Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 27 >> 

Sang Dawud ana ing satengahe bangsa Filisti

1Nanging Sang Dawud panggalihe mengkene: “Kapriye bae ing sawijining dina aku mesthi nemu tiwas dening astane Sang Prabu Saul. Dadi luwih becik manawa aku enggal-enggal sumingkir saka ing kene menyang ing negarane wong Filisti, temah tumrap Sang Prabu Saul bakal ora bisa nglari aku maneh ana ing saindenging tanah Israel lan aku bakal uwal saka ing astane.”

2Sang Dawud nuli samekta lan banjur tindak mrana karo wong nem atus, kang padha ndherekake panjenengane, sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Akhis, bin Maokh, ratu ing kutha Gat.

3Sang Dawud sabalane padha lereb ing bawahe Sang Prabu Akhis ing Gat, sawiji-wijine kanthi kulawargane; Sang Dawud karo garwane loro, yaiku Ahinoam, wong wadon saka ing Yizreel lan Abigail, tilas somahe Nabal, wong wadon saka ing Karmel.

4Sawuse diaturake marang Sang Prabu Saul, yen Sang Dawud wus ngungsi menyang ing Gat, panjenengane wis ora nggoleki maneh.

5Sang Dawud matur marang Sang Prabu Akhis: “Manawi kawula manggih sihpiwelas wonten ing ngarsa dalem, kawula mugi kaparingana panggenan ing salah satunggaling kitha ing tanah ngare, kenginga kawula enggeni. Punapa damelipun abdi dalem manggen wonten ing kithanipun kraton dalem?”

6Ing wektu samana Sang Dawud banjur diparingi kutha Ziklag, iku jalarane Ziklag dadi kagungane para ratu ing Yehuda nganti saprene.

7Sang Dawud manggen ing wewengkone wong Filisti lawase setaun patang sasi.

8Sang Dawud sabalane mangsah nglurug wong Gesur, wong Girzi lan wong Amalek, amarga wong iki kang padha ngenggoni negara iku wiwit saka Telam terus tekan tanah Sur lan tanah Mesir.

9Nalika Sang Dawud nempuh kutha iku, ora ana siji bae kang diuripi, iya lananga iya wadona. Sang Dawud njarah wedhus-wedhus, sapi, kuldi unta lan sandhangane, banjur bali sowan marang Sang Prabu Akhis.

10Yen Sang Prabu Akhis ndangu: “Ngendi kang sira tempuh ing dina iki?” Sang Dawud matur: “Ing tanah Negeb Yehuda” utawa “Ing tanah Negeb tlatahipun tiyang Yerahmeel” utawa “Ing tanah Negeb, tlatahipun bangsa Keni.”

11Sang Dawud ora nguripi wong siji-sijia, iya lananga iya wadona, kang banjur dibandhang menyang ing Gat, amarga nggalih: “Aja nganti padha martakake bab iku kabeh mangkene: Iki kang ditindakake Dawud.” Mangkono pratingkahe salawase manggon ana ing wewengkone bangsa Filisti.

12Anadene Sang Prabu Akhis pracaya marang Sang Dawud, amarga nggalih: “Dawud wus ndadekake awake sinengitan dening bangsane, dheweke mesthi tetep dadi abdiningsun ing salawas-lawase.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel