Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 11 >> 

Sang Prabu Saul ngluwari Yabesy

1Sang Prabu Nahas, ratu ing Amon nglurugi perang lan ngadegake kemah, ngepung Yabesy-Gilead. Sakehe wong ing Yabesy banjur matur marang Sang Prabu Nahas: “Kawula aturi damel prajanjian kaliyan kawula, lan kawula badhe sumuyud dhateng panjenengan dalem.”

2Nanging Sang Prabu Nahas, ratu ing Amon, paring pangandika marang wong iku: “Sarate anggonku gawe prajanjian karo kowe mangkene: saben wong mripate tengen bakal suncuplak; sarana patrap mangkono aku bakal gawe wirange sakehe wong Israel.”

3Ature para tetuwane wong Yabesy: “Kawula nyuwun inah pitung dinten, supados kawula saged nyebar kengkenan dhateng sawewengkonipun Israel sadaya; manawi boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ngluwari kawula, kawula badhe medal asrah bongkokan dhumateng panjenengan dalem.”

4Bareng para kongkonan tekan ing Gibea-Saul lan mratelakake prakara iku marang bangsa iku, bangsa iku nuli padha nangis kelara-lara.

5Sang Prabu Saul lagi bae rawuh saka pategalan lan tindak nggiring sapine, tumuli ndangu: “Kena apa dene wong iku padha nangis?” Wong-wong banjur padha ngaturake pawartane wong ing Yabesy iku.

6Bareng Sang Prabu Saul miyarsa pawarta mau, banjur katedhakan ing Rohe Sang Yehuwah, temah banjur muntab dukane.

7Banjur mundhut sapi sarakit, ditengkel-tengkel; tengkelane diwaratakake lumantar para utusan ing sawewengkone Israel kabeh klawan piweling: “Sing sapa ora melu ndherek Sang Prabu Saul Lan Nabi Samuel, sapine bakal digawe kaya mengkene iki.” Sang Yehuwah banjur ndhatengake pagiris marang bangsa iku, temah padha bareng maju.

8Nalika Sang Prabu Saul mriksa wadyabalane ing Bezek, tinemu ana wong Israel telung atus ewu lan wong Yehuda telung puluh ewu.

9Para utusan iku padha dituturi mangkene: “Iki kandhakna marang para wong ing Yabesy-Gilead: Sesuk ing wayah panas-panase srengenge bakal tekane pitulungan.” Nalika para kongkonan bali lan aweh pawarta marang wong-wong Yabesy, kabeh padha bungah banget.

10Wong ing Yabesy banjur padha matur marang Sang Prabu Nahas: “Benjing enjing kawula sami badhe ngedali asrah bongkokan; panjenengan dalem saged nandukaken dhumateng kawula, punapa kemawon ingkang panjenengan dalem galih prayogi.”

11Esuke Sang Prabu Saul merang balane dadi telung bregada. Iku padha nrajang ing satengahe pakemahane mungsuh ing wayah esuk umun-umun lan nggecak wong Amon sadurunge awan, lan wong kang bisa oncat pating slebar, ora ana wong loro kang isih kumpul.

12Bangsa mau nuli matur marang Nabi Samuel: “Sinten ingkang mungel: Mokal Saul bisa dadi ratu kita, kapasrahna mriki tiyangipun, badhe kula pejahi!”

13Nanging Sang Prabu Saul ngandika: “Ing dina iki aja ana wong kang dipateni, amarga ing dina iki Sang Yehuwah wis paring pangluwaran marang Israel.”

14Lan Nabi Samuel ngandika marang bangsa iku: “Payo padha mangkat menyang ing Gilgal nganyarake kalenggahane ratu ana ing kana.”

15Wong sabangsa kabeh banjur padha mangkat menyang Gilgal lan njumenengake Sang Prabu Saul dadi ratu ana ing kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Gilgal, lan ing kono padha nyaosake kurban kaslametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah; Sang Prabu Saul lan sakehing wong Israel padha suka-suka rame banget ana ing kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel