Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 6 >> 

1-- Menyang ngendi tindake kekasihmu, he, wong sulistya ing satengahe para wanita? Menyang ngendi enering tindake kekasihmu, aku arep padha ngrewangi kowe nggoleki.

2-- Kekasihku tedhak menyang ing pakebonan, ing bedheng-bedhenging anggi-anggi, ngengen wedhuse ana ing pakebonan lan methiki kembang bakung.

3Aku iki kagungane kekasihku, lan kekasihku iku darbekku, kang angen wedhus gembel ana ing satengahing kembang bakung.

Penganten kakung ngalembana penganten putri

4Kowe iku endah ing warna, dhuh memanisku, kaya kutha Tirza, edi-endah kaya kutha Yerusalem, ngebat-ebati kaya balatantra kalawan tunggule.

5Mripatmu engokna saka aku, amarga aku dadi ngleleng marga saka iku. Rambutmu pindha pepanthan wedhus, kang tumurun ngombak-ombak saka ing gunung Gilead.

6Untumu kadya pepanthan wedhus gembel, kang jumedhul saka pangguyangan, kabeh padha manak kembar, ora ana kang ora duwe anak.

7Pilinganmu kaya woh dlima sinigar, ana ing ngisoring kudhungmu.

8Prameswarine ana sewidak, ampile wolung puluh, lan para kenya tanpa wilangan cacahe.

9Nanging mung dheweke kang dadi manukku dara, idham-idhamanku, putrane ibune kang ora ana tunggale, kang kinasihan dening kang nglairake, para putri padha ndeleng lan ngarani begja, para prameswari lan para ampil padha ngalembana.

10“Sapa kae kang jumedhul kadya bangbang wetan, endah lir wulan purnama, sumunar kaya surya, ngebat-ebati kaya balatantra kalawan tunggule?”

11Aku mudhun menyang pakebonan kenari, ndeleng kuncup-kuncup ing lebak, niliki apa wite anggur wus kuncup lan wit-wite dlima apa wis kembang.

12Aku ora eling, kangenku nglungguhake aku ana ing karetane wong luhur.

13Dhuh prawan Sulam, balia, balia, balia, balia, supaya aku padha bisa nyawang kowe. Kena apa kowe seneng nyawang prawan Sulam iku kaya nonton beksan perang?



 <<  Kidung Agung 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel