Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 26 >> 

1(26:1-3) Sawisé Raja Amazia séda, rakyat Yéhuda kabèh milih Uzia, putrané, nggentosi ramané dadi raja. Nalika semono yuswané Uzia nembelas taun. Asmané ibuné Yékolya, saka Yérusalèm. Uzia enggoné dadi raja ing Yérusalèm lawasé 52 taun. Kutha Éliot direbut menèh lan dibangun.

2(26:1)

3(26:1)

4Uzia ora béda karo ramané, lelakoné gawé renaning penggalihé Allah.

5Penaséhaté bab karohanèn, Zakharia. Selawasé Zakharia isih urip, Uzia ngabekti marang Pangéran klawan setya, temah diberkahi déning Allah.

6Raja Uzia perang karo wong Filistin. Témbok-témboké kutha Gad, Yabné lan Asdod digempur, banjur mbangun kutha-kutha nganggo bètèng sacedhaké Asdod lan ing daérah-daérah Filistia.

7Pangéran mitulungi marang Raja Uzia nelukaké wong Filistin, wong Arab sing manggon ing Gurbaal lan wong Menumim.

8Wong Amon padha mbayar pajeg marang Raja Uzia. Pangwasané saya gedhé lan misuwur tekan tanah Mesir.

9Kanggo nguwati kutha Yérusalèm Raja Uzia ngedegaké menara ing Gapura Pojok, semono uga ing Gapura Lebak lan ing témbok sing moncol.

10Panjenengané iya ngedegaké menara-menara ing tanah pangonan lan ndhudhuk sumur akèh, merga raja-kayané akèh banget, iya sing ana ing pegunungan, iya sing ana ing tanah ngaré sisih Kulon. Sarèhné seneng tetanèn, Sang Prabu nganjuraké supaya rakyat padha gawé kebon anggur ing tanah pegunungan, lan supaya padha nggarap lemah sing subur.

11Tentarané Raja Uzia akèh banget, lan tentara mau selawasé siaga nglurug perang. Pasukan-pasukan sing maju perang cacahé dicathet déning Yeièl lan Maaséya, para sèkretarisé Sang Prabu, sing dipimpin déning Hananya, pembantuné Sang Prabu.

12(26:12-13) Jajaran angkatan perang kabèh cacahé 307.500. Kabèh padha ahli perang kanggo Sang Prabu. Cacahé komandhané 2.600.

13(26:12)

14Tentarané Raja Uzia mau gamané tamèng, tumbak, topi waja, klambi keré saka wesi, gendhéwa lan panah sarta watu bandhil.

15Para ahli gegaman ing Yérusalèm padha gawé gegaman sing bisa nglepas panah lan watu gedhé-gedhé saka menara lan saka pojok-pojoké témboké kutha. Raja Uzia misuwur tekan endi-endi; semono uga pangwasané dadi gedhé banget, merga kapitulungan déning Allah.

16Bareng wis kuwat Raja Uzia dadi gemunggung, njalari dadi lan ambruké. Panjenengané mlebet ing Pedalemané Allah lan ngobong menyan ana ing mesbèh.

17Tindaké sing mengkono mau dilawan déning Imam Azaria lan imam 80 liyané sing rosa lan kendel.

18Aturé wong-wong mau, "Dhuh Sang Prabu, panjenengan mboten kagungan wewenang ngobong menyan kagem Allah. Menika tugasipun imam-imam anak-turunipun Harun, mergi tiyang-tiyang menika ingkang kapilih déning Allah. Panjenengan kula aturi jengkar saking panggènan suci menika! Panjenengan sampun nglawan dhateng Allah, pramila samenika Gusti Allah mboten badhé mberkahi panjenengan."

19Nalika semono Raja Uzia lagi ana ing Pedalemané Allah, jumeneng sandhing mesbèh papan kanggo ngobong menyan, astané ngasta menyan arep kagem kekutug. Sang Prabu duka banget marang para imam, nanging sanalika iku uga rainé kena lelara kusta sing nggegirisi.

20Azaria lan imam-imam liyané sing weruh padha kagèt banget. Raja Uzia banjur dipeksa nilar Pedalemané Allah. Panjenengané énggal-énggal miyos merga wis ketaman bebenduné Allah.

21Merga saka gerahé mau, Raja Uzia disingkiraké ana ing omah kusus, dhéwé, lan manggon ana ing kono tekan sédané. Panjenengané ora diparengaké mlebet menèh ing Pedalemané Allah. Pepréntahané negara ditindakaké déning Yotam, putrané.

22Riwayaté Raja Uzia liya-liyané wis katulis déning Nabi Yésaya bin Amos.

23Bareng séda Raja Uzia kasarèkaké ing palemahan sandhing pesaréané para raja, dadi ora ana ing pesaréané dhéwé, merga panjenengané gerah kusta, sing nggegirisi banget. Yotam, putrané, nggentèni dadi raja.



 <<  2 Tawarikh 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel