Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 9 >> 

Saul dijebadi dadi ratu

1Ana sawijining wong saka tlatah Benyamin, jenenge Kisy bin Abiel, bin Zeror, bin Bekhorat, bin Afiah, wong suku Benyamin, iku wong kang sugih.

2Wong mau duwe anak lanang, jenenge Saul, isih enom lan bagus rupane; ora ana wong siji bae saka antarane wong Israel, kang ngungkuli baguse; dhuwure ngungkuli wong sabangsane kabeh, kabeh mung sapundhake.

3Kisy, bapakne Saul mau kelangan kuldi-kuldine wadon, mulane ngatag marang Saul, anake: “Ngajaka batur salah siji, cecepaka lan mangkata nggolekana kuldine.”

4Nuli padha budhal njlajahi pagunungan Efraim, lakune uga ngliwati tanah Salisa, nanging kuldine ora ketemu. Banjur njlajahi tanah Sahalim, nanging kuldine iya ora ana; wusana njlajahi tanah Benyamin, nanging uga ora ketemu.

5Bareng lakune tekan ing tanah Zuf, Saul tutur marang bature kang melu: “Payo padha mulih. Mengko bapak wis ora nggalih marang kuldine maneh, nanging genti nyumelangake aku lan kowe.”

6Nanging wong mau clathu: “Mangke rumiyin, ing kitha punika rak wonten abdinipun Gusti Allah, ingkang kajen keringan; punapa ingkang dipun ngandikakaken mesthi kelampahan. Sumangga sami sowan mrika sapunika, bokmanawi saged ngandika bab anggen kula sami kekesahan punika.”

7Wangsulane Saul marang bature: “Nanging manawa aku padha mrana, apa kang dakcaosake marang wong sidik iku? Amarga roti ing kasangku wis entek, ora ana oleh-oleh kang kena dakaturake marang abdine Gusti Allah iku. Aku padha duwe apa?”

8Wangsulane si batur marang Saul: “Kula taksih mbekta saprasekawan sekel selaka, punika saged kula aturaken dhateng abdinipun Gusti Allah, panjenenganipun tamtu lajeng badhe ngandika bab anggen kita kekesahan punika.”

9Dhek biyen, ing antarane wong Israel, samangsa ana wong kang arep nyuwun pitedahe Gusti Allah, iku ngucap mangkene: “Payo padha sowan marang wong sidik,” awit nabi kang saiki iki dhek biyen disebut: wong sidik.--

10Saul banjur tutur marang bature: Panemumu iku becik. Payo padha mrana!” Wong loro mau banjur padha mangkat menyang ing kutha, menyang ing daleme abdine Gusti Allah mau.

11Bareng tekan ing unggah-unggahane kutha iku, kapethuk para prawan kang padha metu arep ngangsu. Banjur padha takon marang prawan-prawan iku: “Tiyang sidik punapa wonten ing ngriki?”

12Wangsulane para prawan mau: “Inggih wonten, saweg kemawon ngrumiyini sampeyan, sampeyan enggal-enggal kemawon sapunika. Panjenenganipun ing dinten punika rawuh wonten ing kitha, amargi wonten sidhekahan saos kurban kangge tiyang kathah ing tetengger.

13Manawi sampeyan mlebet ing kitha, tamtu enggal pinanggih, saderengipun panjenenganipun minggah ing tetengger badhe dhaharan. Awit tiyang kathah boten badhe nedha saderengipun panjenenganipun rawuh, ujer panjenenganipun ingkang mberkahi kurban, sasampunipun punika para suruhan sami nedha. Enggal sampeyan mangkat sapunika, sampeyan mesthi enggal pinanggih.”

14Banjur padha munggah menyang ing kutha; bareng padha mlebu ing kutha kebeneran Nabi Samuel arep tindak minggah menyang ing tetengger, kapethuk karo wong loro iku.

15Anadene Sang Yehuwah sadina sadurunge tekane Saul wis paring wangsit marang Nabi Samuel, pangandikane:

16“Sesuk, watara wayah mangkene Ingsun bakal ngutus sawijining wong lanang saka tanah Benyamin, kang marani sira, iku jebadana dadi ratuning umatingSun Israel lan dheweke bakal ngluwari umatingSun saka ing tangane wong Filisti, amarga pasambate wus sumengka tekan ing ngarsaningSun.”

17Bareng Nabi Samuel mirsa Saul, Sang Yehuwah banjur paring sumurup: “Iki wonge kang Sundhawuhake marang sira; iku bakal ngratoni umatingSun.”

18Ing nalika iku Saul nyedhaki Nabi Samuel ana ing satengahe gapura lan matur: “Kula nuwun, pundi dalemipun tiyang sidik punika?”

19Nabi Samuel tumuli mangsuli Saul, pangandikane: “Wong sidik iku iya aku iki. Munggaha ndhisikana lakuku menyang ing tetengger. Ing dina iku kowe bakal dakajak mangan bebarengan karo aku. Sesuk kowe dak lilani mulih lan aku bakal nyumurupake marang kowe sarasaning atimu.

20Dene kuldimu kang wis ilang saprene wis telung dina, ora susah kok sumelangake, amarga wis ketemu. Nanging sapa kang ndarbeni apa kang dikarepake wong Israel? Iku kabeh rak tinemu ana ing kowe lan sakehe kulawargamu?”

21Nanging Saul mangsuli: “Kula punika rak tiyang taler Benyamin, taler ingkang alit piyambak wonten ing Israel? Lan malih kulawarga kula punika rak ingkang remeh piyambak ing antawisipun taler Benyamin? Kados pundi Rama kok ngandika makaten dhateng kula?”

22Sawuse iku Nabi Samuel ngajak Saul lan bature dikanthi menyang pendhapa lan dilungguhake ing panggonan kang mulya dhewe ana ing ngarepe para suruhan, cacahe kira-kira telung puluh.

23Nabi Samuel tumuli ngandika marang juru olah-olah: “Tengkelan kang dakwenehake marang kowe supaya koksimpen mau, ladekna mrene.”

24Juru olah-olah banjur ngladekake sampil dalah apa kang kumanthil ing kono ing ngarepe Saul. Lan Nabi Samuel banjur ngandika: “Delengen, ngengehane diladekake ana ing ngarepmu, iku panganen, amarga pancen dingengehake kanggo kowe ana ing pahargyan iki, nalika aku tutur, yen aku ngulemi wong akeh.” Mangkono ing dina iku Saul ndherek dhahar Nabi Samuel.

25Sawuse iku padha mundhur saka ing tetengger menyang ing kutha. Nabi Samuel banjur ngandikan karo Saul ana ing payon.

26Esuke umun-umun padha tangi lan bareng wis padhang Nabi Samuel nimbali Saul kang ana ing payon iku, pangandikane: “Tangia, aku arep ngeterake kowe.” Saul banjur tangi lan sakarone padha metu, yaiku Saul karo Nabi Samuel.

27Bareng padha mudhun tekan ing tepiswiringe kutha, Nabi Samuel ngandika marang Saul: “Baturmu konen lumaku ndhingini aku lan kowe, nanging kowe mandhega sadhela, aku bakal medharake pangandikane Gusti Allah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel