Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 22 >> 

Kidung pamuji-sokure Sang Prabu Dawud

1Sang Prabu Dawud ngunjukake kidung pamuji sokur iki marang Sang Yehuwah, nalika Sang Yehuwah wus ngluwari Prabu Dawud saka tangane sakehing mungsuhe lan saka astane Sang Prabu Saul.

2Unjuke: “Dhuh Sang Yehuwah, peparang kawula, beteng pangungsen lan pamarta kawula.

3Gusti Allah kawula, peparang kawula, pangauban kawula, tameng kawula, singating karahayon kawula, kitha beteng kawula, papan pangungsen kawula, pamarta kawula; Paduka ingkang ngluwari kawula saking panganiaya.

4Kawula nguwuh: Pinujia Sang Yehuwah! Awit aku wus luwar saka tanganing mungsuhku.

5Lah, aluning antaka wus ngepung aku, banjiring pepati wus nyempyok aku;

6kendharating jagade wong mati wus nggubed aku, kalajireting pati wus pinasang ana ing ngarepku.

7Nalika aku nandhang karibedan, aku sesambat marang Sang Yehuwah, marang Gusti Allahku anggonku sesambat. Lan Panjenengane miyarsakake swaraku saka ing padalemane, pasambatku nyuwun pitulung tumama ing talingane.

8Bumi banjur horeg gonjang-ganjing, dhasaring langit geter lan horeg marga saka mulad-mulading bebendune.

9Kukus kumelun saka ing granane, geni melet-melet saka ing tutuke, mawa mengangah metu saka Panjenengane.

10Panjenengane mentiyungake langit, banjur tumedhak, petenging mendhung ana ing sangisoring padane.

11Panjenengane nitih kerub, banjur mesat, lan katon ana ing swiwining angin.

12Lan panjenengane damel pepeteng sakubenge dadi pakuwone, banyu udan kang peteng, mendhung kang kandel.

13Marga cahyaning kilat ing ngarsane mawa dadi mengangah.

14Sang Yehuwah ndhatengake gludhug saka ing angkasa, Kang Mahaluhur ngulukake swarane.

15Panah-panah padha linepasake, temah padha pating blesar, yaiku kilat thathit, temah padha buyar kabeh.

16Dhasar-dhasaring samodra banjur padha katon, tales-talesing jagad padha kaungkaban, marga dukane Sang Yehuwah lan sumiyuting napas saka granane.

17Panjenengane mulungake astane saka ing ngaluhur, nyandhak aku lan ngentasake aku saka ing banjir.

18Panjenengane ngluwari aku saka tangane mungsuhku kang prakosa, saka wong kang padha sengit marang aku, amarga karosane ngungkuli aku.

19Padha nyegat aku ing dinaku kang siyal, nanging Sang Yehuwah dadi lendhehanku.

20Panjenengane ngentasake aku menyang ing papan kang omber, Panjenengane ngluwari aku, amarga karenan marang aku.

21Sang Yehuwah nandukake marang aku apa kang laras karo kabeneranku, Panjenengane males marang aku timbang karo karesikaning tanganku.

22Amarga aku ngantepi anggonku lumaku ing margine Sang Yehuwah, lan ora nyingkur Allahku kaya dene wong duraka.

23Amarga aku nggatekake sakehing angger-anggere, lan ora nyleweng saka ing katetepane.

24Tindak-tandukku aja nganti cacad ana ing ngarsane, lan dakwekani aja nganti aku tumindak luput.

25Amarga Sang Yehuwah males marang aku miturut kabeneranku, lan karesikanku ana ing tingale.

26Tumrap tiyang setya, Paduka tumindak setya, tumrap tiyang ingkang tanpa cacad, Paduka tumindak tanpa cacad,

27tumrap tiyang ingkang suci Paduka tumindak suci, nanging tumrap tiyang ingkang nyleweng Paduka tumindak mbulat-mbulet.

28Bangsa ingkang tinindhes Paduka pitulungi, nanging tingal paduka nglawan tiyang-tiyang angkuh, badhe Paduka soraken.

29Amargi Paduka punika damar kawula, dhuh Sang Yehuwah, lan Sang Yehuwah madhangaken pepeteng kawula.

30Wonten ing patunggilan Paduka kawula wantun mapagaken grombolan, tuwin manawi kaliyan Gusti Allah kawula, kawula wantun nglumpati balowarti.

31Anadene Gusti Allah iku margine sampurna, sabdane Sang Yehuwah iku murni, Panjenengane iku dadi tameng tumrap sakehing wong, kang ngaub marang Panjenengane.

32Ujer sapa ta kang jumeneng Allah aliya Sang Yehuwah, lan sapa ta kang dadi peparang kajaba Gusti Allah kita?

33Mung Gusti Allah piyambak kang dadi pangungsenku kang santosa, lan ngrata dalanku;

34kang ndadekake sikilku prasasat sikil menjangan, lan ngadegake aku ana ing gunung;

35kang mulang tanganku ulah perang, temah tanganku bisa menthang gandhewa tembaga.

36Kawula ugi Paduka paringi tamenging karahayon kawula, lan sihkadarman Paduka sampun ngagungaken kawula.

37Paduka paring papan omber tumrap jangkah kawula, lan polok kawula boten keklok.

38Mengsah kawula, kawula oyak-oyak lajeng kawula tumpes, lan boten wangsul-wangsul saderengipun sami kawula sirnakaken;

39kawula sirnakaken lan kawula ejur, temah boten tangi malih, lan sami ambruk wonten ing sangandhaping suku kawula.

40Paduka sampun ningseti lambung kawula kanthi karosan tumrap ing perang. Tiyang-tiyang ingkang gumregah nglawan kawula, Paduka telukaken ing sangandhaping panguwaos kawula.

41Mengsah kawula Paduka dadosaken keplajeng saking kawula, tiyang ingkang nyengiti kawula, sami kawula tumpes.

42Sami sambat-sambat nedha pitulungan, nanging boten wonten ingkang mitulungi, sami ngadhuh-adhuh dhumateng Sang Yehuwah, nanging boten kaparingan wangsulan.

43Sami kawula giles ngantos kados lebuning siti, kawula gecak lan kawula idak-idak kados blethok ing margi.

44Lan Paduka nguwalaken kawula saking pasulayanipun bangsa kawula, Paduka rumeksa dhumateng kawula kados dene pangagengipun para bangsa; bangsa ingkang boten kawula tepangi sami ngabdi dhateng kawula.

45Tiyang ngamanca sami nungkul ngrerepa dhumateng kawula, saweg kemawon kupingipun mireng, lajeng sami sumuyud dhateng kawula.

46Tiyang ngamanca sami pucet aclum, lan gumeter medal saking betengipun.

47Sang Yehuwah iku agesang! Pinujia peparangku, linuhurna Gusti Allah paranging karahayonku.

48Gusti Allah kang malesake aku, lan nungkulake para bangsa ana ing sangisoring pangwasaku,

49tuwin wus ngluwari aku saka tanganing mungsuhku. Lan Paduka sampun ngluhuraken kawula ngungkuli ingkang tumandang nglawan kawula; Paduka sampun ngluwari kawula saking para juru panganiaya.

50Pramila kawula badhe ngidungaken pamuji sokur, konjuk dhumateng Paduka, dhuh Sang Yehuwah, wonten ing antawisipun para bangsa, lan kawula badhe ngidungaken masmur kagem asma Paduka.

51Panjenengane maringi karaharjan kang gedhe marang ratu kang dijumenengake, lan nandukake sihkadarman marang kang jinebadan, marang Dawud lan anak-putune nganti salawas-lawase.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel