Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 13 >> 

1Gusti Allah maringaké prenatan marang Musa lan Harun mengkéné:

2Yèn ana wong sing kulité mlenthung, boroken, utawa metu blentong-blentongé putih, bisa uga dadi winihé lelara kusta. Wong mau kudu disowanaké imam, anak-turuné Harun,

3supaya kulité sing lara mau dipriksa. Yèn wulu ing kulité sing lara mau malih dadi putih, lan kulit katoné lekok ketimbang karo kulit ing kiwa-tengené, kuwi tandha yèn wong mau lara kusta. Imam banjur netepaké yèn wong kuwi najis.

4Nanging yèn pérangané kulit sing putih mau ora lekok ketimbang karo kulit ing kiwa-tengené lan wuluné ora malih dadi putih, wong mau kudu dipisah lawasé pitung dina.

5Sawisé pitung dina imam kudu mriksa wong mau menèh. Yèn miturut panemuné kulit sing lara mau rupané ajeg waé, dadi ora mrèmèn, wong kuwi kudu dipisah pitung dina menèh.

6Sawisé pitung dina, imam kudu mriksa wong mau menèh. Déné yèn larané suda, lan ora mrèmèn, wongé ditetepaké resik déning imam, tegesé lara kulit mau ora mbebayani. Wong mau kudu ngumbah sandhangané lan dianggep resik.

7Nanging yèn sawisé ditetepaké resik déning imam, larané kulit mau mbabrah, wongé kudu mriksakaké menèh marang imam.

8Imam kudu mriksa menèh, lan yèn larané mbabrah temenan, wongé kudu ditetepaké najis, lan cetha yèn lara kusta.

9Wong sing nandhang lara kusta, kudu disowanaké imam.

10Imam banjur mriksa. Yèn kulit sing lara mau malih putih, lan wuluné uga dadi putih sarta metu korèngé,

11kuwi nélakaké yèn wongé lara kulit. Imam kudu netepaké wong mau najis. Wongé ora prelu dipisahaké (dikurung), awit wis cetha yèn najis.

12Yèn kulit sing katon putih mau mbabrah saawak sekojur,

13imam kudu mriksa wong mau menèh. Yèn larané mau wis mrèmèn ngebeki awak sekojur lan kulité wis rata putih kabèh, wongé ditetepaké resik.

14(13:14-15) Nanging yèn metu korèngé, imam banjur kudu mriksa menèh. Lan yèn pancèn korèng, wongé kudu ditetepaké najis, merga korèng kuwi nélakaké yèn wongé lara kusta.

15(13:14)

16Nanging yèn korèngé mari, lan dadi putih menèh, wongé kudu ngadhep marang imam menèh,

17supaya dipriksa. Yèn tetéla korèngé wis dadi putih, imam banjur netepaké wongé mau resik.

18Yèn ana wong wudunen, wis mari,

19nanging tilasé wudun mau abuh, lan rupané putih, utawa putih semu abang, wong mau kudu énggal-énggal sowan imam,

20supaya dipriksa. Yèn kulit sing lara mau lekok ketimbang karo kulit ing sakiwa-tengené, sarta wulu sing ana ing kono malih dadi putih, imam kudu netepaké wong mau najis. Wudun kuwi tandhané yèn wong mau lara kusta.

21Nanging yèn manut pepriksan, wulu sing ana ing kono ora malih putih, lan panggonan kono ora lekok ketimbang karo kulit ing kiwa-tengené, nanging katon luwih putih, wong mau kudu dipisahaké lawasé pitung dina.

22Yèn malané mrèmèn, imam kudu netepaké wong mau najis, merga lara kusta.

23Nanging yèn tilasé wudun mau ora mrèmèn, wong kuwi ditetepaké resik.

24Yèn wong kulité kobong, lan tatuné kulit mau katon putih utawa putih semu abang,

25wongé kudu dipriksa déning imam. Yèn wulu ing tatu mau dadi putih, lan tatuné lekok ketimbang karo kulit ing kiwa-tengené, kuwi tandha yèn tatu sing merga saka kobong mau saiki dadi lelara kusta. Mulané imam kudu netepaké wong kuwi najis.

26Nanging yèn wulu ing tatu mau malih dadi putih, lan ora lekok ketimbang karo kulit ing kiwa-tengené, wong mau kudu dipisahaké lawasé pitung dina.

27Let pitung dina imam kudu mriksa wong mau menèh, lan yèn larané pancèn mrèmèn temenan, kuwi tandha yèn wong mau lara kusta. Imam kudu netepaké wong mau najis.

28Nanging yèn ajeg waé lan ora mrèmèn, lan mung belang, tandha yèn dudu lara kusta. Imam banjur kudu netepaké wong mau resik, awit malané mau mung tatu merga gosong.

29Yèn ana wong lanang utawa wadon lara kulit ing sirah utawa gulu,

30wongé kudu dipriksakaké imam. Yèn panggonan sing lara mau lekok ketimbang karo kulit ing kiwa-tengené, lan rambut sing ana ing kono malih dadi kuning sarta rontog, kuwi tandha yèn wongé lara kusta. Wongé mau kudu ditetepaké najis.

31Yèn miturut pepriksané imam panggonan sing lara mau ora lekok ketimbang karo kiwa-tengené, nanging rambuté ora subur, wongé kudu dipisahaké pitung dina.

32Sawisé pitung dina imam kudu mriksa panggonan sing lara mau menèh. Yèn larané ora mrèmèn lan rambuté ora malih semu kuning, apa menèh ora lekok ketimbang karo kulit ing kiwa-tengené,

33wong mau kudu dicukur rambuté sing ana ing kiwa-tengené panggonan sing lara mau, lan kudu dipisahaké menèh pitung dina.

34Ing dina kapituné, imam kudu mriksa menèh. Yèn larané ora mrèmèn lan kulité ing kono ora lekok ketimbang karo kulit ing kiwa-tengené, wong mau ditetepna resik. Wongé banjur kudu ngumbah sandhangané.

35Nanging yèn larané mrèmèn sawisé wong mau ditetepaké resik,

36imam wis ora prelu mriksa apa rambuté wong mau malih semu kuning apa ora, merga wis cetha yèn wong kuwi najis.

37Nanging yèn manut penemuné imam, larané ora mrèmèn, lan rambut ing kono subur, kuwi tandha yèn larané wis mari, lan imam kudu netepaké wong kuwi resik.

38Yèn ana wong lanang utawa wadon sing kulité pating blentong,

39wong mau kudu dipriksakaké imam. Yèn blentongé mung semu putih, kuwi mung panu, lan wongé ditetepaké resik.

40(13:40-41) Yèn wong lanang sirahé buthak, sisih ngarep utawa mburi, wong mau ora najis merga saka enggoné buthak.

41(13:40)

42Nanging yèn panggonan sing buthak mau ana tatuné putih semu abang, wong kuwi lara kusta.

43Mulané kudu dipriksakaké imam, lan yèn ketitik ana tatuné putih semu abang,

44imam kudu netepaké wong kuwi najis, merga nandhang lara kusta ing sirahé.

45Wong sing lara kusta, kudu nganggo sandhangan sing pating srempal, lan ora kena njungkati rambuté. Rainé sing ngisor kudu ditutupi, sarta alok-alok, "Najis! Najis!"

46Selawasé nandhang lelara mau, wong kuwi najis, wongé kudu manggon ing njaban désa, adoh saka wong liya-liyané.

47Yèn ana sandhangan sing amoh utawa suwèk, dadia sing digawé saka wol utawa léna,

48benang tenun utawa kulit,

49yèn panggonan sing amoh mau rupané semu ijo utawa semu abang, kuwi ateges ana budhugé sing wis mrèmèn; kudu dipriksakaké imam.

50Imam kudu mriksa barang mau lan nyingkiraké pitung dina.

51Let pitung dina kudu dipriksa menèh, lan yèn rusaké wis semrambah, barang mau kudu dianggep najis.

52Yèn wis kaya ngono mung kudu diobong.

53Nanging yèn manut pemriksané imam rusaké ora semrambah,

54imam kudu kongkonan ngumbah barang mau lan nyingkiraké lawasé pitung dina.

55Sawisé kuwi imam kudu mriksa menèh. Yèn panggonan sing rusak wernané ora malih, senajan rusaké ora mrèmèn, barang mau isih najis, dadi kudu diobong, ora preduli sing rusak mau pérangan sing ngarep apa sing mburi.

56Nanging yèn manut pemriksané imam rusaké ajeg, imam kudu nyuwèk pérangan sing rusak mau, dadia barangé saka tenun utawa saka kulit.

57Yèn panggonan sing disuwèk mau katon rusak menèh, kuwi tandha yèn rusaké mrèmèn. Barang mau kudu diobong déning sing duwé.

58Yèn sawisé dikumbah rusaké ilang, barang mau kudu dikumbah menèh. Sawisé kuwi lagi dianggep resik temenan.

59Mengkono prenatan bab sandhangan sing meprel, sing digawé saka léna utawa saka wol lan sedhéngah barang sing digawé saka kulit.



 <<  Imamat 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2020
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran