Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 28 >> 

Dhawuh piwelinge Sang Prabu Dawud marang Pangeran Suleman bab mbangun Padaleman Suci

1Kacarita Sang Prabu dawud nglempakake sakehing panggedhe Israel, yaiku para tetindhihing suku, para panggedhening golongan kang ngladeni Sang Prabu, para panggedhening wadya-bala sewu lan panggedhening wadya-bala satus, sarta para kang padha nglurahi raja-brana lan raja-kayane Sang Prabu lan para putrane; karodene para punggawa kraton lan para prawira tuwin sakehe gegedhug kang gagah parkosa.

2Sang Prabu Dawud banjur jumeneng lan ngandika: “Padha ngrungokna, heh para saduluringsun lan bangsaningsun! Ingsun kagungan karsa arep yasa dalem pangasoan kanggo pethining prajanjiane Pangeran Yehuwah lan kagem ancik-anciking sampeyane Gusti Allah kita; ingsun uga wus cecawis kanggo kapreluan iku.

3Nanging Gusti Allah wus ngandika marang ingsun: Sira ora bakal yasa padaleman kagem asmaningSun, amarga sira iku prajurit lan wus ngwutahake getih.

4Anadene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, wus kepareng milih ingsun saka ing antarane sakehe kulawangsaningsun kadadekake ratu ing Israel kanggo ing salawas-lawase; amarga Panjenengane wus milih Yehuda dadi pemimpin, lan kulawangsaningsun saka ing antarane bani Yehuda, sarta saka ing antarane para putrane ramaningsun, Panjenengane kepareng njumenengake ingsun dadi ratu ing saindenging Israel.

5Sabanjure saka ing antarane putra-putraningsun kabeh -- amarga Pangeran Yehuwah wus paring ganjaran anak akeh marang ingsun -- Panjenengane wus milih putraningsun Suleman supaya nglenggahi dhampar paprentahaning Pangeran Yehuwah ana ing Israel.

6Panjenengane wus ngandika marang ingsun: Suleman, anakira, iku kang bakal yasa padalemaningSun lan plataraningSun, sabab iku wus Sunpilih Sundadosake putraningSun sarta Ingsun bakal dadi ramane.

7Karodene Ingsun bakal nyantosakake karajane nganti ing salawas-lawase, uger dheweke tansah nindakake sakehing dhawuh lan pranataningSun kayadene saiki iki.

8Mulane saiki, kanthi kasumurupan ing Israel kabeh, iya pasamuwaning Sang Yehuwah iki, sarta kalawan kapiyarsakake dening Gusti Allah kita, ingsun mangandikani sira kabeh: Sira padha netepana lan marsudia marang sakehe dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, supaya sira padha lestaria ngenggoni nagara kang becik iki lan marisake marang anak-putunira ing sapungkurira nganti ing salawas-lawase.

9Anadene sira, putraningsun Suleman, sira diwanuh kalawan Gusti Allahe ramanira lan ngabektia marang Panjenengane kalawan tulus eklas lan legawaning ati, awit Pangeran Yehuwah iku niti priksa sakehing ati tuwin nguningani sakehing kekarepan lan idham-idhaman. Manawa sira ngupaya marang Panjenengane, Panjenengane rena manawa sira sowani, nanging manawa sira ninggal Panjenengane, sira bakal kabuwang ing salawase.

10Wigatekna saiki, sabab Pangeran Yehuwah wus milih sira kakarsakake yasa padaleman kanggo pasucen. Disantosa atinira sarta iku sira lakonana.”

11Sang Prabu banjur masrahake marang Pangeran Suleman, kang putra, rancangan cengkoronganing pandhapane Padaleman suci dalasan gedhong-gedhonge, gedhong pasimenan, kamar-kamar ndhuwur lan kamar-kamar ing jero sarta kamar kanggo tutup-pangruwatan.

12Sateruse uga rancangan samubarang kang wus digalih bab plataraning padalemane Pangeran Yehuwah lan kamar-kamar ing sakubenge, bab prabot-praboting padalemane Gusti Allah sarta pasimpenaning barang-barang sengkeran;

13bab golongan-golonganing para imam lan para wong Lewi tuwin bab sakehing ajaran kang tumuju marang pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah apadene sakehing barang kang kanggo ing pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah.

14Sang Nata uga maringake emas sabobote kang kabutuhake kanggo gawe sakehe barang ing saben pangibadah; sarta iya maringake salaka sabobote kang dibutuhake kanggo gawe sakehe barang ing saben pangibadah,

15yaiku emas kanggo padamaran emas, bobote sapira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine padamaran lan damare, lan salaka kanggo gawe padamaran salaka, bobote sapira kang dibutuhake kanggo saben padamaran lan damare, cundhuk karo panganggone saben padamaran ing sajroning pangibadah.

16Sawuse mangkono uga maringi emas kanggo gawe meja roti sesaosan kanggo siji-sijine meja, tuwin salaka kanggo gawe meja salaka;

17sateruse uga emas murni kanggo gawe porok; lan bokor panyiraman sarta kendhi, uga kanggo gawe tuwung emas, bobote sepira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine tuwung, apadene salaka kanggo gawe tuwung salaka, bobote sepira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine tuwung;

18uga emas kang wus kasengker kanggo gawe misbyah pangobongan dupa, bobote sepira kang dibutuhake, sarta emas kanggo gawe kreta-kretanan kanggo numpangake kerub loro-lorone, kang ngegarake swiwine kanggo ngayomi pethi prajanjiane Pangeran Yehuwah.

19Pangandikane Sang Prabu Dawud: “Iku kabeh tinemu ana ing tulisan, kang kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang ingsun, kang isi pitedah bab sakehe pagawean kang kudu dilakoni samangsa nindakake rancangan iku.”

20Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Pangeran Suleman, kang putra: “Disantosa lan ditatag atinira, lan nindakna iku; sira aja sumelang lan aja nglokro, sabab Pangeran Yehuwah Allah, Gusti Allahingsun, nunggil kalawan sira. Panjenengane ora bakal negakake lan nilar sira nganti sarampunging sakehe pagawean kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah.

21Lah golonganing para imam lan para wong Lewi wus cumawis kango sakehing pangibadah ana ing padalemaning Allah, lan wus ana wong sawetara kang kanthi legawaning ati arep mbiyantu sira, kang ahli ing bab nindakake saben pagawean. Mangkono uga para pemimpin lan rakyat iki kabeh iya padha cumadhang marang apa kang sira dhawuhake.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel