Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 26 >> 

Sang Dawud ngeman nyawane Sang Prabu Saul kang kaping pindhone

1Ana wong kang saka ing Zif seba marang ing ngarsane Sang Prabu Saul ing Gibea sarta matur: “Dawud ndhelik wonten ing pareden Hakhila ing pasamunan.”

2Sang Prabu Saul banjur samekta lan tindak menyang ing pasamunan kadherekake wong Israel pepilihan telung ewu sumedya nglari Sang Dawud menyang ing pasamunan Zif.

3Sang Prabu Saul ngadegake kemah ana ing gunung Hakhila ngadhepake pasamunan ing pinggir dalan. Dene Sang Dawud lereb ana ing pasamunan. Bareng Sang Dawud mirsa, yen Sang Prabu Saul nututi menyang ing pasamunan,

4banjur utusan para telik, nuli kasumurupan, yen Sang Prabu Saul rawuh temenan.

5Sang Dawud banjur tindak murugi pakemahane Sang Prabu Saul. Bareng Sang Dawud mirsa pasareyane Sang Prabu Saul karo Sang Abner bin Ner, senapatine, -- Sang Prabu sare ana ing satengahe pakemahan, dene para wadyabalane akemah ing sakubenge --

6Sang Dawud banjur ngandika marang Akhimelek, wong Het lan Abisai bin Zeruya, sadulure Yoab mangkene: “Sapa kang melu aku marani pakemahane Sang Prabu Saul.” Wangsulane Abisai: “Kula ingkang badhe ndherek.”

7Sang Dawud karo Abisai tekan ing panggonane bala ing wayah bengi lan ing kana Sang Prabu Saul katon sare ana ing satengahe pakemahan, tumbake tumanjeb ing bumi ing ulon-ulone, dene Sang Abner lan balane padha ngglethak ana ing sakubenge.

8Abisai banjur matur marang Sang Dawud: “Ing dinten punika Gusti Allah sampun masrahaken satru panjenengan wonten ing asta panjenengan, milanipun kalilanana kula nunjemaken Sang Prabu ing bumi kaliyan waos punika, cekap namung sajojohan kemawon, boten sisah kaping kalih.”

9Nanging Sang Dawud ngandika marang Abisai: “Aja koksedani panjenengane, amarga sapa ta kang namakake tangane marang jebadane Sang Yehuwah, kok ora luput saka ing paukuman?”

10Sang Dawud ngandika maneh: “Demi asmane Pangeran Yehuwah kang gesang, Pangeran Yehuwah kang bakal nggebag, embuh nganti tumeka ing patine, embuh marga nglurug perang lan tiwas ana ing paprangan.

11Muga Pangeran Yehuwah ngedohna aku saka namakake tanganku marang jebadane Pangeran Yehuwah. Tumbak kang ana ing ulon-ulone lan kendhi iku jupuken lan payo padha lunga.”

12Sang Dawud banjur mundhut tumbak lan kendhi saka ing ulon-ulone Sang Prabu Saul, karone banjur padha mundur. Ora ana kang meruhi, ora ana kang ngonangi, ora ana kang nglilir, amarga kabeh padha turu kepati, awit Pangeran Yehuwah damel supaya wong-wong iku padha turu kepati.

13Bareng Sang Dawud wis rawuh ing sabrang ing sisih kana, nuli jumeneng ana ing pucaking gunung, kapara adoh dadi lete adoh karo wong-wong mau.

14Sang Dawud banjur nguwuh-uwuh marang balane lan Senapati Abner bin Ner, pangandikane: “Senapati Abner, kenging punapa sampeyan boten sumaur?” Senapati Abner mangsuli: “Kowe iki sapa kang nguwuh-uwuh marang Sang Prabu?”

15Sang Dawud ngandika maneh marang Sang Abner: “Sampeyan punika rak tiyang jaler? Sinten ing antawisipun bangsa Israel ingkang nyameni sampeyan? Kenging punapa sampeyan boten ngreksa dhateng ratu sampeyan? Amargi wonten tiyang saking panunggilanipun rakyat ingkang dhateng badhe nyidra Sang Prabu, Gusti sampeyan.

16Ingkang sampeyan tindakaken punika boten sae. Demi asmanipun Pangeran Yehuwah agesang, sampeyan wajib dipun pejahi, amargi sampeyan boten ngreksa gusti sampeyan, jebadanipun Sang Yehuwah. Sapunika, sampeyan titipriksa, wonten ing pundi waos saha lantingan ingkang wonten ing ulon-ulonipun Sang Prabu?”

17Sang Prabu Saul ora pangling marang swarane Sang Dawud, banjur ngandika: “Iku apa swaranira, putraningsun Dawud?” Sang Dawud mangsuli ature: “Inggih dhuh gusti kawula Sang Prabu punika swanten kawula.”

18Sang Dawud nuli matur maneh: “Kenging punapa ta panjenengan dalem kok nguya-uya abdi dalem punika? Punapa kalepatan kawula? Kalepatan piawon punapa ta tangan kawula?

19Milanipun, gusti kawula Sang Prabu mugi miyarsakna aturipun abdi dalem punika. Manawi Pangeran Yehuwah ingkang ngosikaken panjenengan dalem supados nglawan dhumateng kawula, mugi Pangeran sinaosana gandaning kurban sesaosan, nanging manawi punika para anaking manungsa, kenginga ipat-ipat wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, amargi tiyang-tiyang punika sami nundhung kawula, temah kawula boten angsal panduman saking kagunganipun Gusti Allah kaliyan tembungipun: Lungaa, ngabektia marang allah liyane.

20Milanipun, rah kawula sampun ngantos wutah ing bumi tebih saking ngarsanipun Pangeran Yehuwah. Awitdene ratunipun Israel ngarah nyawa kawula, kados mbujeng ayam wana ing pareden.”

21Sang Prabu Saul banjur ngandika: “Ingsun iki gawe dosa, muliha dhuh putraningsun Dawud, amarga ingsun ora bakal nindakake piala maneh marang sira, awit ing dina iki ana pangemanira marang nyawaningsun; tindak-tandukingsun iku sanyata tanpa budi lan ingsun kesasar babar pisan.”

22Nanging Sang Dawud mangsuli ature: “Lah punika waos kagunganipun Sang Prabu, dhuh gusti kawula! Salah satunggaling abdi paduka kadhawuhana nyabrang murugi punika.

23Pangeran Yehuwah badhe males kasaenan lan kasetyanipun saben tiyang, amargi Pangeran Yehuwah ing dinten punika sampun masrahaken panjenengan dalem wonten ing tangan kawula, nanging abdi dalem boten purun ngagagaken tanganipun dhateng jebadaning Pangeran Yehuwah.

24Sajatosipun, kados dene nyawa dalem sampun kawula eman wonten ing ngajeng kawula, makaten ugi mugi nyawa kawula kaemana wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, lan mugi Panjenenganipun ngluwari kawula saking sakathahing bebaya.”

25Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Sang Dawud: “Muga sira binerkahan, dhuh putraningsun Dawud. Apa bae kang sira tandangi, mesthi sira bisa nindakake.” Sang Dawud banjur nerusake tindake saparan-paran lan Sang Prabu Saul kondur menyang ing daleme.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel