MASMUR 31; Tentrem ana ing astaning Yehuwah
1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. (31-2) Dhuh Yehuwah, kawula ngayom dhumateng Paduka, kawula mugi sampun ngantos nandhang kawirangan. Mugi Paduka ngentas kawula amargi kaadilan Paduka,
2(31-3) Paduka mugi nilingna dhateng kawula, karsaa enggal paring wangsulan! Paduka mugi karsaa dados redi sela papan pangayoman kawula, beteng santosa ingkang mitulungi kawula!
3(31-4) Awit Paduka punika redi sela tuwin beteng kawula, kawula badhe Paduka irid saha Paduka tuntun margi saking asma Paduka.
4(31-5) Paduka badhe ngluwari kawula saking kala, ingkang kapasang dening tiyang kangge kawula, amargi Paduka ingkang dados pangauban kawula.
5(31-6) Nyawa kawula, kawula pasrahaken wonten ing asta Paduka; dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu, Paduka ingkang ngluwari kawula.
6(31-7) Paduka sengit dhateng tiyang ingkang memuja dhateng brahala ingkang tanpa gina, nanging kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah.
7(31-8) Kawula badhe asurak-surak sukarena margi sih-kadarman Paduka, awit Paduka mirsani kasrakatan kawula saha nupiksani karupekaning nyawa kawula,
8(31-9) saha kawula boten Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsah, nanging Paduka kekahaken lampahing suku kawula wonten ing omberan.
9(31-10) Dhuh Yehuwah, mugi kawula Paduka welasi, awit kawula rumaos rupek; mripat, nyawa tuwin badan kawula nglemprek saking prihatos.
10(31-11) Amargi gesang kawula katedha ing kasisahan saha tauning umur kawula sami telas dening pangesah; kekiyatan kawula mundur margi saking kasangsaran kawula, sarta balung kawula sami gopok.
11(31-12) Kawula dados cecampahaning mengsah kawula, lan njalari girisipun para tangga tepalih kawula, punapa dene damel kagetipun para pitepangan kawula; tiyang ingkang sami sumerep kawula wonten ing margi, lajeng sami lumajeng.
12(31-13) Kawula sampun ical saking pengetan kadosdene tiyang pejah, kawontenan kawula kados barang ingkang sampun pecah.
13(31-14) Amargi kawula mireng tiyang kathah sami bisik-bisik, -- kawula kinepang ing pagiris -- sami sekuthon badhe nglawan dhateng kawula, ngangkah dhateng nyawa kawula.
14(31-15) Nanging kawula kumandel dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, kawula matur: “Paduka punika Allah kawula!”
15(31-16) Gesang kawula punika wonten ing asta Paduka, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking tanganipun para satru kawula saha tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula!
16(31-17) Wadana Paduka mugi madhangna abdi Paduka, kaluwarana margi saking sih-kadarman Paduka!
17(31-18) Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakaken ing salebetipun nandhang kawirangan, amargi kawula nyebut dhumateng Paduka; tiyang duraka punika kajengipun sami nandhang kawirangan mandhapa dhateng teleng palimengan klayan kendel.
18(31-19) Sakathahing lambe cidra kajengipun dados bisu, ingkang nyendhu dhateng tiyang burus kalayan kumethak lan nyenyampahi!
19(31-20) Iba lubering kautamen Paduka ingkang kacawisaken dhateng tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka, ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng tiyang ingkang sami ngayom dhateng ing Paduka, wonten ing ngajengipun manungsa!
20(31-21) Punika sami Paduka singidaken wonten ing pangayomaning wadana Paduka, margi saking wontenipun sekuthoning tiyang; sami Paduka ayomi wonten ing pamondhokan supados lepat saking padudonipun ilat kathah.
21(31-22) Pinujia Sang Yehuwah, awitdene sih-kadarmane dikatingalake marang aku kanthi patrap kang nggumunake nalika aku ketaman ing karupekan!
22(31-23) Amargi saking bingung kawula, kawula nginten: “Kawula sampun kabucal saking paningal Paduka.” Ewasamanten nalika kawula sesambat dhumateng Paduka, Paduka lajeng nyembadani dhateng pasambat kawula.
23(31-24) He sakehe para kekasihing Pangeran, padha tresnaa marang Sang Yehuwah! Sang Yehuwah ngreksa para wong kang setya, nanging kang gumunggung diwales temenan.
24(31-25) Sakehing wong kang ngarep-arep marang Sang Yehuwah, padha disantosa lan diteteg atimu!
Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan