Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 19 >> 

Sang Dawud ngungsi amarga ditempuh Sang Prabu Saul maneh

1Sang Prabu Saul ngandika marang Pangeran Yonatan, putrane lan para punggawane kabeh, yen Sang Dawud kudu disedani. Nanging Pangeran Yonatan, putrane Sang Prabu Saul, tresna banget marang Sang Dawud,

2temah panjenengane nglairake prakara iku marang Sang Dawud: “Kanjeng rama mbudidaya badhe nyedani panjenengan, milanipun mbenjing-enjing kula aturi, ngatos-atos, panjenengan kula aturi wonten ing satunggaling papan pangungsen tuwin kula aturi singidan wonten ing ngriku.

3Kula badhe medal ndherekaken kanjeng rama wonten ing ara-ara pasingidan panjenengan punika. Kula badhe ngaturi rembag bab panjenengan dhateng panjenenganipun, badhe kula tingali kadospundi kawontenanipun lan kula lajeng ngaturi pirsa dhateng panjenengan.”

4Pangeran Yonatan ngaturake bab kabecikane Dawud marang Sang Prabu Saul, ramane unjuke: “Sang Prabu sampun ngantos nandukaken piawon dhateng Dawud, ingkang abdi, amargi piyambakipun boten nandukaken piawon dhateng panjenengan dalem, malah punapa ingkang katindakaken punika rak sae sanget, tumrap panjenengan dalem.

5Tiyang punika rak sampun ngetohaken nyawanipun lan sampun ngawonaken tiyang Filisti punika sarta Sang Yehuwah sampun paring kaunggulan dhateng tiyang Israel sadaya. Panjenengan dalem sampun nguningani lan suka ing galih margi saking punika. Kenging punapaa panjenengan dalem kok badhe nandukaken piawon dhateng rahipun tiyang ingkang resik, badhe mejahi Dawud tanpa sebab?”

6Sang Prabu Saul karsa ndhahar ature Pangeran Yonatan, lan banjur asupaos: “Demi asmane Sang Yehuwah kang gesang, Dawud ora bakal dipateni.”

7Pangeran Yonatan banjur ngaturi Dawud lan ngandikakake sakehing dhawuhe Sang Prabu. Pangeran Yonatan nuli nyowanake Sang Dawud marang ing ngarsane Sang Prabu Saul lan Sang Dawud banjur nindakake kawajiban kaya kang uwis-uwis.

8Bareng ana perang maneh, Sang Dawud mengsah nglawan bangsa Filisti temah gawe kapitunane mungsuh akeh sarta padha keplayu saka ing paprangan.

9Nanging roh ala kang saka Sang Yehuwah nyurupi Sang Prabu Saul, nalika Sang Prabu lenggah ana ing daleme, kalawan ngasta towok; lan Sang Dawud mbeneri nylempung.

10Sang Prabu Saul sumedya nunjemake Sang Dawud ing tembok kalawan towoke, nanging Sang Dawud ngendhani panloronge Sang Prabu, temah mung ngenani tembok. Sawuse iku Sang Dawud banjur lolos lan bisa oncat ing bengi iku.

11Sang Prabu banjur utusan wong-wong menyang ing daleme Sang Dawud didhawuhi njaga lan nyedani panjenengane ing wayah esuk. Nanging Sang Putri Mikhal, garwane Sang Dawud ngaturi pirsa marang Sang Dawud mangkene: “Yen panjenengan ora bisa oncat bengi iki, sesuk mesthi bakal disedani.”

12Sang Putri Mikhal tumuli mbyantu Sang Dawud mandhap saka ing cendhela lan Sang Dawud lolos lan bisa oncat.

13Sawuse iku Sang Putri Mikhal mundhut terafim diselehake ing pasarean, endhase didokoki tenunan wulu wedhus, banjur dikemuli.

14Sang Prabu Saul banjur utusan marani Sang Dawud, nanging Sang Putri Mikhal ngandika: “Lagi gerah.”

15Sawuse iku Sang Prabu utusan wong-wong nyatakake sarta dipangandikani: “Dawud parakna mrene sapaturone, supaya dipateni!”

16Para utusan iku padha lumebu ing daleme. lan katon ana terafim ing pasarean, endhase kasasaban tenunan wulu wedhus.

17Sang Prabu Saul ngandika marang Sang Putri Mikhal: “Yagene sira ngapusi ingsun mengkono sarta nulungi mungsuhku, nganti bisa oncat?” Nanging Sang Putri Mikhal mangsuli unjuke: “Piyambakipun wicanten dhateng kawula makaten: Aku arep lunga aja kokcandhet. Apa kowe njaluk dakpateni?”

18Sawuse Sang Dawud lolos lan oncat saka ing bebaya, nuli sowan ing ngarsane Nabi Samuel ing Rama lan ngandharake, kabeh apa kang ditandukake Sang Prabu Saul marang panjenengane. Sang Dawud banjur diajak Nabi Samuel menyang ing Nayot lan lereb ana ing kono.

19Nalika Sang Prabu Saul diaturi pawarta mangkene: “Kauningana, Dawud wonten ing Nayot, sacelakipun Rama.”

20Sang Prabu nuli utusan wong-wong nyekel Sang Dawud. Nanging wong-wong mau ndeleng Nabi sagolongan kang kapenuhan Roh, disesepuhi Nabi Samuel. Lan Rohing Allah manjing ing para utusan mau lan iku uga banjur kapenuhan kaya nabi.

21Prakara iku diaturake marang Sang Prabu Saul; Sang Prabu Saul nuli utusan wong-wong liyane, nanging wong-wong iku uga katedhakan ing Roh kaya nabi. Sang Prabu nuli utusan wong-wong maneh, kang kaping telune, lan wong-wong iku uga katedhakan ing Roh.

22Tumuli Sang Prabu Saul tindak piyambak menyang ing Rama. Sarawuhe ing sacedhake sumur gedhe ing Sekhu, nuli ndangu: “Nabi Samuel lan Dawud ana ing ngendi?” Atur wangsulane wong: “Wonten ing Nayot, sacelakipun Rama.”

23Sang Prabu nuli tindak mrana menyang ing Nayot, ing sacedhake Rama lan panjenengane uga kenjingan ing Rohe Allah lan sajrone nerusake tindake iya kapenuhan Roh kaya nabi, nganti rawuh ing Nayot, ing sacedhake Rama.

24Sang Prabu uga lukar pangagemane lan uga medhar wangsit ana ing ngarsane Nabi Samuel. Sang Prabu dhawah gumluntung kalawan lukar pangageman sadina sawengi muput. Iki jalarane wong banjur ngucap: “Apa Sang Prabu Saul uga kagolong para nabi?”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel