Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 1 >> 

Salam

1Saka Paulus, rasule Gusti Kristus Yesus manut dhawuhe Gusti Allah, Juruslamet kita, lan Gusti Kristus Yesus, dhasaring pangarep-arep kita,

2marang Timoteus, anakku kang sayekti ing sajroning pracaya: sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Gusti kita anaa ing kowe.

Bab piwulang panasaran

3Nalika aku arep nerusake lakuku menyang ing wilayah Makedhonia, kowe wus dakwanti-wanti, supaya terusa ana ing kutha Efesus lan mituturi wong-wong saweneh, supaya aja aweh piwulang liyane

4utawa ngelengake dongeng lan sarasilah kang ora ana uwis-uwise, kang mung ngolehake bab-bab kang mung dadi rembug thok, sarta dudu tatanan kaslametan kang diparingake dening Gusti Allah sajroning pracaya.

5Mangka karepe pitutur iku katresnan kang jumedhul saka ing ati kang resik, saka swaraning batin kang murni lan saka pracaya kang tulus eklas.

6Nanging ana wong kang nyimpang saka ing dalan iku lan kesasar ana ing paguneman kang tanpa guna.

7Wong iku padha arep dadi guruning angger-anggere Toret, mangka ora mangreti marang tembung-tembunge dhewe sarta marang bab kang baku-baku, kang diwulangake kanthi tandhes.

8Kita padha sumurup, yen angger-anggering Toret iku becik, manawa bener anggone ngecakake,

9yaiku kanthi yakin, yen angger-anggering Toret iku ora kanggo wong kang sampurna, nanging kanggo wong murangsarak lan wong kang uripe tanpa tatanan, wong lamis lan wong dosa, wong kang engenake kadonyan lan wong kang tanpa agama, kang mateni bapa lan mateni biyunge, kang mateni wong,

10wong kang laku jina, kang laku jindik, kang nyulik wong, wong dora cara, wong kang nerak supata, lan sabanjure samubarang kabeh kang cengkah kalawan piwulang kang bener,

11kang adhedhasar Injiling Gusti Allah kang luhur lan rahayu dhewe, kaya kang wis kapitayakake marang aku.

Pamuji sokur ing bab sih-palimirmaning Allah

12Aku saos sokur marang Panjenengane, kang nyantosakake aku, yaiku Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, amarga Panjenengane karsa nganggep aku tumemen, sarta banjur kaparingan bubuhan leladi iki,

13aku kang maune dadi wong kang ngala-ala, nganiaya lan ngrodaparipeksa, nanging aku wus karentahan sih-palimirmane, awit iku kabeh daklakoni marga saka ora ngreti, yaiku jalaran ora pracaya.

14Malah sih-rahmate Gusti kita iku wus kaparingake marang aku nganti luber kalawan pracaya lan katresnan ing sajroning Sang Kristus Yesus.

15Iki tembung kang satuhu lan wajib diugemi temenan, “Sang Kristus Yesus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa,” lan panunggalane iku aku iki kang gedhe dhewe dosaku.

16Nanging malah iya marga saka iku aku banjur karentahan palimirma, supaya Gusti Yesus Kristus nelakna katoging kasabarane ana ing aku, kang gedhe dhewe dosaku, sarta dadia pangilon tumrap wong kang bakal padha pracaya marang Panjenengane, satemah oleh urip langgeng.

17Ratune sakabehing jaman, Gusti Allah kang langgeng kawontenane, kang ora katingal, kang asipat tunggal, iku kacaosana hurmat lan kamulyakna ing salawase! Amin.

Kawajibane Timoteus

18Kawajiban iku dakpasrahake marang kowe, anakku Timoteus, cundhuk karo apa kang wus kawangsitake tumrap kowe, supaya marga saka kasantosakake dening wangsit iku, kowe banjur nglakoni perang kang utama kalawan ngantepi ing pracaya lan swaraning batin kang becik.

19Ana wong sawatara kang wus ngemohi swaraning batine kang becik iku, satemah pracayane ilang.

20Panunggalane yaiku Himeneus lan Aleksander, kang wus dakpasrahake marang Iblis, supaya padha kapoka anggone ngala-ala.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (1 Timotius 1):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Timotius 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel