Bab jumaga
1Nanging, para sadulur, mungguh mangsa lan wayahe ora prelu daktulis marang kowe,
2amarga kowe wus padha sumurup dhewe kalawan cetha, yen dina rawuhe Gusti iku tekane kaya maling ing wayah bengi.
3Manawa wong-wong padha kandha: Saiki tentrem, ora ana bebaya -- mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadene wong wadon kang ngandheg dadakan nglarani -- mesthi ora bakal padha bisa ngoncati.
4Nanging kowe iku, para sadulur, padha ora ana ing pepeteng, yen ngantia kowe padha kebrejog ing dina ki kaya tekaning maling,
5amarga kowe kabeh iku padha dadi anaking raina. Kita iku dudu wong-wonging wengi utawa wong-wonging pepeteng.
6Awit saka iku prayogane kita aja turu kaya wong-wong liyane, nanging padha meleka lan sing waspada.
7Jalaran wong kang padha turu, iku turune ing wayah bengi, lan kang padha mendem, iku anggone mendem ing wayah bengi.
8Nanging kita iki wong-wonging raina, mulane kita kudu waspada, kudu ngrasuk kerening pracaya lan katresnan sarta atetopong pangarep-areping karahayon.
9Awit Gusti Allah ora nyadhangake kita marang beendu, nanging supaya oleh karahayon marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita,
10kang wus seda kanggo kita, supaya kita dadia melek, dadia turu, padha ndherek urip kalawan Panjenengane.
11Mulane kowe padha eling-ingelingna lan bangun-binanguna, kayadene kang pancen padha koklakoni iku.
Pepeling warna-warna
12Karodene, para sadulur, panjalukku kabeh marang kowe: wong-wong kang padha nyrempeng ing gawe ana ing antaramu, kang nenuntun marang kowe ana ing patunggilane Gusti sarta kang memerdi marang kowe,
13iku padha ajenana kang banget kalawan katresnan marga saka pagaweane. Tansah padha rukuna.
14Aku iya padha aweh pitutur marang kowe, para sadulur, wong kang uripe padha ora tumata iku perdinen, wong kang padha cilik atine iku lipuren, wong kang ringkih padha belanana. Sing sabar marang wong kabeh.
15Eling-elingen, aja nganti ana wong kang males ala marang wong kang gawe piala, nanging tansah padha ngudia marang kabecikan, iya tumrap para sadulur, iya tumrap wong kabeh.
16Tansah padha bungaha.
17Aja kendhat anggonmu ndedonga.
18Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang dikarsakake dening Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe.
19Aja nyirep Sang Roh,
20lan aja ngremehake pamedharing wangsit.
21Samubarang kabeh iku titinen, dene kang becik anggonen.
22Padha ngedohana sarupaning piala.
Salam
23Muga Gusti Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucekake kowe ing sasampurnane lan muga roh, jiwa lan badanmu rineksa becik kalawan tanpa cacad, besuk rawuhe Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.
24Panjenengane kang nimbali kowe iku setya tuhu, Panjenengane iya bakal ngleksanani.
25Para sadulur, aku kabeh padha dongakna.
26Salamku kabeh marang para sadulur kalawan pangambung kang suci.
27Atas asmaning Gusti aku njaluk kanthi banget marang kowe, poma layang iki kawacaa ing ngarepe para sadulur kabeh.
28Sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, anaa ing kowe kabeh.