Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 11 >> 

1Sawisé rampung enggoné maringi piweling marang para muridé rolas, Gusti Yésus banjur tindak memulang lan martosaké Injil ana ing kutha-kutha kono.

2Nabi Yohanes sing nalika semana ana ing pakunjaran, mireng pawartos bab pakaryané Gusti Yésus. Nabi Yohanes nuli ngutus muridé sawetara sowan marang Gusti Yésus, supaya nyuwun pirsa mengkéné:

3"Menapa Panjenengan menika ingkang badhé rawuh, kados ingkang dipun ngandikakaken déning para nabi? Menapa kawula taksih kedah ngentosi tiyang sanèsipun?"

4Gusti Yésus mangsuli: "Padha balia, aturna marang Nabi Yohanes apa sing kokrungu lan kokdeleng:

5Wong wuta padha bisa ndeleng, wong lumpuh padha bisa mlaku, lan wong lara kusta padha kawarasaké; wong budheg bisa ngrungu, wong mati padha diuripaké, lan wong mlarat padha kawartanan Injil.

6Begja wong sing precaya marang Aku tanpa mangu-mangu!"

7Sapungkuré para muridé Nabi Yohanes, Gusti Yésus banjur ngandika marang wong akèh sing lagi padha ana ing kono bab Nabi Yohanes Pembaptis, mengkéné: "Kowé padha marani Nabi Yohanes ana ing ara-ara samun padha arep ndeleng apa? Apa arep ndeleng glagah sing kena ing angin?

8Apa sejatiné sing kepéngin kokdeleng? Apa wong sing nganggo sandhangan mentèrèng? Wong sing padha nganggo sandhangan mentèrèng kuwi manggoné ana ing kraton!

9Apa sejatiné sing kepéngin kokdeleng, yèn kowé padha marani Nabi Yohanes Pembaptis? Apa arep ndeleng nabi? Iya pancèn! Nabi Yohanes kuwi malah ngungkuli nabi!

10Sebab iya Nabi Yohanes kuwi sing disebut ana ing Kitab mengkéné: Pangandikané Gusti Allah: ‘Iki utusan-Ku. Aku ngutus utusan-Ku ndhisiki lakumu, supaya ngrata dalan sing bakal kokambah.’

11Padha titènana! Sajagad iki ora ana wong sing ngungkuli Nabi Yohanes Pembaptis. Senajan mengkono wong sing pangkaté cilik dhéwé ana ing Kratoné Allah iku ngluwihi Nabi Yohanes Pembaptis.

12Wiwit nalika Nabi Yohanes Pembaptis memulang, tekan sepréné, Kratoné Allah kuwi dilawan déning wong-wong sing padha ngudi ngwasani nganggo rodha-peksa.

13Piwulangé Agama Yahudi sing diwulangaké déning Nabi Musa lan para nabi liyané nganti satekané Nabi Yohanes Pembaptis, kabèh mecakaké bab Kratoné Allah.

14Déné yèn kowé gelem precaya marang piwulang mau, ngertia yèn Nabi Yohanes Pembaptis kuwi iya Nabi Élia, sing rawuhé wis diweca.

15Sing sapa duwé kuping padha ngrungokna!

16Wong-wong jaman saiki arep Dakupamakaké apa? Kaya bocah-bocah sing padha dolanan ana ing pasar; sing sakrompol celuk-celuk marang krompolan liyané:

17‘Aku wis nyuling lagu pengantèn, yagéné kowé kokpadha ora njogèd? Lan aku wis ngidungaké kidung kepatèn, nanging kowé kokpadha ora nangis?’

18Nabi Yohanes sing tekané nganggo pasa lan ora ngombé anggur, diarani: ‘Wong kesurupan sétan!’

19Saiki Aku, Putrané Manungsa sing teka nganggo mangan lan ngombé, diunèkaké: ‘Delengen wong kuwi! Wong nggragas, seneng endem-endeman lan kancané wong durjana.’ Nanging Gusti Allah kuwi wicaksana, lan kawicaksanané mau dibuktèkaké srana wohing pakaryané."

20Sawisé mengkono, Gusti Yésus nutuh marang kutha-kutha sing padha ora mratobat, senajan Gusti Yésus enggoné damel mujijat sing akèh dhéwé ana ing kutha-kutha mau.

21Pangandikané: "Cilaka kowé, kutha Khorazim! Lan cilaka uga kowé, kutha Bètsaida! Sebab saupama mujijat-mujijat sing Daktindakaké ana ing tengah-tengahmu kuwi kelakon ana ing kutha Tirus lan Sidon, wong-wong ing kana mesthi wis biyèn-biyèn padha mratobat lan nggetuni dosané.

22Padha titènana mbésuk ing Dina Kiamat; paukuman tumrap kutha Tirus lan kutha Sidon bakal luwih ènthèng ketimbang karo paukuman tumrap kowé!

23Lan kowé kutha Kapèrnaum! Apa kowé bakal disengkakaké tekan ing swarga? Ora! Kowé malah bakal dibuwang ing nraka. Awit saupama ing kutha Sidon dianakaké mujijat-mujijat kaya sing kelakon ana ing tengah-tengahmu, kutha Sidon mesthi isih lestari tekan sepréné.

24Nanging kowé Dakkandhani: ‘Mbésuk ing Dinané Kiamat, wong-wong ing kutha Sodom bakal luwih diwelasi déning Gusti Allah ketimbang karo kowé!’"

25Nalika semana Gusti Yésus saos panuwun marang Gusti Allah, aturé: "Dhuh Rama, Gustinipun langit lan bumi! Kawula ngaturaken agenging panuwun, déné bab menika sedaya Paduka damel wados tumrap tiyang-tiyang pinter lan para sarjana. Nanging tiyang-tiyang ingkang mboten gadhah kawruh, Paduka paringi sumerep.

26Inggih mekaten Rama, pamilih lan keparengipun kersa Paduka."

27"Samubarang kabèh wis dipasrahaké marang Aku déning Rama-Ku. Lan ora ana wong sing wanuh marang Sang Putra, kejaba Sang Rama. Semono uga ora ana sing wanuh marang Sang Rama, kejaba Sang Putra lan wong-wong sing diwanuhaké déning Sang Putra marang Sang Rama.

28Padha mrénéa, kowé sing padha sayah merga mikul abot. Kowé bakal Dakparengaké ngaso.

29Dhawuh-Ku lakonana lan pitutur-Ku gatèkna, atimu mesthi bakal ayem, merga Aku iki alus ing budi lan andhap-asor.

30Awit dhawuh-Ku kuwi ora angèl lan momotan-Ku mau ènthèng."



 <<  Matius 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel