Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 13 >> 

Pangeran Amnon lan Sang Putri Tamar

1Sawuse iku ana lelakon kaya ing ngisor iki: Pangeran Absalom, putrane Sang Prabu Dawud kagungan rayi putri kang ayu warnane, asmane Tamar: lan Sang Amnon putrane Sang Prabu Dawud kasmaran marang putri iku.

2Galihe Pangeran Amnon wuyung banget, temah nandhang gerah marga saka Sang Putri Tamar, sadhereke iku, amarga Sang Putri iku isih kenya lan miturut pangrasane Pangeran Amnon, langka bisane nandukake apa-apa marang panjenengane.

3Pangeran Amnon kagungan mitra, asmane Yonadab, putrane Sang Simea, kang raka Sang Prabu Dawud. Sang Yonadab iku wong kang pinter banget.

4Ature marang Pangeran Amnon: “Dhuh Sang Rajaputra, kenging punapa dene panjenengan dalem saben enjing kok ketingal suntrut makaten? Punapa boten langkung prayogi panjenengan dalem paring sumerep dhateng kawula?” Pangandikane Pangeran Amnon marang Sang Yonadab: “Kula remen dhateng Tamar, rayinipun adhimas Absalom, sadherek kula.”

5Ature sang Yonadab: “Panjenengan dalem kawula aturi sare wonten ing pasarean lan api-api gerah. Samangsa kang rama rawuh tetuwi, panjenengan matur makaten: Rayi kula Tamar mugi keparengna ngladosi tetedhan dhateng kawula. Anggenipun ngolahaken tetedhan punika wontena ing ngajeng kawula, temah kawula saged nungkuli, sarta kawula sageda nedha saking tanganipun.”

6Sawuse iku Pangeran Amnon sarean lan api-api gerah. Nalika Sang Prabu Dawud rawuh tetuwi, Pangeran Amnon munjuk marang Sang Prabu: “Rayi kawula Tamar mugi kaparengna dhateng ngolahaken kuwih-kuwih satunggal kalih wonten ing ngajeng kawula, supados kawula tedha saking tanganipun.”

7Sang Prabu banjur utusan abdi marani Sang Putri Tamar, menyang ing daleme sarta kaweling: “Menyanga ing omahe kangmasmu Amnon lan olahna panganan.”

8Sang Putri Tamar banjur tindak menyang ing daleme Pangeran Amnon, kang raka kang lagi sarean. Sang Putri Tamar banjur mundhut jladren diulet lan diolah kagawe panganan, ana ing ngarsane Pangeran Amnon, nuli kapanggang.

9Sawuse iku Sang Kenya mundhut wajane lan ngesok isine ana ing ngarsane Pangeran Amnon, nanging ora kersa dhahar. Pangeran Amnon ngandika: “Wong kabeh padha konen metu saka ing kene.” Wong kabeh banjur padha metu saka ing kono.

10Pangeran Amnon banjur ngandika marang kang rayi Tamar: “Panganane gawanen menyang kamar, supaya aku mangan saka ing tanganmu.” Sang Putri mundhut panganan olah-olahane, nuli diaturake marang kang raka Amnon menyang ing jero kamar.

11Bareng Sang Putri nyaosake dhaharan, Sang Putri kacandhak lan dipangandikani: “Ayo turu karo aku, dhiajeng!”

12Nanging Sang Putri matur marang Amnon, kang raka: “Boten kangmas, sampun panjenengan masesa kula, amargi lampah makaten punika boten urus wonten ing Israel. Panjenengan sampun ngantos tumindak nistha makaten.

13Punapa malih badhe dhateng pundi anggen kula nyingkiraken kawirangan kula punika? Dene panjenengan punika, panjenengan badhe kagolongaken tiyang gemblung wonten ing Israel. Pramila panjenengan kula aturi matur dhateng Sang Prabu, awit panjenenganipun temtu boten badhe nyukengi kula, temtu karsa maringaken kula dhateng panjenengan.”

14Nanging Pangeran Amnon ora maelu marang ature kang rayi; lan sarehne luwih rosa katimbang Sang Putri, dirodapeksa lan ditunggil sare.

15Wasana Pangeran Amnon katuwuhan rasa sengit kang luwih banget marang Sang Putri, malah rasane sengit ngluwihi rasane remen marang kang rayi ing sadurunge. Pangeran Amnon ngandika marang Sang Putri: “Ngadega lan lungaa!”

16Sang Kenya matur: “Sampun tumindak makaten dhuh kakangmas, anggen panjenengan nundhung kula punika langkung awon katimbang kaliyan ingkang sampun panjenengan tandukaken dhateng kula.” Nanging Pangeran Amnon ora maelu marang ature Sang Putri.

17Banjur nimbali abdine kang ngladeni, dhawuhe: “Wong wadon iku konen lunga saka kene, lawange nuli kuncinen!”

18Sang Putri ngagem rasukan alengen dawa kang endah banget, awit wis kalumrah putrining ratu kang isih kenya ngagem rasukan alengen dawa. Abdi mau banjur nundhung Sang Putri menyang njaba nuli lawange dikunci.

19Sang Putri Tamar banjur nguwur-uwuri awu ing mastakane, nyuwek rasukane alengen dawa kang endah iku, nyunggi astane lan tindak muwun klawan swara dumeling.

20Pangeran Absalom, kang raka, ndangu marang Sang Putri: “Apa kangmasmu Amnon iku sapaturon karo kowe? Lah saiki, dhiajeng menenga bae, wong iku kangmasmu dhewe, prakara iku aja koklebokake ing atimu.” Sang Putri Tamar manggen nyepi ana ing daleme Pangeran Absalom kang raka.

21Nalika Sang Prabu Dawud miyarsa prakara iku kabeh, banget muntab dukane.

22Pangeran Absalom ora reraosan karo Pangeran Amnon kang ala utawa kang becik, nanging Pangeran Absalom ngrendhem sengit banget marang Pangeran Amnon, awit saka anggone masesa marang kang rayi Tamar.

Pangeran Amnon kasedanan, Pangeran Absalom ngungsi

23Sawuse kelakon rong taun, Pangeran Absalom nganakake pahargyan mbathili wedhus-wedhuse ana ing Baal-Hazor, ing sacedhake kutha Efraim. Pangeran Absalom ngulemi para putrane Sang Prabu kabeh.

24Pangeran Absalom sowan marang ngarsane Sang Prabu, banjur munjuk: “Abdi dalem punika badhe ngadhah damel mbathili menda. Punapa Sang Prabu kepareng rawuh, kadherekaken para punggawa nyarengi lampah kawula?”

25Nanging Sang Prabu ngandika marang Absalom: “Aja dadi atinira putraningsun, ngger, yen kabeh padha mrana, mundhak gawe repotira.” Pangeran Absalom banget panyuwune, nanging Sang Prabu ora karsa tindak, mung paring pangestu.

26Pangeran Absalom matur maneh: “Manawi panjenengan dalem boten karsa, kalilana kangmas kawula Amnon kemawon tindaka kaliyan kawula.” Nanging Sang Prabu ngandika: “Apa ta prelune kangmasmu Amnon melu karo kowe?”

27Ewadene sarehne Pangeran Absalom banget panyuwune, Pangeran Amnon dalah para putra liyane dililani melu.

28Pangeran Absalom banjur mrentahi marang para abdine mangkene: “Padha diawas!” Manawa Amnon wis gambira marga saka sumuking anggur lan aku ngabani marang kowe: Amnon tempuhen, wong iku patenana. Aja wedi. Rak aku kang dhawuh marang kowe? diteteg atimu lan ngatokna gagah prakosamu.”

29Para abdine Pangeran Absalom nuli nandukake marang Pangeran Amnon apa saprentahe Pangeran Absalom. Sakehe putrane Sang Prabu banjur menyat, nitih bihale dhewe-dhewe lan padha lumajeng.

30Nalika para putrane Sang Prabu isih padha ana ing dalan Sang Prabu Dawud midhanget pawarta mangkene: “Pangeran Absalom sampun nyedani sakathahing putranipun Sang Prabu, boten wonten satunggal-tunggala ingkang saged lolos.”

31Sang Prabu banjur jumeneng, nyuwek-nyuwek pangagemane lan dhawah gumuling ana ing jogan, tuwin sakehe abdi dalem kang ngadhep, padha nyuwek-nyuwek panganggone.

32Nanging Sang Yonadab, bin Simea, kang raka Sang Prabu Dawud, tumuli matur: “Gusti sampun nginten bilih para mudha para putra dalem sadaya sami kasedanan. Namung Pangeran Amnon ingkang seda, amargi prakawis punika sampun katawis wonten ing pasuryanipun Pangeran Absalom, wiwit nalika Pangeran Amnon masesa Sang Putri Tamar, rayinipun.

33Pramila dhuh gusti kawula Sang Prabu, sampun nggalih, bilih sadaya putra dalem sampun seda, amargi namung Pangeran Amnon piyambak ingkang seda.”

34Kacarita Pangeran Absalom lolos. Nalika wong jaga ngulat-ulatake, katon ana wong sagolongan gedhe teka saka ing dalan kang menyang Horonaim, saurute perenging gunung.

35Sang Yonadab matur marang Sang Prabu: “Kauningana, para putra dalem sampun sami rawuh. Rak leres kados unjukipun abdi dalem.

36Lagi bae anggone munjuk, para putrane Sang Prabu padha sowan kalawan muwun kanthi sora. Sang Prabu iya muwun kalawan swara sora, mangkono uga sakehe abdi dalem.

37Pangeran Absalom wus lolos lan ngungsi marang kratone Prabu Talmai bin Amihud, ratu ing tanah Gesur. Lan Sang Prabu Dawud nandhang sungkawa pirang-pirang dina marga saka putrane mau.

38Pangeran Absalom anggone lolos lan ngungsi ana ing kraton Gesur nganti telung taun.

39Sang Prabu wus lilih dukane marang Pangeran Absalom, amarga sungkawane jalaran saka sedane Pangeran Amnon wus lipur.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel