Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 27 >> 

Para panggedhening wadya-bala lan para panggedhe liyane

1Anadene wong Israel, iki pratelane para leluhure kulawangsa, para panggedhening wadya-bala sewu lan wadya-bala satus, tuwin para punggawane kang leladi marang Sang Prabu ing bab sakehe prakara kang gegayutan karo para wong kang tumindak ing gawe lan kang libur ing saben sasi-sasine, ing dalem setaun. Saben sagolongan ana wong patlikur ewu.

2Kang dadi kepalaning golongan kapisan kanggo ing sasi kapisan yaiku Sang Yasobam bin Zabdiel lan golongane iku wonge ana patlikur ewu.

3Sang Yosabam iku turune Rama Peres lan dadi tetindhihe sakehing panggedhe ing sasi kapisan.

4Kang dadi kepalaning golongan ing sasi kapindho yaiku Sang Dodai, wong Ahohi, dene kang mimpin golongane kang wonge ana patlikur ewu iku, yaiku Sang Miklot.

5Panggedhe kang katelu ing sasi kang katelu iku Sang Benaya, putrane Imam Agung Yoyadha, golongane iku wonge ana patlikur ewu.

6Sang Benaya iki klebu gegedhug telung puluh iku, lan dadi tetindhihe wong telung puluh iku nanging kang mimpin golongane yaiku Sang Amizabad, putrane.

7Kang kaping pat kanggo ing sasi kang kaping pat yaiku Sang Asael, sadhereke Sang Yoab, ing sapungkure iku banjur kagentenan Sang Zebaja, putrane, dene golongane mau wonge ana patlikur ewu.

8Kang kaping lima kanggo ing sasi kalima yaiku Sang Samhut bin Yizrah, iku sawijining panggedhe, dene golongane wonge ana patlikur ewu.

9Kang kaping enem kanggo ing sasi kanem yaiku Sang Ira bin Ikesy saka ing Tekoa, dene golongane wonge ana patlikur ewu.

10Kang kaping pitu kanggo ing sasi kapitu yaiku Sang Heles wong Peloni, saka bani Efraim, dene golongane wonge ana patlikur ewu.

11Kang kaping wolu kanggo ing sasi kawolu yaiku Sang Sibekhai, wong ing Husa, turune Zerah, dene golongane wonge ana patlikur ewu.

12Kang kaping sanga kanggo sasi kasanga yaiku Sang Abiezer, wong ing Anatot, panunggalane bani Benyamin, dene golongane wonge ana patlikur ewu.

13Kang kaping sapuluh kanggo sasi kasapuluh yaiku Sang Maharai, wong ing Nefota, iku turune Zerah, dene golongane wonge ana patlikur ewu.

14Kang kaping sewelas kanggo ing sasi kasewelas yaiku Sang Benaya, wong ing Piraton, panunggalane bani Efraim, dene golongane wonge ana patlikur ewu.

15Kang kaping rolas kanggo ing sasi karolas yaiku Sang Heldai, wong ing Netofa, turune Otniel, dene golongane wonge ana patlikur ewu.

16Kang dadi kepalane suku-suku Israel yaiku: bani Ruben dipimpin dening Sang Eliezer bin Zikhri; bani Simeon pimpinane Sang Sefaca bin Maakha;

17kanggo suku Lewi Sang Hasabya bin Kemuel; kanggo tedhake Imam Harun yaiku Imam Zadhok;

18kanggo suku Yehuda yaiku Sang Elihu, salah sawijine sadhereke Sang Prabu Dawud; suku Isakhar dipimpin dening Sang Omri bin Mikhael;

19kanggo suku Zebulon yaiku Sang Yismaya bin Obaja; kanggo suku Naftali yaiku Sang Yerimot bin Azriel;

20kanggo bani Efraim yaiku Sang Hosea bin Azazya; kanggo saparone suku Manasye yaiku Yoel bin Pedhaya;

21kanggo separone suku Manasye kang ana ing Gilead yaiku Sang Yido bin Zakharia; kanggo suku Benyamin yaiku Sang Yaasiel bin Abner;

22kanggo suku Dhan yaiku Sang Azareel bin Yeroham. Iku para kepalaning suku-suku Israel.

23Sang Prabu Dawud ora ngetang cacahe wong kang umure rong puluh taun mangisor, sabab Pangeran Yehuwah wus prajanji, wong Israel bakal kadadekake padha kehe karo lintang-lintang ing langit.

24Sang Yoab, putrane Sang Zeruya, pancen wus wiwit ngetang nanging ora karampungake, awit marga saka iku wong Israel banjur katempuh ing bebendu; mulane cacahe ora dipengeti ana ing buku sejarahe Sang Prabu Dawud.

25Kang rumeksa marang pacawisane Sang Prabu yaiku Sang Azmawet bin Adiel, dene kang rumeksa marang pasadhiyan ing sajabaning kutha, ing kutha-kutha, ing desa-desa lan ing sajrone lumbung-lumbung panggung yaiku Sang Yonatan bin Uzia.

26Kang nglurahi para among tani kang kajibah ngolah tanah yaiku Sang Ezri bin Kelub.

27Kang dadi lelurahing kebon-kebon anggur yaiku Sang Simei, wong ing Rama. Kang nglurahi pametuning pakebonan anggur kanggo pasadhiyan anggur yaiku Sang Zabdi, wong ing Syifmi.

28Kang dadi lelurahing wit jaitun lan wit sikma ing Tanah-Ngare yaiku Sang Baal-Hanan, wong Gederi; kang nglurahi pasadhiyan lenga jaitun Sang Yoas.

29Kang dadi lelurahing sapi kang padha diengon ana ing tanah Saron yaiku Sang Sitrai, wong ing Saron, dene kang nglurahi sapi kang padha ana ing lebak-lebak yaiku Sang Safat bin Adlai.

30Kang dadi lelurahing unta yaiku Sang Obil, wong Ismael; kang nglurahi kuldi wadon yaiku Sang Yekhdeya, wong ing Meronot.

31Kang nglurahi wedhus yaiku Sang Yazis, wong ing Hagri. Iku kabeh para abdi kang rumeksa marang raja-darbe kagungane Sang Prabu Dawud.

32Sang Yonatan, sadhereke kang ramane Sang Prabu Dawud, iku dadi juru pirembag, iku pinter lan ahli kitab. Sang Yehiel, bin Hakhmoni iku dadi pamomonge para putrane Sang Prabu.

33Sang Akhitofel iku juru pirembage Sang Nata; Sang Husai, wong ing Arki, iku mitrane Sang Prabu.

34Ing tembe Sang Akhitofel digenteni Sang Yoyadha bin Benaya lan Sang Abyatar. Kang dadi senapatining Sang Nata Sang Yoab.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel