Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 7 >> 

Prasetyane Sang Yehuwah tumrap kulawarga lan karajane Prabu Dawud

1Nalika Sang Prabu Dawud ndalemi kedhatone lan sang Yehuwah wus paring katentreman luwar saka para mungsuh ing sakubenge,

2Sang Prabu ngandika marang Nabi Natan: “Lah kula punika manggen wonten ing griya kajeng eres, mangka pethinipun Gusti Allah wonten ing ngandhap tendha.”

3Nabi Natan tumuli matur marang Sang Prabu: “Inggih sumangga, panjenengan dalem nindakna punapa ingkang wonten ing panggalih dalem, awit Sang Yehuwah nunggil kaliyan panjenengan dalem.”

4Nanging bareng sawengi iku uga Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Natan:

5“Lah sira mangkata lan matura marang abdiningSun Dawud: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira apa arep yasa omah kagem Ingsun murih Sundalemi?

6Ingsun ora nate manggen ana ing omah wiwit Ingsun ngluwari Israel saka ing tanah Mesir, nganti saprene, nanging Ingsun tansah lelana ana ing kemah minangka padalemaningSun.

7Salawase Ingsun lelana karo wong Israel kabeh, apa Ingsun nate paring pangandika marang salah sawijining hakime wong Israel, kang Sundhawuhi ngengon umatingSun Israel mangkene: Yagene sira ora yasa omah kayu eres kagem Ingsun?

8Mulane sira matura marang abdiningSun Dawud mangkene: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados: Ingsun kang nimbali sira saka ing pangonan, nalika sira nggiring wedhus-wedhusira, supaya jumeneng ratu ngereh umatingSun Israel.

9Ingsun wus nunggil klawan sira ana ing sakehing panggonan kang sira liwati lan wus numpes sakehe mungsuhira saka ing ngarepira. Ingsun wus ngluhurake jenengira kaya jenenge wong agung kang ana ing bumi.

10Ingsun wis nyepaki papan tumrap umatingSun Israel lan Suntanem ana ing kono, temah bisa manggon ana ing omahe dhewe, ora digiri-giri lan ditindhes dening wong ambek siya kaya dhek biyen,

11wiwit Ingsun ngangkat para hakim tumrap umatingSun Israel, Ingsun paring karaharjan marang sira uwal saka sakehe mungsuhira. Ugi dipun pangandikakaken Sang Yehuwah dhateng panjenengan dalem: Yehuwah bakal maringi turun marang sira.

12Yen sira wus tumeka ing janji lan sira wus oleh palereman nunggal karo leluhurira, Ingsun bakal nangekake turunira ing sapungkurira, kang tuwuh saka sira lan Ingsun bakal nyantosakake karajane.

13Iya iku kang bakal yasa dalem kagem asmaningSun lan Ingsun bakal nyantosakake dhamparing karajane ing salawas-lawase.

14Ingsun bakal dadi Ramane lan dheweke dadi putraningSun. Samangsa nglakoni kaluputan, bakal Sunukum klawan penjalin, kang dianggo ing wong, lan kalawan gebug kang ditamakake dening anak-anaking manungsa.

15Nanging sihkadarmaningSun ora bakal sumingkir saka ing dheweke, kaya kang Sunsingkirake saka Saul, kang wus Sunedohake saka ing ngarepira.

16Kulawarga lan karajanira bakal santosa ing salawas-lawase ana ing ngarsaningSun lan dhamparira bakal santosa ing salawas-lawase.”

17Nabi Natan banjur matur marang Sang Prabu Dawud cundhuk karo pangandika iku lan ora siwah karo wahyu kang ditampa.

Donga panuwune Prabu Dawud

18Sang Prabu Dawud banjur lumebet, tumuli sowan ana ing ngarsane Sang Yehuwah sarta munjuk: “Kawula punika sinten, dhuh Pangeran Yehuwah, lan kulawarga kawula punika sinten, dene Paduka ndadosaken kawula ngantos kados makaten punika.

19Dhuh Pangeran Yehuwah, prakawis punika taksih kirang wonten ing tingal Paduka, milanipun Paduka sampun ngandika ugi bab kulawarganipun ingkang abdi ing wekdal ingkang taksih dangu saha paring sumerep dhateng kawula manungsa-manungsa ingkang badhe dhateng, dhuh Pangeran Yehuwah.

20Punapa ingkang saged dipun unjukaken Dawud dhumateng paduka langkung saking punika? Paduka rak sampun uninga bab ingkang abdi punika, dhuh Pangeran Yehuwah?

21Margi saking pangandika Paduka saha miturut panggalih Paduka, Paduka sampun nindakaken sadaya prakawis ingkang ageng punika saha Paduka sumerepaken dhateng ingkang abdi punika.

22Pramila Paduka punika agung, dhuh Pangeran Yehuwah awit boten wonten ingkang nyameni Paduka lan boten wonten Allah sanesipun malih kajawi Paduka miturut sadaya ingkang kawula pirengaken srana kuping kawula.

23Lan pundi wonten bangsa ingkang kados umat Paduka Israel ing salumahing bumi, ingkang Gusti Allahipun tumindak ngluwari bangsa punika, kadadosaken umatipun, supados angsala asma kagem Panjenenganipun srana nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang ageng lan nggegirisi kangge tiyang-tiyang punika, lan nundhungi para bangsa lan para allahipun saking ngajenging umatipun?

24Paduka sampun ngangkat umat Israel dados umat Paduka kangge ing salaminipun saha Paduka dados Allahipun, dhuh Yehuwah.

25Dene sapunika, dhuh Yehuwah Allah, Paduka mugi netepana prasetya ingkang Paduka ngandikakaken, kangge ing salaminipun tumrap ingkang abdi punika saha kulawarganipun, punapa dene mugi Paduka tindakaken kados ingkang Paduka prasetyakaken punika.

26Asma Paduka lajeng badhe dados agung ing salami-laminipun, temah tiyang nyebut Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumados, Gusti Allahipun Israel; kulawarganipun ingkang abdi Dawud badhe lestantun santosa wonten ing ngarsa Paduka.

27Awit Paduka, Gustining sarwa dumados, Gusti Allahipun Israel, sampun nglairaken dhateng ingkang abdi punika makaten: Ingsun bakal mbangun turun kanggo sira. Punika sebabipun ingkang abdi lajeng kumawantun ngunjukaken pandonga punika dhateng Paduka.

28Margi saking punika, dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah lan sadaya pangandika Paduka punika kayektosan. Paduka sampun njanjekaken prakawis ingkang sae punika dhateng ingkang abdi.

29Pramila sapunika Paduka mugi karsaa mberkahi kulawarganipun ingkang abdi punika, supados lestantun wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun. Amargi, dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka piyambak ingkang ngandika saha margi saking berkah Paduka, kulawarganipun ingkang abdi binerkahan ing salami-laminipun.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel