Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 3 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné, "Golèka wong wadon menèh sing lagi nylèwèng karo dhemenané. Ngétokna kepéncutmu karo wong mau. Wong kuwi tresnanana kaya enggon-Ku nresnani wong Israèl, senajan padha nyingkur marang Aku lan ngetut allah-allah liyané karo nggawa sesajèn kismis marang reca-reca mau."

2Wong wadon mau banjur dakbayar limalas sèkel slaka lan sair 150 kilogram.

3Banjur dakkandhani yèn dhèwèké kudu urip bebarengan karo aku nganti suwé lan ora kena nyambi nyundel utawa nylèwèng, lan selawasé ora bakal dakwori turu.

4Kaya mengkono carané wong Israèl kudu padha urip nganti suwé, tanpa raja, tanpa penuntun lan tanpa saos kurban marang tugu-tugu brahala, tanpa éfod lan tanpa térafim kanggo ngramal.

5Sawisé mengkono wong Israèl bakal padha mratobat lan nggolèki Pangéran Allahé, lan marang turuné Dawud, ratuné. Yèn wis mengkono, umat Israèl bakal padha ngabekti marang Allah lan nampa peparing-peparing sing becik.



 <<  Hosea 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel