Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 5 >> 

Pethine Sang Yehuwah ana ing tengahe wong Filisti

1Sawise wong Filisti ngrebut pethine Gusti Allah, iku nuli diusung saka ing Eben-Haezer menyang ing Asdod.

2Wong Filisti njupuk pethine Gusti Allah iku, dilebokake ing kabuyutane Dhagon lan diprenahake ing sandhinge Dhagon.

3Esuke wayah bangun wong ing Asdod padha tangi, lah Dhagon tinemu gumluntung mengkureb ana ing lemah, ing ngarepe pethine Sang Yehuwah; wong iku nuli padha njunjung Dhagon dibalekake ing panggonane.

4Nanging nalika esuke padha tangi, Dhagon katon tiba kerungkeb ana ing sangarepe pethine Sang Yehuwah, nanging endhase Dhagon lan tangane karo pisan pothol lan mencelat tekan ing tlundhaging lawang, mung gembunge kang isih kari.

5Mulane para imame Dhagon lan sakehing wong kang lumebu ing kabuyutane Dhagon, ora wani ngidak tlundhage lawang kabuyutane Dhagon kang ana ing Asdod, nganti ing dina iki.

6Astane Sang Yehuwah anteb banget pameteke marang wong Asdod sarta gawe bingunge wong-wong iku. Panjenengane ngganjar lelara wudun marang wong-wong iku, iya ing Asdod iya ing wewengkone.

7Bareng dideleng dening wong ing Asdod, yen mangkono kaanane, nuli padha ngucap: “Pethine Gusti Allahe bangsa Israel aja nganti tetep ana ing tengah kita kene, awit astane anteb panglawane marang kita lan marang Sang Dhagon allah kita.”

8Mulane padha ngaturi para ratu kuthane wong Filisti sarta pangucape: “Punapa ingkang badhe kita lampahi tumrap pethinipun Gusti Allahipun Israel punika?” Wangsulane para ratu: “Pethine Gusti Allahe Israel kudu dielih menyang Gat.” Dadine padha ngelih pethine Gusti Allahe Israel mau.

9Nanging bareng dielih mrana, astane Sang Yehuwah ndhatengake pageger gedhe tumrap marang kutha iku. Panjenengane nggebag wong ing kutha iku, bocah-bocah lan para wong tuwa temah padha wudunen.

10Wong-wong iku tumuli padha ngusung pethine Gusti Allah menyang Ekron. Nanging satekane pethine Gusti Allah ing Ekron, wong ing kono padha sesambat, pangucape: “Anggone marakake pethine Gusti Allahe Israel marang kita iku supaya mateni kita lan bangsa kita.”

11Awit saka iku wong-wong banjur padha ngaturi nglempak sakehe ratu kuthane wong Filisti sarta padha matur: “Pethining Gusti Allahipun Israel punika kaaterna, kajengipun wangsul dhateng ing panggenanipun, supados kita saha bangsa kita sampun ngantos dipun pejahi.” Amarga ing sawratane kutha kono ana gegering pepati; astane Sang Yehuwah anteb banget pameteke marang wong ing kono.

12Wong kang ora mati, diganjar lara wudunen temah pasambate wong ing kutha kono sumengka tekan ing langit.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel