Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 5 >> 

Sang Prabu Dawud jumeneng ratu ngereh satlatahe Israel kabeh

1Sakehe taler Israel kabeh banjur padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud ing Hebron sarta munjuk: “Kauningana, kawula punika sami tunggil rah saha tunggil daging kaliyan panjenengan dalem.

2Sampun lami, nalika Sang Prabu Saul ngereh kawula sadaya, panjenengan dalem ingkang mimpin sadaya mobah-mosikipun tiyang Israel. Saha Sang Yehuwah sampun ngandika dhateng panjenengan dalem: “Sira kang bakal ngengon umatingSun Israel lan sira kang jumeneng ratu mengku Israel.”

3Dadine sakehe para tuwa-tuwane Israel padha seba ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron; Sang Prabu banjur nganakake prajanjian karo para wong iku ana ing Hebron, ing ngarsane sang Yehuwah; wasana padha njebadi Sang Prabu Dawud dadi ratu mengku Israel.

4Sang Prabu Dawud yuswane telung puluh taun, nalika jumeneng ratu: patang puluh taun lawase anggone ngasta paprentahan.

5Ana ing Hebron panjenengane ngereh Yehuda pitung taun nem sasi lan ana ing Yerusalem anggone ngratoni satlatahe Israel lan Yehuda kabeh lawase telung puluh telu taun.

Sang Prabu Dawud ngrebat kutha Yerusalem lan dedalem ana ing kono

6Sang Prabu Dawud kadherekake para wadyabalane nglurug menyang Yerusalem, nempuh wong Yebus, kang ngenggoni nagara kono. Wong iku padha nguwuh marang Prabu Dawud: “Kowe mangsa bisaa mrene, wong wuta lan wong pincang bakal mbalekake kowe.” Karepe wong iku: Sang Prabu Dawud ora bakal bisa mlebet mrono.

7Nanging Sang Prabu Dawud bisa ngrebat kuthaning beteng Sion, yaiku kuthane Sang Prabu Dawud.

8Sang Prabu Dawud nalika samana wus ngandika: “Sapa kang arep nelukake wong Yebus kudu mlebu ngliwati ilen-ilen iki; Prabu Dawud gething banget marang wong wuta lan wong pincang.” Mulane ana bebasan: “Para wong wuta lan wong pincang ora kena mlebu ing omah.”

9Lan Sang Prabu Dawud banjur ngadhaton ana ing beteng kono, kang banjur kaparingan jeneng: Kuthane Sang Prabu Dawud. Panjenengane nyantosani kutha iku ing saubenge wiwit saka Milo manjero.

10Sang Prabu Dawud sangsaya suwe sangsaya gedhe pangwasane, amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi nunggil karo panjenengane.

Kratone Sang Prabu Dawud lan kulawargane

11Prabu Hiram, ratu ing nagara Tirus, nglampahake utusan marang ngarsane Sang Prabu Dawud lan ngintuni kayu eres sarta tukang kayu lan tukang batu; iku padha ngyasakake kraton Sang Prabu Dawud.

12Sang Prabu banjur manggretos, yen Sang Yehuwah wis netepake panjenengane dadi ratune Israel lan ngluhurake paprentahane marga saka Israel, umat kagungane.

13Sang Prabu Dawud banjur mundhut ampil lan garwa maneh saka ing Yerusalem, sawise pindhah dalem saka Hebron lan banjur kagungan putra kakung lan putri maneh.

14Iki asmane putra-putra kang miyos ana ing Yerusalem: Syamua, Sobab, Natan, Suleman,

15Yibkhar, Elisua, Nefeg, Yafia,

16Elisama, Elyada lan Elifelet.

Prabu Dawud nelukake wong Filisti

17Bareng wong Filisti padha krungu, yen Prabu Dawud wus dijebadi jumeneng ratu mengku Israel, kabeh banjur padha nglurug sumedya nyekel Prabu Dawud. Nanging Prabu Dawud mirsa prakara iku banjur mlebet ing beteng.

18Nalika wong Filisti padha nekani lan pating prenca ana ing lebak Refaim,

19Sang Prabu Dawud neges marang Sang Yehuwah: “Kawula punapa Paduka karsakaken mangsah perang nglawan tiyang Filisti punika? Punapa tiyang-tiyang punika badhe Paduka ulungaken dhateng ing tangan kawula?” Paring wangsulane Sang Yehuwah marang Prabu Dawud: “Majua perang, amarga Ingsun bakal ngulungake wong iku marang ing tanganira.”

20Sang Prabu Dawud banjur tindak menyang ing Baal- Perasim lan ngasorake wong iku ana ing kono. Pangandikane Sang Prabu: “Pangeran Yehuwah njebolake mungsuhku ana ing ngarepku kaya panjeboling banyu.” Mulane wong padha ngarani panggonan kono: Baal-Perasim.

21Wong Filisti padha ninggal brahalane kang ana ing kono, Sang Prabu Dawud sabalane padha ngusungi.

22Nalika bala Filisti nglurugi sapisan engkas lan pating prenca ana ing lebak Refaim,

23Sang Prabu Dawud neges marang Pangeran Yehuwah lan kaparingan wangsulan: “Aja methukake, nanging mubenga, nganti tekan ing saburine wong-wong iku, temah sira bisa nempuh saka urute wit-wit baka.

24Lan manawa sira krungu gumedruging sikil ing pucuking wit-wit baka iku, sira kudu tumandang cekat-ceket, amarga ing wektu iku Sang Yehuwah nyarirani perang ana ing ngarepira lan bakal ngasorake bala Filisti.”

25Sang Prabu Dawud iya banjur tumindhak mengkono, yaiku kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, temah bisa nggepuk bala Filisti, nganti kasoran, wiwit saka ing Geba tutug ing cedhake Gezer.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel