Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 2 >> 

1Hé anakku, nanggapana pituturku, lan éling-élingen piwelingku.

2Pitutur sing wicaksana kuwi gatèkna lan rasak-rasakna.

3Nyuwuna sesurupan lan ngudia supaya olèh pangertèn.

4Udinen kaya yèn kowé golèk slaka utawa raja-brana kapendhem.

5Yèn kuwi koktindakaké, kowé ngerti apa tegesé ngabekti marang Pangéran lan nemu kawruh bab Gusti Allah.

6Pangéran sing paring kawicaksanan; kawruh lan pangertèn pinangkané saka Panjenengané.

7Panjenengané sing paring pitulungan lan pengayoman marang wong mursid lan wong sing jujur.

8Panjenengané ngreksa wong sing tumindak adil, lan njagi wong sing setya marang Panjenengané.

9Menawa kowé ngrungokaké pituturku, kowé bakal ngerti bab sing bener, sing adil lan sing becik. Kowé bakal ngerti apa sing kudu koklakoni.

10Kowé bakal dadi wicaksana, lan kawruhmu kuwi bakal gawé senengé atimu.

11Kawicaksanan lan pangertèn bakal njagani kowé,

12lan ngélingaké kowé samasa arep tumindak sing ora bener. Kowé bakal diedohaké saka wong-wong sing arep nasaraké,

13yakuwi wong-wong sing ngungkuraké dalané kabeneran, milih ngambah dalaning dosa,

14iya wong-wong sing seneng gawé piala lan bungah menawa nindakaké piala,

15wong-wong sing saparipolahé ora kena diprecaya.

16Kowé bakal bisa nampik pambujuké wong wadon ala sing nyoba nggodha,

17wong sing ora setya marang bojoné dhéwé lan lali marang janjiné ing ngarsané Allah.

18Menawa kowé menyang omahé wong mau, kowé presasat marani pati. Nyedhaki wong mau padha karo mlebu ing donyané wong mati.

19Ora ana wong sing tau mrono bisa bali menèh, ngambah dalaning urip.

20Nulada lakuné wong becik, lan nirua uripé wong mursid.

21Wong sing uripé becik, lestari olèhé manggon ing tanah kéné.

22Nanging wong duraka bakal padha katumpes, kasirnakaké saka tanah kéné kaya tanduran sing dibedhol saka lemah.



 <<  Amsal 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel