Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 7 >> 

1Sawusé mangkono Yésus lelana ngideri Galiléa. Sabab Panjenengané ora karsa mider-mider ana ing Yudéa, awit wong Yahudi padha ngarah sédané.

2Nalika iku ngarepaké riyayané wong Yahudi, yaiku riyaya Tancebing Tarub.

3Kang iku para sadhèrèké Yésus padha matur marang Panjenengané, "Sumangga Panjenengan tindak dhateng Yudéa, supados para murid Panjenengan inggih sami saged ningali pakaryan ingkang Panjenengan tindakaken.

4Sabab mboten wonten tiyang ingkang tumindak kanthi sesidheman, manawi ngangkah dados kawigatosanipun tiyang kathah. Manawi Panjenengan nindakaken pakaryan ingkang makaten punika, sumangga Panjenengan ngedhèng dhateng jagat."

5Sabab para sadhèrèké piyambak iya padha ora pracaya marang Panjenengané.

6Yésus tumuli ngandika marang para sadhèrèké mau, "Durung tekan waktuku, nanging tumrapé kowé kabèh, tansah ana waktuné.

7Jagat iku ora bisa sengit marang kowé, nanging sengit marang Aku, amarga Aku neksèni yèn panggawéné jagat iku ala.

8Kowé padha mangkata nekani riyaya iku. Aku durung mangkat mrana, amarga durung tekan waktuku."

9Sawisé ngandika mangkono, Panjenengané banjur kantun ana ing Galiléa.

10Nanging bareng para sadhèrèké wis mangkat nekani riyaya mau, Panjenengané iya tindak mrana, nanging ora ngeblak, dadi kanthi sesidheman.

11Nalika riyaya, wong-wong Yahudi padha nggolèki Panjenengané, lan ngucap, "Wongé ana ing ngendi?"

12Saka antarané wong akèh mau kaprungu rerasanan bab Panjenengané. Ana kang ngucap mangkéné, "Iku wong becik." Liyané manèh, "Ora, iku nasaraké wong akèh."

13Éwadéné ora ana wong siji-sijia kang wani rembugan ngeblak bab Panjenengané, amarga padha wedi marang wong Yahudi.

14Bareng wus nengah-nengahi riyaya, Yésus lumebet ing Padaleman Suci sarta memulang.

15Wong Yahudi padha kaéraman, pangucapé, "Wong iku olèhé kawruh kang kaya mangkono iku saka ing ngendi, rak ora nganggo sinau!"

16Yésus paring wangsulan, "Piwulangku iki dudu piwulangku dhéwé, nanging piwulangé kang ngutus Aku.

17Saben wong kang gelem nglakoni karsané, mesthi bakal mangerti piwulangku iki, apa saka Allah, apa saka tetembunganku dhéwé.

18Saben wong kang rembugé saka karepé dhéwé iku ngarah kaluhurané dhéwé. Nanging wong kang ngupaya kaluhurané kang ngutus, iku kang temen, sarta ora kadunungan cidra.

19Apa dudu Musa kang ndhawuhaké angger-anggering Torèt marang kowé? Nanging panunggalanmu ora ana siji-sijia kang netepi angger-anggering Torèt mau. Sabab apa kowé padha ngarah patiku?"

20Atur wangsulané wong akèh, "Panjenengan punika kapanjingan dhemit. Sinten ingkang badhé nyédani Panjenengan?"

21Yésus paring wangsulan marang wong-wong mau, "Mung ana panggawé siji kang daklakoni, mangka kowé kabèh padha gumun.

22Dadiné, Musa ndhawuhaké pranatan tetak marang kowé -- sanyatané pranatan tetak iku ora saka Musa, nanging saka para leluhur kita -- lan ing dina Sabat kowé iya padha netaki wong.

23Menawa wong ditetaki ing dina Sabat, supaya angger-anggeré Musa aja nganti katerak, yagéné kowé padha panas atimu marang Aku, awit Aku marasaké badan sakojur ing dina Sabat?

24Anggonmu ngukumi aja manut apa kang katon, nanging ngukumana kanthi adil."

25Wong Yérusalèm sawatara padha ngucap, "Apa dudu Wong iku kang diarah patiné?

26Delengen, Panjenengané ngandika kanthi sakepénaké baé pangucapé, sarta wong-wong ora padha madoni apa-apa. Apa sajaké para panggedhé kita iya wus pirsa menawa Panjenengané iku Kristus?

27Nanging mungguh Wong iku kita wus mangerti pinangkané, mangka samangsa Kristus iku rawuh, ora ana kang weruh pinangkané."

28Nalika Yésus memulang ing Padaleman Suci, Panjenengané ngandika mangkéné, "Pancèn kowé padha wanuh marang Aku, lan iya padha weruh asal-usulku saka ngendi; nanging tekaku ora saka karepku dhéwé. Aku diutus déning Panjenengané kang asipat leres, kang kowé padha ora wanuh.

29Aku wanuh Panjenengané, amarga Aku mijil saka Panjenengané, lan iya Panjenengané iku kang ngutus Aku."

30Wong-wong mau padha ngarah nyekel Panjenengané, nanging ora ana kang nganti nggepok sarirané, amarga durung tekan wektuné.

31Ananging ing antarané wong akèh iku, akèh kang padha pracaya marang Panjenengané sarta pangucapé, "Menawa Kristus rawuh, apa iya bakal nindakaké mukjijat luwih akèh katimbang karo kang katindakaké déning Panjenengané iki?"

32Para Farisi padha krungu yèn wong akèh padha grenengan kaya mangkono bab Panjenengané, mulané para pangareping imam lan para Farisi banjur padha kongkonan para tukang jaga Padaleman Suci dikon nyekel Panjenengané.

33Yésus banjur ngandika, "Mung kari sawatara mangsa anggonku ana ing antaramu, nuli Aku bakal sowan marang kang ngutus Aku.

34Kowé bakal padha nggolèki Aku, nanging ora bakal ketemu, awit kowé padha ora bisa marani padununganku."

35Wong-wong Yahudi nuli padha sapocapan, "Panjenengané iku arep tindak menyang ngendi, nganti aku padha ora bisa ketemu Panjenengané? Apa arep marani wong kang padha ngumbara ing antarané wong Yunani, arep memulang wong Yunani?

36Apa tegesé tembung kang diucapaké: Kowé bakal padha nggolèki Aku, nanging ora bakal ketemu karo Aku, sarta kowé ora bakal padha bisa marani padununganku?"

37Bareng dina wekasan, yaiku nalika gedhé-gedhéning riyaya mau, Yésus jumeneng sarta ngandika, "Sing sapa ngelak, iku maranana Aku lan ngombéa!

38Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya suraosé kitab: ana ing batiné bakal mili ilèn-ilèn banyu urip!"

39Kang dikarsakaké iku mau yaiku Roh, kang bakal ditampa déning wong-wong kang padha pracaya marang Panjenengané; sabab nalika samana Roh durung rawuh, amarga Yésus durung kamulyakaké.

40Ana wong sawatara ing antarané wong akèh iku kang padha krungu pangandika iku mau, banjur padha ngucap, "Panjenengané iku sanyata Nabi kang padha kita anti-anti."

41Liyané padha ngucap, "Panjenengané iku Kristus." Nanging kang liyané manèh ana kang ngucap, "Dudu, Kristus iku ora mijil saka Galiléa!

42Amarga manut surasané Kitab Suci, Kristus iku mesthi mijil saka trahé Daud."

43Temahan wong golongan padha diya-diniya bab Panjenengané.

44Ana panunggalané sawatara kang padha arep nyekel Panjenengané, nanging ora ana kang nganti wani nggepok sarirané.

45Wong jaga mau tumuli padha bali menyang ngarsané para pangarepé imam lan para Farisi, sarta dikandhani, "Kena apa wongé kok ora kokgawa?"

46Wangsulané wong-wong iku, "Dèrèng naté wonten tiyang ingkang wicanten kados tiyang punika!"

47Wangsulané para Farisi marang para wong jaga mau, "Apa kowé iya wus padha disasaraké?

48Apa ana ing antarané para panggedhé lan ing antarané para Farisi kang padha pracaya marang wong iku?

49Nanging wong akèh iku padha ora weruh ing Torèt, padha kena ing musibat."

50Nikodémus, salah sijining wong panunggalané, kang biyèn tau sowan Panjenengané, ngucap,

51"Punapa angger-anggering Torèt kita ngukum tiyang, sadèrèngipun tiyang punika dipun priksa sarta dipun yektosi pratingkahipun?"

52Wangsulané wong-wong mau, "Punapa panjenengan inggih tiyang Galiléa? Sumangga panjenengan titi-priksa Kitab Suci, satemah panjenengan badhé uninga bilih mboten wonten nabi ingkang rawuh saking Galiléa."

53Wong-wong iku mau banjur padha mulih sowang-sowangan,



 <<  Yohanes 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel