Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 21 >> 

Wong Gibeon karo kulawargane Sang Prabu Saul

1Nalika jumenenge Sang Prabu Dawud kelakon ana mangsa paceklik lawase telung taun muput. Sang Prabu Dawud banjur nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Yehuwah: “Saul lan kulawargane padha utang getih, amarga mateni wong-wong Gibeon.”

2Sang Prabu banjur nimbali wong-wong Gibeon sarta dipangandikani: -- wong Gibeon iku ora padha kagolong bangsa Israel, nanging klebu kekarene bangsa Amori, mangka wong Israel wus padha prajanji klawan supata, ewadene Sang Prabu Saul marga saka mempenge anggone tumundak kanggo wong Israel lan wong Yehuda banjur ngudi sirnane wong-wong mau. --

3Sang Prabu nuli ndangu marang wong-wong Gibeon iku: “Apa kang bisa suntindakake tumrap sira lan apa kang minangka tebusane, supaya sira banjur mberkahi marang umat kagungane Sang Yehuwah?”

4Wong Gibeon nuli padha matur marang Sang Prabu Dawud: “Prakawis kawula punika boten bab emas utawi selaka kaliyan Sang Prabu Saul saha kulawarganipun punika, saha ugi sanes bab mejahi salah satunggalipun tiyang Israel.” Nanging pangandikane Sang Prabu Dawud: “Lah apa kang sira suwun supaya suntindakake tumrap sira?”

5Sawuse iku wong mau padha matur marang Sang Prabu: “Tiyang ingkang sumedya sami ngrisak kawula saha ngarah tumpes kawula, ngantos kawula sami boten angsal papan wonten ing pundi-pundi wonten ing tanah Israel,

6mugi kaparingana dhateng kawula: turunipun pitu, badhe kawula gantung wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah wonten ing Gibeon, ing paredenipun Sang Yehuwah.” Tumuli pangandikane Sang Prabu: “Iya, ingsun bakal maringake wong iku.”

7Nanging Sang Prabu ngowel marang Mefiboset bin Yonatan bin Saul, amarga saka supaose demi Sang Yehuwah antarane Prabu Dawud karo Pangeran Yonatan bin Saul.

8Sang Prabu banjur mundhut wong lanang loro, anake Rispa, anake wadon Aya, kang patutan karo Prabu Saul, yaiku Armoni lan Mefiboset, sarta wong lima putrane kakung Sang Putri Merab, putrane putri Sang Prabu Saul, kang patutan karo Adriel bin Barzilai, wong ing Mehola;

9banjur padha dipasrahake marang tangane wong Gibeon. Wong iku banjur padha digantung dening wong Gibeon ana ing pagunungan ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Wong pepitu iku padha mati bareng. Wong iku anggone padha kaukum pati nalika wiwitane mangsa panen, iya wiwitane mangsa panen sair.

10Rispa, anake wadon Aya, banjur njupuk bagor, dijereng ana ing ngarepe ana ing dhuwur gunung parang, wiwit mangsa panen nganti tumeka tibane udan nelesi mayit-mayit iku. Ora oleh diparani manuk-manuk ing awang-awang ing wayah awan, utawa sato kewan ing alas ing wayah bengi.

11Bareng Sang Prabu mirsa apa kang ditindakake dening Rispa, anake wadon Aya, garwane ampeyan Sang Prabu Saul,

12Sang Prabu Dawud banjur tindak mundhut balung-balunge Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, kang putra, saka wong Yabesy-Gilead, kang padha nyolong balung-balung iku saka ing ara-ara ing Bet-San, ing panggonane anggone padha digantung dening wong Filisti, nalika wong Filisti padha ngasorake perange Prabu Saul ana ing Gilboa.

13Panjenengane ngusungi balung-balunge Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, kang putra. Balung-balunge wong-wong kang padha digantung mau iya padha dikumpulake,

14banjur dipetak bareng karo balung-balunge Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan kang putra ana ing tanah Benyamin, ing Zela, ing pasareane Sang Kisy, kang rama. Wong padha nindakake sakehe dhawuhe Sang Prabu Dawud; dene sawuse iku Gusti Allah nyembadani pandonga tumrap nagara iku.

Perang nglawan wong Filisti

15Nalika kelakon ana perang maneh antarane wong Filisti lan wong Israel, Sang Prabu Dawud kadherekake wadyabalane, banjur perang nglawan wong Filisti, nganti Sang Prabu Dawud sayah banget.

16Yisbi-Benob, kang kagolong turune wong kang ngedab-edabi gedhe dhuwure -- boboting tumbake telung atus sekel tembaga lan nyengkelit pedhang kang anyar -- ngira bisa nyedani Prabu Dawud.

17Nanging Sang Abisai bin Zeruya banjur mbiyantu Sang Prabu Dawud, nuli ngebrukake lan mateni wong Filisti iku. Ing wektu iku wadyabalane Prabu Dawud nyuwun kalawan banget marang panjenengane, unjuke: “Panjenengan dalem sampun ngantos nyarirani perang sesarengan kaliyan kawula, supados turunipun Israel sampun ngantos tumpes sareng kaliyan panjenengan dalem.”

18Sawuse iku kelakon ana perang maneh nglawan bala Filisti ana ing Gob; ing nalika samana Sibkhai wong ing Husa, ngasorake Saf, kang kagolong turune wong kang gedhe dhuwur ngeram-eramake.

19Banjur ana perang maneh nglawan bala Filisti ana ing Gob; Elhanan bin Yaare-Oregim, wong ing Betlehem, ngalahake Goliat, wong ing Gat, kang landheyaning tumbake kaya guluning abah-abah tenunan.

20Nuli ana perang maneh ing Gat; ing kono ana wong kang dhuwur dedege, drijining tangane lan sikile nenem: gunggunge cacah patlikur; wong iku uga kagolong turune wong kang ngedab-edabi gedhe dhuwure.

21Wong iku nyampahi bangsa Israel; iku nuli dipateni dening Yonatan bin Simea, kang raka Sang Prabu Dawud.

22Wong papat iku kagolong turune wong kang gedhe dhuwur ing Gat, iku padha tiwas dening astane Sang Prabu Dawud lan tangane para balane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel