Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 4 >> 

1Sang Prabu nuli yasa misbyah tembaga kang dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta, lan dhuwure sepuluh asta.

2Sawuse iku banjur damel “segaran” cithakan jembare saka pinggir tekan pinggir sepuluh asta, wangune bunder kepleng, jerone limang asta, kubenge manawa kaukur nganggo tali ana telung puluh asta.

3Ing pinggire sisih ngisor ana gambare sapi-sapi ing sakubenge nganti kemput, saben saasta sapuluh, nganti sakempute “segaran” iku; sapine jejer loro, kacithak iras-irasan karo wadhahe.

4“Segaran” mau tumumpang ing sapi rolas, telu marep mangalor, telu marep ngulon, telu marep ngidul lan telu marep ngetan; “segaran” iku tumumpang ing dhuwure, dene buntute manjero.

5“Segaran” mau kandele saepek-epek, dene lambene kawangun kaya lambening tuwung, kayadene kembang bakung kang mekar. “Segaran” iku bisa isi banyu telung ewu bat.

6Sarta maneh banjur damel jembangan sepuluh, kang lima diprenahake ing sisih tengen lan kang lima ing sisih kiwa, iku kanggo ngengumbah; apa kang kanggo kurban obaran iku dikumbah ana ing kono, dene “segaran” mau kanggo para imam kagawe sesuci.

7Sang Prabu nuli damel padamaran emas pitu miturut rancangane, iku kadekek ing Padaleman Suci, lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa.

8Sabanjure yasa meja sepuluh kang kaprenahake ing Padaleman Suci, lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa; nuli uga damel bokor panyiraman emas satus.

9Banjur uga damel plataraning para imam lan plataran amba, apadene lawang-lawanging plataran iku; lawang-lawang mau kalapis tembaga.

10“Segarane” kaprenahake ing sisih tengen ing kidul wetan.

11Huram iya gawe kwali, susuk tuwin bokor-bokor panyiraman. Mangkono Huram anggone ngrampungake pagawean kang kudu katindakake awit saka dhawuhe Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Allah,

12yaiku: tugu loro karo krebil mblendhuk loro kang tumumpang ing dhuwure tugu mau, nam-naman loro kang ngrodhongi krebil mblendhuk loro iku;

13apadene tetironing dlima patang atus kanggo namnaman loro mau, dlima rong larik kanggo siji-sijining nam-naman kang kagawe ngrodhongi krebil mblendhuk loro kang ana ing dhuwure tugu mau.

14Uga wus gawe kretan-kretan panuwak lan jembangan-jembangan kang tumumpang ing dhuwure kretan-kretan iku.

15“Segaran” siji lan sapi rolas ana ing ngisore.

16Kwali-kwali, susuk-susuk, porok-porok lan sakehe piranti liyane kang digawe dening Huram-Abi awit saka dhawuhe Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Yehuwah iku bakale tembaga sanglingan.

17Sang Prabu anggone dhawuh nyithaki iku ana ing Lebak Yarden nganggo lempung, ing antarane Sukot lan Zereda.

18Sang Prabu Suleman anggone damel piranti-piranti iku cacahe akeh banget, nganti bobote tembagane ora kena kaetung.

19Sang Prabu Suleman uga damel sakehe piranti kang kanggo ing padalemaning Allah, yaiku misbyah lan meja-meja kanggo ndekek roti sesaosan,

20sarta maneh padamaran-padamaran emas murni dalah damar-damare, kang bakal padha disumedi ana ing sangarepe kamar mburi miturut pepacak;

21tetironing kembang, damar-damare lan sapit-sapite emas, kabeh kang digawe emas murni;

22lading-ladinge, bokor-bokore panyiraman, piring-piringe lan padupan-padupane kang digawe emas murni; uga lawange kang anjog ing padaleman iku lan lawang-lawang kang ana ing sisih njero kang anjog ing pasucen pinunjul, lan lawang-lawang kang anjog ing dalem gedhe ing Padaleman Suci, iku kabeh kang digawe emas murni.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel