni: “Kanggo aku!” lan “Kanggo aku!” Ana telung prakara kang ora bisa wareg-wareg, malah patang prakara kang ora tau muni: “Wus cukup!”

16Jagade wong mati lan guwa-garba kang gabug, lan bumi kang ora bisa wareg banyu, sarta geni kang ora tau ngucap: “Wus cukup!”

17Mripat kang nyampahi marang bapa, sarta emoh mituhu marang biyung, iku bakal dithothol dening manuk gagak ing pinggir kali lan kamangsa dening anake manuk garudha.

18Ana telung prakara kang dakgumuni, malah patang prakara kang ora dakngreteni;

19yaiku: lakune manuk garudha ing awang-awang, lakune ula ana ing parang, lakune prau ana ing tengahe sagara, sarta lakune wong lanang karo prawan.

20Lakune wong wadon bedhang iku mangkene: dhisike mangan, banjur ngusapi cangkeme, nuli ngucap: Aku ora nglakoni ala.

21Ana telung prakara kang ndadekake bumi horeg, malah patang prakara kang ndadekake ora betahe:

22marga batur tukon manawa dadi ratu, marga wong gemblung manawa kewaregen,

23marga wong wadon kang ora disenengi ing wong manawa oleh bojo, apadene marga rewang wadon kang ngesur kalenggahane bendarane putri.

24Ing bumi ana kewan papat kang cilik dhewe, nanging kang cukat banget:

25semut iku golongan kang ora rosa, nanging sasuwene mangsa panas padha tandho pangan,

26kancil iku golongan kang ringkih, nanging anggone gawe omah ana ing sajroning parang,

27walang iku ora duwe ratu, nanging padha baris kanthi tumata,

28cecak iku kena kacekel nganggo tangan, nanging ing kadhatone para ratu iya ana.

29Ana kewan telu kang gagah jangkahe, malah papat kang jangkahe bregas, yaiku:

30singa kang prakosa dhewe padha-padha kewan, sarta ora mundur ngadhepi apa bae.

31Jago kang angkuh, utawa wedhus lanang, lan ratu kang tindak ing ngarepe kawulane.

32Manawa kowe ngumukake awakmu dhewe, dadia tanpa pikir, dadia sawuse kokrasakake, tanganmu tutupna ing cangkemmu.

33Awit puwan iku manawa diwenyet-wenyet metu mertegane, yen irung dipijet-pijet metu getihe, yen nepsu dipejet marakake kerengan.



 <<  Amsal 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel