Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 13 >> 

Sang Prabu Yoahas ratu ing Israel

1Ing taun kang kaping telulikure jamane Sang Prabu Yoas, putrane Sang Prabu Ahazia, ratu ing Yehuda, Pangaeran Yoahas, putrane Sang Prabu Yehu, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria; anggone ngasta paprentahan lawase pitulas taun.

2Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningale Pangeran Yehuwah lan sugenge manut ing dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel uga banjur nindakake dosa, sarta ora nyimpang saka iku.

3Mulane Pangeran Yehuwah duka banget marang Israel, tumuli padha kaulungake marang ing astane Sang Prabu Hazael, ratu ing nagara Aram, lan marang ing astane Sang Prabu Benhadad, putrane Sang Prabu Hazael, ing salawase jaman iku.

4Nanging Sang Prabu Yoahas nuli nyuwun sih-piwelase Pangeran Yehuwah lan Sang Yehuwah iya banjur karsa nyembadani, amarga wus nguningani bangeting panindhese ratu ing Aram marang wong Israel.--

5Pangeran Yehuwah maringi juru pangluwaran marang wong Israel, satemah padha bisa uwal saka ing tanganing Aram lan bisa manggon ing tarube maneh kaya kang uwis-uwis.

6Mung bae ora padha ngedohi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam, kang njalari wong Israel iya banjur nindakake dosa uga, nanging terus bae anggone urip sajroning dosa kang mangkono iku. Reca Asyera uga isih tetep ana ing Samaria. --

7Awit ora ana wadya-bala kang dikarekake marang Sang Prabu Yoahas, kejaba prajurit jaranan seket, kang nunggang kreta sepuluh lan bala dharatan sepuluh ewu, amarga wus padha kasirnakake dening ratu ing Aram kayadene ndamoni bleduging panuton.

8Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoahas lan sakehing pandamele sarta kaprawirane, kabeh iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

9Sang Prabu Yoahas nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan disarekake ana ing Samaria. Pangeran Yoas, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel

10Ing taun kang kaping telung puluh pitune jamane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, Pangeran Yoas putrane Sang Prabub Yoahas, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan lawase nembelas taun.

11Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nebihi sakehing dosa kang katindakake wong Israel marga saka dhawuhe Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, nanging terus bae anggone nglakoni dosa kang mangkono iku.

12Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoas lan sakehing pandamele sarta kaprawirane, anggone perang nglawan Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

13Sawuse Sang Prabu Yoas kaparingan ngaso bareng karo para leluhure, Pangeran Yerobeam banjur lenggah ing dhamparing kang rama. Dene Sang Prabu Yoas kasarekake ana ing Samaria ing sandhinge para ratu ing Israel.

Kadadean nalika ngarepake sedane Nabi Elisa lan kaelokan ing pasareane

14Nalika Nabi Elisa nandhang gerah kang njalari ing sedane, Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, rawuh martuwi lan banjur muwun ana ing ngarsane, pangandikane: “Dhuh rama kula, rama kula! Kretanipun Israel tuwin balanipun kekapalan!”

15Nabi Elisa matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem karsaa mundhut gandhewa tuwin jemparing.” Iya banjur kacaosan gandhewa lan jemparing.

16Ature marang ratu ing Israel: “Kawula aturi menthang gendhewa dalem!” Sang Prabu banjur menthang gendhewane, nanging Nabi Elisa numpangake astane ing astane Sang Prabu kambi matur:

17“Cendhela ing sisih wetan punika kawengakna!” Lan nalika kawengakake, Nabi Elisa matur: “Kawula aturi njemparing!” Banjur dijemparing. Nabi Elisa matur: “Punika jemparinging kaunggulan paringipun Pangeran Yehuwah, jemparinging kaunggulan nglawan Aram. Panjenengan dalem badhe ngawonaken Aram wonten ing Afek, ngantos tumpes tapis.”

18Sawuse mangkono tumuli matur: “Kawula aturi mundhut jemparing punika!” Iya banjur dipundhut. Bareng wus dipundhut, Nabi Elisa matur marang ratu ing Israel: “Sumangga kagebagna ing siti!” Nuli kagebagake ing lemah kaping telu, banjur kendel.

19Abdining Allah duka marang Sang Prabu, ature: “Kedahipun panjenengan dalem nggebag kaping gangsal utawi kaping enem. Menawi mekaten panjenengan dalem badhe nggecak Aram ngantos tumpes tapis. Nanging sapunika, namung kaping tiga anggen panjenengan dalem badhe ngawonaken Aram.”

20Sawuse mangkono Nabi Elisa nuli seda, lan banjur kasarekake. Anadene ing saben pletheking taun kerep ana grombolan wong Moab kang lumebu ing nagara.

21Nalika ing sawijining dina wong lagi padha ngubur layon, ana grombolan teka; bareng wong-wong weruh grombolan iku, layone nuli kauncalake menyang ing pasareane Nabi Elisa, banjur padha lunga. Kocapa, bareng layon mau nggepok balung-balunge Nabi Elisa, banjur urip maneh lan ngadeg.

Sang Prabu Yoas nglawan Aram lan unggul

22Kacarita Sang Prabu Hazael, ratu ing nagara Aram, anggone nindhes wong Israel iku ing sajege sugenge Sang Prabu Yoahas.

23Nanging Pangeran Yehuwah welas lan ngeman marang Israel, mulane banjur karsa ngudaneni, marga saka ngengeti prasetyane marang Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Yakub, ora karsa ndadosake tumpese lan durung karsa mbucal ing wektu iku saka ing ngarsane.

24Bareng Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram, seda, tumuli Pangeran Benhadad, kang putra, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

25Kutha-kutha kang karebat dening Sang Prabu Benhadad saka ing astane Sang Prabu Yoahas, ramane Sang Prabu Yoas, karebat maneh dening Sang Prabu Yoas, putrane Sang Prabu Yoahas, saka ing astane Sang Prabu Benhadad. Kaping telu anggone Sang Prabu Yoas ngawonake panjenengane lan mangsulake kutha-kutha Israel.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel