1(21-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. (21-2) Dhuh Allah, Sang Prabu bingah-bingah margi sampun Paduka paringi kekiyatan; Sang Prabu sanget bingahipun, margi sampun Paduka paringi kemenangan.
2(21-3) Sampun Paduka jurungi pepénginané manahipun, panyuwunipun sampun Paduka leksanani.
3(21-4) Paduka sampun paring berkah ingkang lubèr, lan sampun Paduka agemi makutha emas.
4(21-5) Sang Prabu nyuwun gesang dhumateng Paduka, inggih sampun Paduka paringi yuswa panjang ingkang langgeng.
5(21-6) Ageng kaluhuranipun margi saking pitulung Paduka, asmanipun misuwur lan ageng kawibawanipun.
6(21-7) Berkah Paduka tansah nyarengi panjenenganipun, temah ngalami kabingahan ing ngarsa Paduka.
7(21-8) Sang Prabu pitados dhateng Allah, lan margi saking sih-kasetyanipun ingkang mahaluhur, panjenenganipun badhé tetep sentosa.
8(21-9) Asta Paduka badhé nyepeng mengsahipun sedaya, inggih sedaya tiyang ingkang sengit dhateng panjenenganipun.
9(21-10) Tiyang-tiyang wau badhé Paduka besmi, samasa Paduka rawuh ngetingal, dhuh Allah, sami badhé Paduka tumpes srana paukuman Paduka, lan Paduka sirnakaken srana latu.
10(21-11) Anak-turunipun badhé Paduka tumpes saking bumi, kasirnakaken saking antawisipun manungsa.
11(21-12) Menawi sami masang kala dhateng Sang Prabu, sarta sami ngancam ngangkah piawon, mboten badhé angsal damel.
12(21-13) Sami badhé dipun panah déning Allah, ngantos badhé sami mundur lan mlajeng.
13(21-14) Dhuh Allah, mugi kersa jumeneng, saha ngetingalaken pangwaos Paduka. Kawula sami badhé memuji lan ngidungaken pangwaos Paduka kalayan masmur.
Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan