Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 10 >> 

Sang Prabu Yehu nyirnakake brayate Sang Prabu Akhab

1Sang Prabu Akhab kagungan putra kakung pitung puluh ana ing Samaria. Sang Prabu Yehu nuli damel serat, dikintunake menyang Samaria, marang panggedhening kutha kono, marang para pinituwa lan marang para pamomonge putra-putrane Sang Prabu Akhab, surasane:

2“Satekane layang iki marang sira, sira kang padha mengku para putrane gustinira, sarta kang padha ngwasani kreta lan jaran apadene kuthabeteng lan gegaman,

3padha miliha putrane gustinira kang utama lan kang sembada dhewe banjur lenggahna ing dhampare kang rama, nuli peranga mbelani kulawargane gustinira.”

4Nanging wong mau padha banget wedine sarta pangucape: “Lah wong ratu loro iku bae ora kuwat nandhingi panjenengane, kapriye anggon kita bisa nandhingi?”

5Awit saka iku panggedhening kraton lan panggedhening kutha, lan uga para pinituwa sarta para pamomong padha kongkonan munjuk marang Sang Prabu Yehu: “Kawula sadaya punika abdi dalem sarta sadaya dhawuh dalem badhe sami kawula lampahi. Kawula boten sami badhe njumenengaken sinten kemawon dados ratu. Sumangga, panjenengan dalem karsaa nindakaken punapa ingkang kagalih prayogi.”

6Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu nuli damel serat kang kaping pindhone marang wong-wong mau, surasane: “Manawa sira padha mbiyantu ingsun lan padha gelem ngestokake dhawuhingsun, mara sira padha sowana marang ngarsaningsun nggawa sirahe para putrane gustinira, sesuk watara wayah mangkene menyang ing Yizreel.” Anadene para raja-putra pitung puluh iku padha ana ing panggonane para panggedhe ing kutha kono, kang padha nggulawentah.

7Kacarita bareng layang iku wus ditampani dening wong-wong mau, banjur padha nyekel para raja-putra pitung puluh mau, padha disembelehi, sirahe padha diwadhahi ing kranjang nuli dikirimake konjuk marang Sang Prabu Yehu menyang ing Yizreel.

8Bareng kongkonan iku seba ngunjuki uninga: “Sirahipun para raja-putra sampun sami kaladosaken.” Sang Prabu Yehu nuli dhawuh: “Kabeh iku dokoken dadi rong tumpuk ana ing sangarepe gapura nganti sesuk.”

9Esuke Sang Prabu Yehu miyos sarta jumeneng ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh, kang banjur padha dipangandikani mangkene: “Sira kabeh iku padha ora luput. Pancen ingsun kang wus nganakake sakuthon nglawan gustiku lan kang wus nyedani panjenengane; nanging kang mateni iki kabeh sapa?

10Sira kabeh padha sumurup, manawa pangandikane Pangeran Yehuwah kang wus kawiyos tumrap kulawargane Sang Prabu Akhab, ora ana kang ora kelakon. Pangeran Yehuwah wus nindakake apa kang kapangandikakake lumantar Nabi Elia, abdine.”

11Sang Prabu Yehu banjur mejahi sakehe kekarene brayate Sang Prabu Akhab kang ana ing Yizreel, uga sakehe panggedhene, para abdine kang dipitados lan para imame; ora ana siji bae kang dilestarekake urip dening Sang Prabu Yehu.

12Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu banjur jumeneng lan tindak menyang ing Samaria. Ana ing sacedhake Bet-Eked, papan panggonane para pangon,

13kepanggih karo sanak sadhereke Sang Prabu Ahazia, ratu ing Yehuda, nuli ndangu: “Kowe iku sapa?” Atur wangsulane: “Adalem punika sami sanak sadherekipun Sang Prabu Ahazia lan anggenipun adalem sami mriki punika badhe ngaturi sugeng dhumateng para putra-putranipun Sang Prabu saha para putranipun Sang Prameswari.”

14Sang Prabu Yehu banjur dhawuh: “Cekelen wong-wong iku urip-uripan!” Nuli padha dicekel urip-uripan lan padha disembelehi ana ing sacedhake sumur Bet-Eked, cacahe patang puluh loro, ora ana siji-sijia kang diuripi.

15Bareng wus tindak saka ing kono, tumuli kepanggih karo Yonadab bin Rekhab kang methuk panjenengane. Sang Prabu uluk salam marang dheweke kalawan ngandika: “Atimu apa temen kayadene katemenaning atiku marang kowe?” Unjuke Yonadab: “Inggih temen.” “Manawa mangkono, ayo salaman!” Yonadab nuli ngathungake tangane, banjur kadhawuhan munggah ing keta dening Sang Prabu Yehu.

16Pangandikane Sang Prabu Yehu: “Ayo aku dherekna, supaya kowe nyumurupi anggonku kalawan mempeng tumindak kagem Sang Yehuwah.” Dadine Sang Prabu Yehu kadherekake Yonadab ana ing titihane kreta.

17Sarawuhe ing Samaria, Sang Prabu Yehu banjur dhawuh mateni sakehe wong kang kagolong kulawargane Sang Prabu Akhab kang isih kari ana ing Samaria, padha disirnakake, cundhuk karo pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Elia.

Sang Prabu Yehu ngicali pangibadah marang Baal

18Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu banjur nglempakake rakyat kabeh padha dipangandikani mangkene: “Akhab iku anggone ngibadah marang Baal isih kurang, nanging Yehu bakal ngibadah marang iku ngluwihi dheweke banget.

19Mulane sakehe nabine Baal padha timbalana supaya padha ngadhep marang ing ngarsaku, kabeh wong kang padha ngibadah marang iku lan sakehe imame, siji bae aja nganti ana kang kari, awit aku arep nyaosake kurban kang gedhe marang Baal. Saben wong kang ora teka, bakal ora lestari urip.” Nanging iki mung akale Sang Prabu Yehu anggone bakal nyirnakake wong-wong kang padha nyembah marang Baal.

20Sabanjure Sang Prabu Yehu ngandika: “Padha nemtokna dina gedhe kanggo nganakake pakumpulan suci tumrap Baal!”

21Iku nuli diundhangake. Sang Prabu Yehu utusan wong menyang ing wewengkone Israel kabeh, para wong kang padha nyembah marang Baal padha teka kabeh lan padha lumebu ing kabuyutane Baal, siji bae ora ana kang kari, temah omah mau kebak nganti padha suksukan saka ing pojok tekan ing pojok.

22Sang Prabu Yehu tumuli ngandika marang wong kang manggedheni gedhong sandhangan: “Sandhangan kanggo saben wong kang nyembah marang Baal wetokna!” Sandhangan kanggo wong-wong mau banjur diwetokake.

23Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu nuli lumebet ing omah kabuyutane Baal mau kadherekake Yonadab bin Rekhab sarta nuli ngandika marang para wong kang padha nyembah marang Baal: “Titipriksanen lan delengen, aja nganti ana wong siji bae ing satengahmu ing kene kang dadi abdining Pangeran Yehuwah, kejaba mung wong kang padha nyembah marang Baal.”

24Wong-wong nuli padha lumebu arep sesaji kurban sembelehan lan kurban obaran. Anadene Sang Prabu Yehu wus mapanake wong wolung puluh ana ing jaba kang wus padha dipangandikani: “Sing sapa ngetogake bae manawa ana wong panunggalane para wong kang wus dakpasrahake ing tanganmu, kang bisa oncat, nyawane dadi gegentine wong iku.”

25Sawuse sesaji kurban obaran, Sang Prabu Yehu dhawuh marang para prajurit lan marang para opsir: “Padha lumebua, wong iku padha patenana, aja nganti ana siji bae kang bisa oncat!” Wong mau tumuli padha dipateni kalawan landheping pedhang, jisime kabuwang; para prajurit lan para opsir banjur lumebu ing gedhong kabuyutane Baal.

26Sakehe brahala kabuyutane Baal diwetokake, banjur kaobong.

27Tugu brahalane Baal dirubuhake, samono uga omahe Baal, nuli didadekake kakus, nganti tumeka ing dina iki.

28Kaya mangkono anggone Sang Prabu Yehu nyirnakake Baal saka ing Israel.

29Mung bae Sang Prabu Yehu ora nebihi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur padha nglakoni dosa, yaiku dosa ndedewa pedhet emas kang ana ing Betel lan ing Dhan.

30Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Sang Prabu Yehu: “Ing sarehne sira wus nglakoni panggawe becik, yaiku nindakake apa kang bener ana ing ngarsaning paningalingSun, lan wus nandukake marang kulawargane Akhab trep karo kang kakarsakake ing panggalihingSun, mulane anak-anakira bakal nglungguhi dhamparing Israel nganti patang turunan.”

31Nanging sugenge Sang Prabu Yehu ora lestari miturut ing angger-anggering Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kalawan gumolonging panggalihe, ora nebihi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam, kang njalari wong Israel uga banjur padha nglakoni dosa.

32Ing nalika samana Pangeran Yehuwah wiwit ngungkret wilayah Israel, awit padha dikalahake dening Sang Prabu Hazael ana ing satlatahe Israel kabeh

33ing sawetane bengawan Yarden, sawewengkone tanah Gilead karebut kabeh, tanahe wong Gad, wong Ruben lan wong Manasye, wiwit saka ing Aroer ing sapinggire kali Arnon, iya tanah Gilead, iya tanah Basan.

34Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yehu lan sakehe kang ditindakake sarta sakehe kaprawirane, iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

35Sang Prabu Yehu nuli kaparingan ngaso nunggil karo para leluhure, sarta banjur kasarekake ana ing Samaria, dene Sang Pangeran Yoahas, putrane, banjur jumeneng ratu, nggenteni panjenengane.

36Sang Prabu Yehu iku anggone jumeneng ratu Israel ana ing Samaria lawase wolulikur taun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel