Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 7 >> 

1Ana wong Farisi lan para ahli Torèt sawetara saka ing kutha Yérusalèm, padha sowan Gusti Yésus.

2Wong-wong mau wis tau padha weruh, nalika muridé Gusti Yésus sawetara padha mangan, tangané tanpa wisuh dhisik, ora manut prenatané wong Farisi.

3Wong-wong Farisi, semono uga wong Yahudi padha setya nglakoni adat sing diwarisaké déning para leluhuré. Wong-wong mau ora bakal mangan, menawa durung padha wisuh tangané.

4Wong-wong mau iya ora bakal mangan panganan saka pasar, menawa durung dikumbah dhisik. Lan isih akèh menèh prenatan liyané sing padha diwarisi saka para leluhuré, sing padha diugemi banget, kayata: bab carané ngasahi gelas, cangkir, grabah saka tembaga, lan carané nebahi peturon.

5Mulané wong-wong Farisi lan para ahli Torèt mau padha nyuwun pirsa karo Gusti Yésus: "Menapa sebabipun murid-murid Panjenengan kokmboten nglampahi adat ingkang dipun warisaken déning para leluhur? Menapa sebabipun koksami nedha tanpa wisuh tangan rumiyin?"

6Gusti Yésus ngandika: "Pancèn cèples banget sing diweca déning Nabi Yésaya, bab wong-wong lamis sing kaya kowé kuwi. Ing kitabé Nabi Yésaya ana tulisan mengkéné: ‘Pangandikané Gusti Allah, wong-wong kuwi ngurmati Aku mung ana ing lambé waé. Nanging atiné sanyatané adoh saka Aku.

7Tanpa guna wong-wong kuwi padha nyembah marang Aku, sebab padha mulang wong dikon nglakoni prenatan-prenatané manungsa dipadhakaké karo prenatan-Ku.’

8Préntah-préntahé Gusti Allah koksingkiraké, banjur prenatan-prenatané manungsa kokleluri."

9Gusti Yésus banjur ngandika menèh karo wong-wong mau: "Kowé padha pinter banget nyingkiraké préntahé Gusti Allah, supaya kowé padha bisa nganggo piwulangmu dhéwé.

10Nabi Musa rak wis paring dhawuh mengkéné: ‘Padha ngajènana bapak lan ibumu,’ lan ‘sapa sing nyepèlèkaké bapak lan ibuné, kuwi mesthi diukum pati.’

11Nanging kowé padha mulangaké: Menawa ana wong sing duwé barang sing kena dienggo nulungi bapak lan ibuné, mangka banjur matur marang bapakné utawa ibuné: ‘Barang gadhahan kula sampun kula anggé caos kurban,’ (caos kurban kuwi cecaos marang Gusti Allah),

12wong mau nuli dianggep luwar saka kuwajibané tumrap bapak lan ibuné.

13Dadi srana prenatan-prenatan sing kokwulangaké marang wong-wong mau, kowé padha njalari préntah-préntahé Gusti Allah ora kanggo. Mangka isih akèh menèh prekara-prekara kaya mengkono kuwi sing koklakoni."

14Wong akèh mau ditimbali menèh déning Gusti Yésus, banjur padha dingandikani: "Rungokna, lan padha ngertia!

15Wong ora dadi najis merga barang saka njaba sing mlebu ana ing wong, nanging merga barang sing metu saka wong mau.

16[Mulané sapa sing duwé kuping, padha ngrungokna!]"

17Wong akèh mau tumuli ditilar mlebet déning Gusti Yésus. Ing njero omah, murid-muridé padha nyuwun pirsa, apa tegesé pasemon mau.

18Gusti Yésus ngandika marang para muridé: "Apa kowé kuwi ya bodho, padha karo wong-wong kuwi mau? Apa kowé ya ora ngerti, yèn barang sing saka njaba mlebu ing wong, kuwi ora bisa ndadèkaké wong kuwi najis?

19Sebab barang sing mlebu kuwi ora mlebu ing atiné, nanging mlebu ing wetengé, lan sebanjuré bakal metu menèh saka badané." (Srana pangandika mau Gusti Yésus nerangaké yèn kabèh panganan kuwi kalal.)

20Gusti Yésus banjur ngandika menèh: "Sing metu saka manungsa, kuwi sing marahi manungsa dadi najis.

21Sebab kuwi metu saka njeroning atiné manungsa. Ya saka ing ati kuwi tekané pikiran-pikiran ala sing njalari wong laku jina, nyolong, matèni,

22laku bandrèk, srakah, lan sakèhé penggawé ala, ngapusi, kurang ajar, mèri, memisuh, umuk, sembrana.

23Kabèh sing ala kuwi metu saka njeroné manungsa. Lan ya kuwi sing marahi manungsa dadi najis."

24Saka ing papan kono, Gusti Yésus banjur tindak menyang kutha Tirus. (Tirus kuwi kutha ana ing sapinggiré Segara Tengah, kapener salor kuloné Tlaga Galiléa.) Ana ing Tirus kono, Gusti Yésus mlebu ing sawijining omah, kersané aja nganti ana wong sing ngerti, yèn Panjenengané ana ing kono. Nanging nyatané ora mengkono, sebab wong-wong padha ngerti, menawa Gusti Yésus ana ing kono.

25Ana wong wadon sing tau krungu critané wong bab Gusti Yésus, duwé anak wadon sing kepanjingan dhemit. Wong mau banjur sowan, jèngkèng ing sampéyané Gusti Yésus, nyuwun supaya Gusti Yésus kersa nundhung dhemit sing nyurupi anaké.

26Wong wadon kuwi dudu wong Yahudi, nanging wong saka kutha Fénisia, ing tanah Siria.

27Gusti Yésus banjur ngandika marang wong wadon mau: "Bèn anak-anaké dhéwé dhisik sing padha wareg. Ora samesthiné pangané anak-anaké diwènèhaké asu."

28Aturé wong wadon: "Leres Gusti, nanging segawon-segawon rak inggih nedha rontogan roti, ingkang dipun tedha putra-putra, ingkang dhawah ing ngandhap méja?"

29Gusti Yésus banjur dhawuh karo wong wadon mau: "Kandhamu kuwi bener! Wis, saiki kowé muliha! Dhemité wis lunga!"

30Wong wadon mau banjur bali. Satekané omah, anaké lagi turon ana ing peturon. Dhemité wis lunga temenan.

31Gusti Yésus tindak saka kutha Tirus, ngliwati kutha Sidon menyang Tlaga Galiléa menèh. Tindaké ngliwati wilayah Dékapolis.

32Ing kono ana wong sing budheg-bisu disowanaké Gusti Yésus. Wong-wong padha nyuwun, supaya Gusti Yésus kersa numpangaké astané ing wong sing lara mau.

33Wongé banjur dituntun, digawa rada ngadoh saka wong akèh. Kupingé wong sing budheg-bisu kuwi diduleg. Gusti Yésus nuli kecoh. Ilaté wong mau banjur didemèk.

34Panjenengané banjur tumenga ing langit, unjal ambekan, banjur ngandika marang wong budheg-bisu mau: "Éfata!," sing tegesé: "Mengaa!"

35Sanalika kupingé bisa krungu, ilaté dadi lemes lan bisa guneman kaya salumrahé wong.

36Gusti Yésus meling marang wong sing padha neksèni lelakon mau, supaya aja padha wewarta marang wong liya. Nanging saya banget olèhé menging, wong-wong mau malah saya banget enggoné wewarta.

37Kabèh sing krungu gumun. Kandhané wong-wong mau: "Kokhébat temen, wong kuwi! Panjenengané nggawé wong budheg bisa krungu, lan wong bisu bisa guneman."



 <<  Markus 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel