Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 15 >> 

Wates-watese dhaerahe taler Yehuda

1Anadene panduman kang kaundhi kanggo taler Yehuda manut gotrahe iku nganti tekan ing tapel-watese tanah Edom, nganti tekan ing ara-ara samun Zin ing poncot kidul,

2watese kang kidul iku wiwit saka ing poncote Telaga Asin, saka ing teluk kang madhep mangidul,

3banjur ngliwati sisih kidule unggah-unggahan ing Akrabim, terus menyang Zin, nuli munggah menyang ing sisih kidule Kadesy-Barnea, terus menyang ing Hezron, banjur munggah menyang ing Adar, menggok menyang ing Karka,

4terus menyang ing Azmon sarta metu ing kaline tanah Mesir, pungkasane pantog ing sagara iya iku kang dadi watesmu sisih kidul.

5Watese sisih wetan Telaga Asin tutug ing sungapane bengawan Yarden, watese sisih lor iku wiwit ing teluk ing sungapane bengawan Yarden mau.

6Banjur munggah tutug ing Bet-Hogla tumuli ngliwati sisih lore Bet-Araba, munggah maneh tutug ing watu Bohan, bin Ruben.

7Sabanjure wates iku munggah saka ing lebak Akhor marang ing Debir, menggok mangalor ngener ing Gilgal, ing penere unggah-unggahan ing Adumim, sakiduling kali, nuli terus menyang ing sendhang En-Semes lan metu ngener ing sendhang En-Rogel.

8Saka ing kono wates iku munggah metu ing Lebak Ben-Hinom, nurut ing ereng-erenge gunung Yebus sisih kidul, iya iku ing Yerusalem, banjur munggah maneh tutug ing pucake gunung kang ana ing ngarepe Lebak Hinom ing sisih kulon, ing pungkasane lebake wong Efraim, kang sisih lor.

9Saka ing pucake gunung mau watese mlengkung menyang ing sendhang Me-Neftoakh lan banjur tutug ing kutha-kuthane pagunungan Efron, saka ing kono mlengkung menyang ing Baala, iya iku ing Kiryat-Yearim.

10Wates iku nuli menggok saka ing Baala mengulon ngener ing pagunungan Seir, terus ngalor menyang ing ereng-erenge gunung Yearim, yaiku ing Khesalon, medhun menyang Bet-Semes, terus menyang ing Timna,

11wates mau nuli mangalor menyang ing ereng-erenge gunung Ekron, terus mlengkung menyang ing Sikhron terus menyang ing gunung Baala lan metu ing sacedhake Yabneel, temahan wates mau anjog ing sagara.

12Mungguh wates kulon yaiku Sagara Gedhe lan pasisire. Iku mau tapel-watese tlatahe wong bani Yehuda ing saubenge miturut gotrahe dhewe-dhewe.

Kaleb ngrebut Hebron

13Anadene Rama Kaleb bin Yefune iku diparingi dening Sang Yusak panduman ana ing tengahe bani Yehuda, yaiku Kiryat-Arba, ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Yusak; Arba iku bapakne Enak, yaiku Hebron.

14Lan rama Kaleb nundhung wong Enak telu saka ing kono yaiku: Sesai, Ahiman lan Talmai, anak-anake Enak.

15Saka ing kono Rama Kaleb banjur nglurugi bangsa Debir, Jeneng Debir iku maune Kiryat-Sefer.

16Rama Kaleb nuli ngandika mangkene: “Sing sapa nggempur kutha Kiryat-Sefer nganti bisa bedhah, bakal dakpek mantu dakolehake anakku wadon Akhsa.”

17Kutha mau banjur dibedhah dening Sang Otniel, putrane Sang Kenas, sadhereke Rama Kaleb, mulane Rama Kaleb banjur maringake Akhsa, putrane putri, marang panjenengane dadi garwane.

18Bareng Ibu Akhsa mau wus rawuh, sing kakung banjur diojok-ojoki supaya nyuwun pategalan marang ramane. Ibu Akhsa tumuli mandhap saka ing kuldine, Rama Kaleb ndangu: “Ana apa?”

19Atur wangsulane Ibu Akhsa: “Kula nyuwun kaparingana ganjaran; kula sampun panjenengan paringi siti ingkang cengkar, nyuwun kaparingana sumber ugi.” Banjur diparingi sumber ing tenggeran lan ing ledhokan.

Kutha-kuthane suku Yehuda

20Iki tanah pusakane taler Yehuda miturut gotrah-gotrahe.

21Kutha-kuthane bani Yehuda kang ana ing poncot dhewe, ing sacedhake kikise tanah Edom, ing tanah Negeb, yaiku: Kabzeel, Eder, Yagur,

22Kina, Dimona, Adada,

23Kedesy, Hazor, Yitnan,

24Zif, Telem, Bealot,

25Hazor-Hadata, Keriot-Hezron, yaiku Hazor,

26Amam, Sema, Molada,

27Hazar-Gada, Hesmon, Bet-Pelet,

28Hazar-Sual, Bersyeba lan sakehe kutha wewengkone,

29Baala, Iyim, Ezem,

30Eltolad, Khesil, Horma,

31Ziklag, Madmana, Sansana,

32Lebaot, Silhim, Ain lan Rimon, gunggung kutha sangalikur karo desa-desane.

33Kang ana Dhaerah Pagunungan yaiku: Esytaol, Zora, Asna,

34Zanoah, En-Ganim, Tapuah, Enam,

35Yarmut, Adulam, Sokho, Azeka,

36Saaraim, Aditaim, Gedera lan Gederotaim: kutha patbelas karo desa-desane.

37Zenan, Hadasa, Migdal-Gad,

38Dilean, Mizpa, Yokteel,

39Lakhis, Bozkat, Eglon,

40Khabon, Lahmas, Khitlis,

41Gederot, Bet-Dagon, Naama lan Makeda: kutha nembelas karo desa-desane.

42Libna, Eter, Asan,

43Yiftah, Asna, Nezib,

44Kehila, Akhzib lan Maresa, kutha sanga lan desa-desane.

45Ekron lan sakehe kutha sarta desa wewengkone.

46Wiwit saka Ekron nganti tutug ing sagara, sakehe panggonan sandhing Asdod lan desa-desane;

47Asdod karo sakehe kutha lan desa-desa wewengkone, Gaza karo sakehe kutha lan desa wewengkone, nganti tutug ing kali ing tanah Mesir, ing Sagara Gedhe lan pasisire.

48Anamaneh ing pagunungan, yaiku: Samir, Yatir, Sokho,

49Dana, Kiryat-Sana, yaiku Debir,

50Anab, Estemo, Anim,

51Gosyen, Holon, lan Gilo: kutha sewelas karo desa-desa wewengkone;

52Arab, Duma, lan Esan,

53Yanum, Bet-Tapuah, Afeka,

54Humta, Kiryat-Arba, yaiku Hebron, lan Zior, kutha sanga karo desa- desane.

55Maon, Karmel, Zif, Yuta,

56Yizreel, Yokdeam, Zanoah,

57Kain, Gibea, lan Timna, kutha sepuluh karo desa-desa wewengkone.

58Halhul, Bet-Zur, Gedor,

59Maarat, Bet-Anot, lan Eltekon, kutha nem karo desa-desa wewengkone.

60Kiryat-Baal, yaiku Kiryat-Yearim, lan Raba, kutha loro karo desa- desa wewengkone.

61Kang ana ing ara-ara samun: Bet-Araba, Midin, Sekhakha,

62Nibsan, kutha Uyah lan Engedi: kutha nem karo desa-desa wewengkone.

63Nanging wong Yebus kang padha manggon ing Yerusalem ora bisa padha katundhung, dadine wong Yebus mau padha manggon awor karo bani Yehuda ana ing Yerusalem nganti saprene.



 <<  Yosua 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel