Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 16 >> 

Tanah-pusakane Efraim lan Manasye

1Sawuse mangkono kang undhiane oleh bani Yusup. Tapel-watese wiwit ing bengawan Yarden ing sacedhake kutha Yerikho, ing sawetane sumber-sumber ing Yerikho, ngancik ing ara-ara samun kang saka Yerikho munggah menyang ing pagunungan, menyang ing Betel.

2Saka ing kutha Betel menyang ing Lus, terus menyang ing tlatahe wong Arki, menyang ing Atarot,

3banjur mudhun mangulon menyang ing tlatahe wong Yaflet, tutug ing tlatah Bet-Horon ing lebak lan sateruse nganti tekan ing Gezer, lan anjog ing segara.

4Iku tanah-pusaka kang ditampani bani Yusup yaiku suku Manasye lan suku Efraim.

5Dene tlatahe bani Efraim miturut gotrahe iku mangkene: tapel-watesing tanah-pusakane iku ing sisih wetan wiwit ing Atarot-Adar tutug ing Bet-Horon ing tengger.

6Mangulon watese iku metu ing salore Mikhmetat; tumuli nekuk mangetan menyang ing Taanat-Silo, saka ing kono terus nganti tutug ing sawetane Yanoah,

7medhun saka ing Yanoah menyang ing Atarot lan Naharat notog ing dhaerah Yerikho lan banjur menyang ing bengawan Yarden.

8Saka ing Tapuah wates iku banjur mangulon menyang ing kali Kana lan anjog ing sagara. Iku tanah-pusakane taler Efraim miturut gotrahe.

9Sabanjure ana kutha-kutha kang ditetepake kanggo bani Efraim ana ing satengahe tanah-pusakane bani Manasye, kutha-kutha mau dalah desa-desane.

10Nanging bani Efraim padha ora nundhungi wong Kanaan kang manggon ana ing Gezer, dadine wong Kanaan iku padha isih manggon ana ing satengahe suku Efraim nganti saprene, mung bae padha dadi kuli njangga karya.



 <<  Yosua 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel