Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 24 >> 

Pendhaftaran lan paukuman

1Bebendune Sang Yehuwah mungkat maneh marang wong Israel. Panjenengane nggosoki Prabu Dawud nglawan wong-wong iku, dhawuhe: “Mara lungaa lan cacahna wong Israel lan wong Yehuda.”

2Sang Prabu banjur dhawuh marang Sang Yoab lan para tetindhihing wadyabala liyane, kang padha seba: “Dlajahana sawratane tanah Israel wiwit ing Dhan tutug ing Bersyeba; para kawula padha cacahna, supaya ingsun pirsa sapira kehe.”

3Senapati Yoab banjur munjuk marang Sang Prabu: “Sang Yehuwah mugi mewahana kathahipun kawula tikela satus tinimbang ingkang sapunika tuwin mugi tingal dalem nguningani piyambak. Nanging kenging punapa dene gusti kawula Sang Prabu kok ngarsakaken ingkang kados makaten?”

4Ewadene dhawuhe Sang Prabu kapeksa kudu diestokake dening Senapati Yoab lan para senapati liyane. Senapati Yoab lan para senapati liyane nuli padha mangkat nindakake dhawuhe Sang Prabu, nganakake pendhaftaran ana ing antarane bangsa Israel.

5Padha nyabrang ing bengawan Yarden, banjur miwiti saka ing Aroer lan saka ing kutha, kang prenahe ana ing satengahing lebak, kang anjog ing Gad lan Yaezer.

6Banjur padha tekan ing Gilead lan Kadesy ing nagarane wong Het. Sabanjure padha menyang ing Dhan lan saka ing kono menggok ngener menyang Sidon.

7Banjur tekan ing panggonan kang ana betenge, Tirus, lan sakehing kuthane wong Hewi lan wong Kanaan; wekasan tekan ing laladan Yehuda sisih kidul, ing Bersyeba.

8Sawuse ndlajahi sawewengkone nagara kabeh banjur bali menyang ing Yerusalem, kelakone sangang sasi rong puluh dina.

9Senapati Yoab banjur ngaturi uninga marang Sang Prabu oleh-olehane cacah-jiwa. Wong Israel ana wolung atus ewu kang bisa asikep pedhang, lan wong Yehuda ana limang atus ewu.

10Nanging sawuse milang kawulane, Sang Prabu Dawud geter galihe, banjur munjuk marang Sang Yehuwah: “Kawula sampun nglampahi dosa ageng, awit nindakaken prakawis punika; dene sapunika dhuh, Sang Yehuwah, mugi abdi Paduka katebihna saking kalepatan punika, awit pratingkah kawula punika bodho sanget.”

11Bareng Sang Prabu wungu ing wayah esuk, Nabi Gad, wonge sidik Sang Prabu Dawud, seba mundhi pangandikane Sang Yehuwah, kang mangkene:

12“Lungaa, matura marang Dawud: Mangkene dhawuh pangandikane Sang Yehuwah: Telung prakara kang Suntawakake marang sira; pilihen salah siji, mesthi bakal Suntindakake.”

13Sawuse Nabi Gad sowan marang Sang Prabu Dawud ngaturi uninga marang Sang Prabu sarta munjuk: “Panjenengan dalem punapa milih wewengkon dalem kadhatengan paceklik laminipun tigang taun? Punapa panjenengan dalem milih tigang wulan keplajeng saking mengsah dalem lan dipun bujeng? Utawi milih kambah pageblug tigang dinten dangunipun? Lah sapunika sumangga kawula aturi nggalih lan nglimbang-limbang, wangsulan punapa ingkang kedah kawula unjukaken dhateng Ingkang ngutus kawula.”

14Sang Prabu ngandika marang Nabi Gad: “Sanget ribed manah kula, kajengipun kawula dhawah ing astanipun Sang Yehuwah, amargi ageng sihkadarmanipun; nanging sampun ngantos kula dhawah ing tanganipun manungsa.”

15Dadine Sang Yehuwah banjur ndhawahake pageblug ana ing satengahe wong Israel wiwit ing wayah esuk nganti tekan ing wektu kang wus katemtokake; dene kang mati saka ing Dhan tumeka ing Bersyeba, wong pitung puluh ewu.

16Nalika malaekat ngagagake astane marang Yerusalem arep ditumpes, Sang Yehuwah kaduwung galihe marga kasangsaran iku, banjur ngandika marang malaekat kang nekakake karusakan tumrap bangsa iku: “Wis cukup samene bae! Tanganira undurna!” Nalika iku malaekate Sang Yehuwah ana ing sacedhake panutone Arauna wong Yebus.

17Lan Sang Prabu munjuk marang Sang Yehuwah, nalika mirsa malaekat kang lagi ngrusak umat iku, mangkene: “Kawula sampun saestu damel dosa lan kalepatan, nanging menda-menda punika nglampahi punapa? Mugi asta Paduka nempuh dhateng kawula saha kulawarga kawula.”

Misbyah kaadegake ing sacedhake Yerusalem; Wewelake mandheg

18Ing dina iku uga Nabi Gad seba ing ngarsane Sang Prabu Dawud sarta munjuk marang Sang Prabu: “Panjenengan dalem kawula aturi tindak yasa misbyah kagem Sang Yehuwah wonten ing panutonipun Arauna, tiyang ing Yebus.”

19Sang Prabu Dawud banjur tindak miturut ature Nabi Gad, kaya dene kang kadhawuhake Sang Yehuwah.

20Nalika Arauna ndengengek lan ndeleng Sang Prabu rawuh kadherekake para abdine, Arauna banjur methukake sarta sumungkem marang Sang Prabu klawan raine konjem ing bumi.

21Unjuke Arauna marang Sang Prabu: “Punapa karsanipun gusti kawula Sang Prabu ngrawuhi ingkang abdi?” Paring wangsulane Sang Prabu Dawud: “Arep nuku panutonmu perlu kanggo yasa misbyahe Sang Yehuwah, supaya wewelak iki leren anggone nempuh rakyat.”

22Arauna banjur munjuk marang Sang Prabu: “Sumangga, gusti kawula Sang Prabu kawula aturi mundhut panuton kawula lan ngurbanaken punapa ingkang panjenengan dalem karsakaken; lah punika wonten lembu-lembu kadamela kurban obaran lan keseran-keseran panuton saha pasangan lembu punika kagema kangge kajeng bong.

23Sadaya punika, dhuh Sang Prabu, kaaturaken Arauna dhumateng Sang Prabu.” Arauna uga munjuk marang Sang Prabu: “Mugi-mugi Sang Yehuwah, Gusti Allah dalem, karenan galihipun dhateng Sang Prabu.”

24Nanging pangandikane Sang Prabu Dawud marang Arauna: “Ora mangkono, nanging ingsun arep mundhut saka sira sapira regane, amarga ingsun ora bisa nyaosake kurban obaran marang Sang Yehuwah, Gusti Allahingsun, tanpa mbayar apa-apa.” Sang Prabu banjur mundhut panuton lan sapi iku klawan rega seket sekel selaka.

25Sang Prabu Dawud tumuli ngadegake misbyah kagem Sang Yehuwah ana ing kono lan nyaosake kurban obaran lan kurban kaslametan. Sang Yehuwah banjur nyembadani donga panyuwun tumrap nagara kono lan wewelake leren anggone nempuh wong Israel.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel