Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 16 >> 

1Pethining Allah banjur kagawa mlebu, kaprenahake ing satengahing tarub, kang wus kacawisake dening Sang Prabu Dawud; sawuse mangkono banjur padha nyaosake kurban obaran lan kurban kaslametan ana ing ngarsaning Allah.

2Bareng Sang Prabu Dawud wus rampung anggone saos kurban obaran lan kurban kaslametan, banjur mberkahi bangsa iku demi asmaning Sang Yehuwah.

3Nuli saben wong Israel, lanang utawa wadon, diparingi roti siji, daging sairis lan kuwih kismis saemplek.

4Sang Prabu Dawud uga ngangkat wong Lewi sawatara kadadekake tukang leladi ana ing ngarepe pethining Sang Yehuwah, supaya nyuwurake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel lan ngrepekake kidung panuwun sarta pepujian kegem Panjenengane.

5Kang dadi tetindhihe yaiku Asaf, dene kang dadi wong kang kapindho Zakharya; banjur Yeiel, Semiramot, Yehiel, Matica, Eliab, Benaya, Obed-Edom lan Yeiel kang kawajiban ngunekake slukat lan clempung, dene Asaf kawajiban ngunekake kecer,

6dene Imam Benaya lan Imam Yahaziel kawajiban tansah ngunekake kalasangka ana ing ngarepe pethi prajanjiane Allah mau.

Kidung pepujine Sang Prabu Dawud

7Sawuse mangkono ing dina iku uga, Sang Prabu Dawud paring dhawuh kang kapisanan marang Asaf lan para sadulure sakulawangsa, supaya padha ngrepekna kidung pamuji sokur kagem Pangeran Yehuwah:

8Padha saosa pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha nyebuta asmane, pakaryane padha suwurna ana ing antarane para bangsa!

9Padha ngrepekna kekidungan kagem Panjenengane, padha ngidungna masmur kagem Panjenengane, padha rembugana bab sakehing pakaryane kang elok!

10Digedhe atimu ana ing asmane kang suci, cikben abungah-bungah wong kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah!

11Padha ngupayaa Pangeran Yehuwah lan kasantosane, padha tansah ngupayaa wedanane!

12Padha elinga marang pakaryan-pakaryan elok kang ditindakake, pratandha-pratandhane kang elok lan putusan-putusan kang kapangandikakake,

13he putra-wayahe Rama Israel, abdine, he putra-putrane Rama Yakub, para pilihane!

14Panjenengane iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, pangadilane iku nyrambahi ing salumahing bumi.

15Panjenengane enget marang prajanjiane ing salawas-lawase, marang pangandika kang kadhawuhake marang sewu turunan,

16marang prajanjian kang didamel karo Rama Abraham, lan supaose marang Rama Iskak,

17kang didamel kagem Rama Yakub dadi katetepan, kagem Rama Israel dadi prajanjian kang langgeng,

18pangandikane: “Tanah Kanaan bakal Sunparingake marang sira, minangka tanah-pusaka kang katemtokake kanggo sira!”

19Nalika cacahe durung sapiraa, mung sathithik ana ing kana dadi wong neneka,

20sarta nglembara saka ing panggonane bangsa kang siji menyang ing panggonane bangsa sijine, lan saka ing karajan kang siji menyang ing nagarane suku bangsa sijine,

21Panjenengane ora marengake sapa bae nganiaya marang wong-wong mau; para raja padha diukum marga saka dheweke kabeh:

22“Aja padha nggepok marang para jebadaningSun, lan aja nandukake piala marang para nabiningSun!”

23Ngrepekna kekidungan kagem Pangeran Yehuwah, he salumahing bumi, martakna karahayon peparinge ing sadina-dina.

24Nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsa lan pakaryane kang elok ana ing antarane sakehing suku bangsa.

25Amarga Pangeran Yehuwah iku agung lan banget pinuji-puji, lan luwih nggegirisi tinimbang sakehing allah.

26Awit sakehe allahe para bangsa iku brahala, nanging Pangeran Yehuwah kang karya langit.

27Kaluhuran lan kamulyan ana ing ngarsane, kasantosan lan kabingahan ana ing padalemane.

28Marang Pangeran Yehuwah, he para suku bangsa, mung marang Pangeran Yehuwah bae anggonmu padha nyaosake kamulyan lan kasantosan.

29Padha nyaosna kamulyaning asmane marang Pangeran Yehuwah, nggawaa pisungsung lan lumebua sowan marang ing ngarsane. Padha sujuda lan nyembaha marang Pangeran Yehuwah kalawan ngrasuk kasucen.

30Gumetera ana ing ngarsane, he salumahing bumi; jagad iku pranyata jejeg, ora gonjing.

31Langit kareben abungah-bungah lan bumi asurak-surak, wong kareben muwus ana ing antarane para bangsa: “Pangeran Yehuwah iku Ratu!”

32Kareben gumuruh sagara saisine, kareben abungah-bungah ara-ara lan kabeh kang ana ing kono,

33wit-witan ing alas banjur padha asurak-surak ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, sabab Panjenengane rawuh arsa ngadili bumi.

34Padha ngunjukna pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah, awit Panjenengane iku sae! Sih-susetyane iku nyata langgeng ing salawase.

35Sarta padha munjuka: “Kawula mugi sami Paduka luwari, dhuh Yehuwah Allah, juru-Wilujeng kawula sadaya, saha karsaa ngempalaken kawula sadaya punapa dene karsaa nguwalaken saking ing antawisipun para bangsa, supados kawula lajeng sami ngunjukaken panuwun dhumateng asma Paduka ingkang suci, saha supados ageng manah kawula ing salebeting panggunggung-nggugung dhumateng Paduka.”

36Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, wiwit saka ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan. Wong saumat kabeh banjur padha ngucap: “Amin! Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah!”

Para wong kang tinanggenah nindakake kawajiban ngibadah

37Sang Prabu Dawud banjur nilar Asaf lan para sadulure sakulawangsa ana ing kono, yaiku ana ing ngarepe pethi prajanjianing Pangeran Yehuwah, supaya tetep leladi ana ing ngarepe pethi iku ing bab apa kang pantes katindakake saben dina;

38uga Obed-Edom lan para sadulure tunggal kulawangsa, kang cacahe sawidak wolu; Obed-Edom bin Yedutun lan Hosa iku kang padha njaga gapura.

39Nanging Imam Zadhok lan para sadulure tunggal kulawangsa, para imam, iku katilar ana ing ngarepe Tarube Suci Pangeran Yehuwah ana ing tengger pangurbanan ing Gibeon,

40supaya esuk lan sore ajeg ngunjukake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah ana ing misbyah kurban obaran lan supaya nindakake sakehe kang katulis ana ing angger-angger Pangeran Yehuwah, kang kadhawuhake marang wong Israel.

41Anadene kang dadi kanthine iku Heman lan Yedutun tuwin saluwihe wong-wong kang padha panilih kang kasebut jenenge supaya padha ngidungake: “Puji sokur kagem Pangeran Yehuwah, awitdene sih-susetyane iku langgeng ing salawase.”

42Heman lan Yedutun mau padha kapasrahan kalasangka lan kecer kanggo para kang kawajiban ngunekake, lan uga piranti-piranti musik, kang kanggo ngiringi kekidungan kagem Gusti Allah. Anadene para anake Yedutun iku padha tunggu gapura.

43Sawuse mangkono wong sabangsa kabeh banjur padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe, sarta Sang Prabu Dawud iya kondur arep paring slamet marang kulawargane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel