Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 20 >> 

1"Kratoné Allah kuwi kena diupamakaké wong duwé kebon anggur. Ing wayah ésuk wong mau metu golèk buruh kanggo nggarap keboné anggur.

2Sawisé wong mau sarujuk mbayar saben wong siji sedina sedinar, banjur akon para buruh mau nyambut-gawé ing keboné anggur.

3Kira-kira jam sanga ésuk wong sing duwé kebon anggur mau lunga menèh lan weruh wong sawetara lagi padha nganggur ana ing pasar,

4banjur dikandhani: ‘Padha nyambut-gawé ing kebonku anggur. Kowé bakal dakopahi miturut apa mesthiné.’

5Wong-wong mau uga tumuli mangkat. Kira-kira jam rolas lan jam telu awan wong sing duwé kebon anggur mau lunga menèh lan nindakaké kaya ing ngarep mau.

6Kira-kira jam lima soré wong mau lunga menèh lan weruh wong-wong sing uga padha nganggur, banjur padha ditakoni: ‘Yagéné padha nganggur ana ing kéné sedina muput?’

7Wangsulané sing padha ditakoni: ‘Awit mboten wonten tiyang ingkang nyukani pedamelan.’ ‘Yèn mengkono, kowé padha nyambuta-gawé ing kebonku anggur!’ ujaré sing duwé kebon.

8Bareng wis surup, sing duwé kebon mau kandha marang mandhoré: ‘Buruh-buruh kuwi padha undangen, padha wènèhana opahé, wiwit saka sing tekané kèri dhéwé nganti tekan sing dhisik dhéwé.’

9Wong-wong sing padha wiwit nyambut-gawé kira-kira jam lima soré nuli teka, lan diopahi sedinar.

10Sawisé kuwi nuli sing mlebu luwih ésuk padha mara. Pengirané bakal padha tampa luwih akèh. Nanging jebul iya tampa sedinar wong siji.

11Nalika padha nampani opahé, wong-wong mau padha nggrundeli sing duwé kebon.

12Pangucapé: ‘Para berah ingkang sami mlebet kantun piyambak menika rak namung sami nyambut-damel setunggal jam. Kula sami nyambut-damel sedinten muput lan sami kebentèren; kénging menapa tiyang-tiyang wau panjenengan paringi opah sami kaliyan kula?’

13Wong sing duwé kebon mau mangsuli: ‘Lo, aku rak ora keluputan karo kowé. Kowé rak wis sarujuk nampa opah sedinar sedina?

14Tampanana opahmu lan lungaa. Iki wis dadi karepku mènèhi wong sing mlebu kèri dhéwé padha karo sing dakbayaraké marang kowé.

15Apa aku ora olèh migunakaké barang-barangku dhéwé manut sakarepé atiku? Apa sebabé kowé mèri yèn aku loma marang wong liya?’"

16Gusti Yésus banjur ngandika: "Iya kaya mengkono kuwi wong-wong sing tekané kèri bakal dadi dhisik dhéwé lan wong-wong sing padha teka dhisik bakal dadi sing kèri dhéwé!"

17Nalika arep tindak menyang kutha Yérusalèm, ana ing dalan Gusti Yésus nimbali para muridé rolas ndhéwé. Banjur ngandikani mengkéné:

18"Padha rungokna! Saiki kita padha menyang kutha Yérusalèm. Ana ing kana Putrané Manungsa bakal dipasrahaké marang para pengareping imam lan para ahli Torèt. Wong-wong mau bakal netepaké paukuman pati marang Panjenengané.

19Sawisé kuwi wong-wong mau bakal masrahaké Panjenengané marang wong-wong dudu Yahudi, supaya dipoyoki lan dipecuti, banjur disalib. Nanging ing telung dinané Panjenengané bakal kawungokaké menèh saka ing pati."

20Somahé Zébedéus sowan ing ngarsané Gusti Yésus karo anak-anaké, banjur sujud lan arep ngaturaké panyuwunan.

21Gusti Yésus ndangu: "Kowé arep matur apa?" Aturé somahé Zébedéus: "Panjenengan kersaa paring prejanji, bilih mbénjing samasa Panjenengan jumeneng Raja, anak kawula kekalih menika keparenga linggih ing sisih tengen lan ing sisih kiwa Panjenengan."

22Gusti Yésus ngandika: "Kowé kuwi padha ora ngerti apa sing koksuwun. Apa kowé wani ngombé saka tuwung sing kudu Dakombé?" Wangsulané sing padha kadangu: "Inggih wantun."

23Gusti Yésus tumuli ngandika: "Pancèn kowé iya bakal padha ngombé saka tuwung sing bakal Dakombé. Nanging bab sapa sing bakal lungguh ing sisih tengen lan ing sisih kiwa-Ku, kuwi Aku ora wenang netepaké. Kuwi bakal kaparingaké marang wong-wong sing wis dipilih déning Rama-Ku."

24Bareng murid sepuluh liyané ngrungu bab kuwi, padha nepsu marang wong loro sasedulur mau.

25Mulané Gusti Yésus banjur nimbali para murid kabèh, sarta dingandikani mengkéné: "Kowé padha ngerti, yèn para penjajah sing duwé pangwasa kuwi nindhes marang rakyat. Semono uga para penggedhé padha nindakaké pangwasané kanthi kenceng.

26Nanging tumrapé kowé, cara sing kaya mengkono kuwi aja koktindakaké. Yèn ing antaramu ana sing kepéngin dadi penggedhé, kuwi kudu dadi réwang.

27Lan yèn panunggalanmu ana sing kepéngin dadi pengarep, kuwi kudu dadi batur.

28Ora béda karo Putrané Manungsa, enggoné rawuh ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi, sarta masrahaké nyawané kanggo ngluwari wong akèh."

29Nalika Gusti Yésus lan murid-muridé ninggal kutha Yérikho, akèh wong sing padha ndhèrèkaké.

30Ing pinggir dalan ana wong wuta loro padha lungguh. Bareng ngrungu yèn Gusti Yésus langkung, wong loro mau padha nguwuh-uwuh: "Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, mugi kersa melasi kawula!"

31Wong akèh sing ana ing kono padha nepsu lan akon supaya wong loro mau meneng. Nanging malah saya seru panguwuhé: "Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, mugi kersa melasi kawula!"

32Gusti Yésus nuli mandheg sarta nimbali wong loro mau, pangandikané: "Kowé padha nyuwun Dakkapakaké?"

33Atur wangsulané sing padha kadangu: "Gusti, kawula kepéngin mripat kawula saged ningali!"

34Gusti Yésus trenyuh penggalihé merga saka welas, banjur ndumuk mripaté wong-wong mau. Sanalika iku uga wong loro mau banjur padha bisa ndeleng. Tumuli padha ndèrèkaké tindaké Gusti Yésus.



 <<  Matius 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel