Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 111 >> 

MASMUR 111; Kasaenane Gusti Allah

1Haleluya! Pangeran Yehuwah arep dakcaosi pamuji sokur kalawan gumolonging atiku, ana ing pakumpulane para wong mursid lan ana ing pasamuwan.

2Pakaryane Sang Yehuwah iku agung, patut dititi-priksa dening sakehing wong kang kasengsem.

3Pakaryane iku agung lan mulya, tuwin kaadilane tetep ing salawas-lawase.

4Kaelokane wus didadekake pangeling-eling; Pangeran Yehuwah iku sih-mirma sarta welasan.

5Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan, prajanjiane diengeti ing salawase.

6Daya-kekiyataning pakaryane wus ditedahake marang umate, padha diparingi tanah pusakane para bangsa.

7Pakaryaning astane iku kabeneran lan kaadilan, sakehing prentahe iku padha kena diugemi,

8salawas-lawase lan ing sateruse kukuh, katindakake kalawan bener lan jujur.

9Umate pinaringan pangentasan, Gusti Allah dhawuh supaya prajanjiane iku kanggo ing salawas-lawase, asmane iku suci sarta nggegirisi.

10Pangabekti marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan, sarupaning wong kang nglakoni iku padha duwe budi padhang. Pangalembana marang Gusti Allah iku langgeng ing salawase.



 <<  Mazmur 111 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel