Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 19 >> 

1Nuli Senapati Yoab diaturi pirsa: “Kauningana, Sang Prabu muwun lan nandhang sungkawa margi saking Pangeran Absalom.”

2Nalika samana kaunggulan banjur dadi kaprihatinan tumrap para wadyabala, amarga ing dina iku wadyabala padha krungu kandhaning wong: “Sang Prabu nandhang sungkawa marga saka ingkang putra.”

3Mulane lumebune wadyabala menyang kutha ing dina iku tanpa swara, kaya dene bala kang kawirangan, samangsa bali mulih mung meneng-menengan bae amarga keplayu saka ing paprangan.

4Sang Prabu nutupi wedanane, klawan swara sora Sang Prabu asambat-sambat: “Adhuh anakku, engger Absalom, Absalom anakku, anakku!”

5Sang Senapati Yoab banjur seba marang ngarsane Sang Prabu sarta matur: “Ing dinten punika panjenengan dalem damel wirangipun sadaya abdi dalem ingkang sampun mitulungi nyawa dalem saha nyawanipun para putra dalem kakung-putri sarta para garwa padmi tuwin ampeyan dalem,

6inggih punika anggen panjenengan dalem ngasihi tiyang ingkang sengit dhateng panjenengan dalem lan nggethingi para tiyang ingkang nresnani panjenengan dalem. Amargi ing dinten punika panjenengan dalem nelakaken, bilih para senapati lan para wadyabala sami boten wonten aosipun wonten ing ngarsa dalem. Malah kawula mangretos, bilih saupami Absalom taksih gesang, kawula sadaya sami nemahi pejah ing dinten punika, temtu ingkang makaten punika panjenengan dalem anggep sae.

7Pramila, panjenengan dalem kawula aturi jumeneng saha miyos maringi pangandika, supados manahipun para tiyang sami lega. Kawula supaos demi asmanipun Sang Yehuwah, saupami panjenengan dalem boten miyos, boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ndherek panjenengan dalem ing dalu punika; mangka prakawis punika ateges langkung mbebayani katimbang kaliyan sakathahipun bebaya ingkang panjenengan dalem alami wiwit timur dalem ngantos dumugi sapunika.”

8Sang Prabu banjur jumeneng ana ing gapura. Wong-wong banjur padha kawartanan kabeh mangkene: “Lah Sang Prabu lenggah ana ing gapura.” Wong kabeh banjur padha seba marang ngarsane Sang Prabu. Dene wong Israel wis padha lumayu, padha mulih menyang pakemahane sowang-sowangan.

Gagasan ngaturi kondur Sang Prabu Dawud

9Sakehe wong taler-taler Israel kabeh padha tutuh-tinutuh tembunge: “Sang Prabu Dawud wis ngluwari kita saka mungsuh kita apadene kang nguwalake kita saka tangane wong Filisti, mangka saiki kengser saka ing nagara marga saka Pangeran Absalom.

10Nanging Pangeran Absalom kang wus kita jebadi, supaya ngereh kita, nemahi seda ana ing paprangan. Lah saiki yagene kowe padha meneng bae lan ora ngaturi kondur Sang Prabu?”

11Sang Prabu wis utusan wong marani Imam Zadhok lan Imam Abyatar sarta padha kaweling: “Rembugana karo para tuwa-tuwane Yehuda mangkene: Yagene kowe malah kang kari dhewe anggonmu ngaturi kondur Sang Prabu menyang kratone?” Amarga rembuge wong Israel kabeh wis kapiyarsa dening Sang Prabu.

12“Kowe iku rak sadulurku, kowe iku rak kulit-dagingku, yagene kok kowe kang kari dhewe anggonmu ngaturi Sang Prabu kondur menyang kratone?

13Lan Amasa wajib kokpituturi: Kowe iku rak kulit-dagingku? Muga Gusti Allah ndhawahna paukuman marang aku mangkene lan muwuhana mangkono, manawa kowe ora lestari dadi senapati nggenteni Yoab.”

14Mangkono anggone Sang Prabu Dawud mulihake atine sakehe wong Yehuda bareng sakala, temah banjur padha ngunjukake panyuwun marang Sang Prabu: “Panjenengan dalem mugi karsaa kondur saabdi dalem sadaya!”

Sang Prabu bidhal kondur. Simei methukake Sang Prabu

15Sang Prabu banjur bidhal kondur lan rawuh ing pinggire bengawan Yarden. Ing nalika samana wong Yehuda wis padha tekan ing Gilgal arep methukake rawuhe Sang Prabu Dawud lan ndherekake nyabrang ing bengawan Yarden.

16Simei bin Gera wong Benyamin saka ing Bahurim iya age-age teka kanthi para wong Yehuda methukake rawuhe Sang Prabu Dawud.

17Uga ana wong sewu saka tlatah Benyamin kang mbarengi lakune. Lan Ziba abdine kulawargane Prabu Saul dalah anake lanang limalas sarta abdine rong puluh padha gupuh-gupuh ndhingini rawuhe Sang Prabu menyang kali Yarden.

18Banjur nyabrang saka pasabrangan arep nyabrangake garwa-putrane Sang Prabu sarta nindakake apa kang dianggep prayoga. Simei bin Gera sumungkem ana ing ngarsane Sang Prabu, nalika Sang Prabu ndungkap nyabrang ing kali Yarden,

19lan munjuk marang Sang Prabu: “Gusti kawula mugi sampun ngantos tetep nganggep kawula punika lepat saha sampun ngantos ngengeti dhateng pratingkahipun abdi dalem ingkang lepat, nalika panjenengan dalem jengkar saking Yerusalem; sampun ngantos panjenengan dalem nggalih dhateng prakawis punika malih.

20Abdi dalem saestu rumaos, bilih abdi dalem sampun damel dosa lan mugi panjenengan dalem pirsani, ing dinten punika kawula ingkang rumiyin piyambak saking sakathahipun trah Yusup ingkang methukaken rawuhipun gusti kawula Sang Prabu.”

21Sang Abisai bin Zeruya banjur nyelani, ature: “Punapa Simei boten kedah kaukum pejah, amargi rumiyin ngipat-ipati ingkang jinebadan dening Sang Yehuwah?”

22Nanging Sang Prabu Dawud ngandika: “Sira melu-melu apa he anake Zeruya, kok ing dina iki sira nglawan marang ingsun? Apa ing dina iku nganti ana wong kang dipateni ing Israel? Apa kokkira ingsun ora pirsa, yen ing dina iki ingsun dadi ratu maneh ngereh bangsa Israel?”

23Sang Prabu banjur ngandika marang Simei: “Sira ora bakal mati!” Sang Prabu banjur supaos ana ing ngarepe.

Sang Mefiboset methukake Sang Prabu Dawud

24Sang Mefiboset bin Saul methukake Sang Prabu Dawud, ora wijikan sampeyane, ora diopeni jenggote lan ora dikumbah pangagemane wiwit Sang Prabu jengkar nganti tumeka kondure kanthi slamet.

25Nalika panjenengane methukake Sang Prabu didangu dening Sang Prabu: “Yagene sira ora lunga ndherekake lakuningsun, Mefiboset?”

26Atur wangsulane: “Nuwun inggih, gusti kawula Sang Prabu, kawula dipun apusi rencang kawula. Awitdene rencangipun abdi dalem kawula cariyosi makaten: Ngabah-abahana kuldi arep daktunggangi ndherek tindake Sang Prabu, ujer abdi dalem punika pincang.

27Rencang kawula punika nyidrani abdi dalem ing bab gusti kawula Sang Prabu. Nanging gusti kawula Sang Prabu punika prasasat kados malaekatipun Gusti Allah; pramila panjenengan dalem kawula aturi nindakaken punapa ingkang panjenengan dalem galih prayogi.

28Sanadyan sakathahing kulawarganipun abdi dalem punika ingkang pancenipun pantes kaukum pejah dening gusti kawula Sang Prabu, ewadene panjenengan dalem sampun njunjung abdi dalem kagolongaken tiyang ingkang sami tampi cadhong rejeki saking kraton dalem. Punapa ta wewenang kawula, dene taksih purun nyuwun punapa-punapa dhateng Sang Prabu?”

29Nanging Sang Prabu ngandika: “Apa perlune sira matur bab kaananira maneh? Ingsun wus paring katetepan: Sira lan Ziba ngeduma palemahan iku.”

30Mefiboset banjur matur marang Sang Prabu: “Kajengipun dipun pendhet sadaya, amargi gusti kawula Sang Prabu sampun kondur dhateng kedhaton kanthi raharja.”

Barzilai melu ndherek tindake Sang Prabu

31Barzilai wong ing Gilead, uga wus teka saka Rogelim lan melu ndherekake tindake Sang Prabu menyang bengawan Yarden, lan ngiringake tekan ing kana.

32Barzilai iku wis tuwa banget, umure wis wolung puluh taun. Wong iku kang nyukupi dhahare Sang Prabu sasuwene ana ing Mahanaim, ujer iku sugih banget.

33Pangandikane Sang Prabu marang Barzilai: “Sira ndhereka ingsun, mesthi bakal sunopeni ana ing kratoningsun ing Yerusalem.”

34Nanging Barzilai munjuk: “Taksih pinten taun malih anggen kawula gesang, kawula kok kadhawuhan ndherek panjenengan dalem dhateng Yerusalem.

35Sapunika kawula sampun umur wolung dasa taun, punapa kawula taksih saged mbedakaken prakawis ingkang sae utawi awon? Punapa kawula taksih saged ngraosaken punapa-punapa ingkang kawula tedha utawi kawula ombe? Punapa kawula taksih saged ngemataken larasing pangidunganipun para pasindhen jaler lan estri? Punapa perlunipun abdi dalem punika taksih dados tanggelanipun gusti kawula Sang Prabu?

36Abdi dalem punika namung saged ndherekaken sakedhap dumugi ing benawi Yarden. Kenging punapa Sang Prabu paring ganjaran ingkang semanten agengipun dhateng kawula?

37Kaparenga abdi dalem mantuk, supados kawula saged tilar wonten ing kitha kawula piyambak, celak kaliyan kuburipun bapa miwah biyung kawula. Nanging lah punika abdi dalem Kimham, ingkang saged ndherekaken gusti kawula Sang Prabu, saha kadamela ing sakeparenging karsa dalem.”

38Sang Prabu nuli ngandika: “Iya becik, Kimham bae ndhereka ingsun, ingsun bakal nandukake apa kang kokkarepake lan sakehing panyuwunira bakal sunsembadani.”

39Sawuse mangkono wong akeh padha nyabrang ing bengawan Yarden; Sang Prabu nuli pamitan marang Barzilai kanthi diaras lan uga banjur nyabrang. Wong iku banjur mulih menyang ing papan padunungane.

Padudone wong Israel lan wong Yehuda bab Sang Prabu

40Sawuse iku Sang Prabu terus tindak menyang ing Gilgal lan Kimham ndherekake. Sakehe wong Yehuda lan saparone taler Israel padha ndherekake Sang Prabu:

41Nanging sakehe wong Israel padha seba lan munjuk marang Sang Prabu: “Kenging punapa dene para sadherek kawula para tiyang Yehuda punika kok sami mboyong Sang Prabu kanthi sidheman saha nyabrangaken ing benawi Yarden sagarwa putra tuwin sadaya abdinipun Sang Prabu Dawud ingkang sami ndherekaken?”

42Wong Yehuda kabeh banjur padha mangsuli marang wong Israel: “Amarga Sang Prabu iku sadulurku. Kena apa kowe kok padha nepsu marga saka prakara iki? Apa aku padha mangan apa-apa kanthi wragat saka Sang Prabu? Apa aku padha oleh kauntungan?”

43Nanging wong Israel padha mangsuli marang wong Yehuda: “Aku padha duwe wewenang tikel sapuluh mungguh Sang Prabu. Sarehne aku anak mbarep, dadi ngluwihi kowe. Kena apa kowe padha ngremehake aku kabeh? Apa dudu aku kang wajib dhisik dhewe mboyong kondur marang Sang Prabu?” Nanging tembunge wong Yehuda luwih landhep katimbang tembunge wong Israel.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel